1 Saka Paulus, wong ukuman marga saka Kristus Yésus, lan saka Timotius sadulur kita tunggal pracaya marang Filémon kang kinasih, kancaku tunggal gawé,
2 lan marang Apfia, sadulurku wadon tunggal pangandel, sarta marang Arkhipus, kanca kita sapagawéan, tuwin marang pasamuwan kang ana ing omahmu.
3 Sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka Allah Rama kita lan saka Yésus Kristus, anaa ing kowé kabèh.
4 Aku saos sokur marang Allahku, samangsa aku ngèlingi kowé sajroné pandongaku,
5 sabab aku wis krungu bab katresnanmu marang para suci lan bab pracayamu marang Gusti Yésus.
6 Lan aku ndongakaké, supaya anggonmu tunggal pracaya iku mèlu mbangun kawruh prakara-prakara kang utama ana ing antara kita kagem Kristus.
7 Saka katresnanmu, aku wis nampa kabungahan gedhé lan pambombong marga kowé wus nglipur atiné para suci, Sadulurku!
8 Marga saka iku, sanadyan ana sajroning patunggilané Kristus, aku bisa baé awèh préntah marang kowé bab apa kang wajib koklakoni,
9 éwasamono ngèlingi katresnanmu iku, luwih prayoga yèn aku duwé panjaluk marang kowé mangkéné: Aku Paulus kang wus tuwa, luwih-luwih saiki kinunjara marga saka Kristus Yésus,
10 duwé panjaluk marang kowé, bab anakku kang daktemu nalika aku ana ing sajroné pakunjaran, yaiku Onésimus.
11 Biyèn, wong iku pancèn ora migunani marang kowé, nanging saiki maédahi banget marang kowé, samono uga marang aku.
12 Wong mau, kang dadi woding atiku, dak kongkon bali mèlu kowé.
13 Sanyatané, mauné arep dakendheg ana ing pakunjaran, minangka sesulihmu ngladèni aku sajroné dikunjara marga saka Injil,
14 nanging tanpa palilahmu, aku ora wani tumindak apa-apa, supaya prakara kang becik iku aja nganti kok tindakaké kaya-kaya kanthi kapeksa, nanging kanthi lega-lila.
15 Sabab, mbokmenawa sarana patrap mangkono iku wong mau kapisahaké saka kowé kanggo sawatara mangsa, supaya kowé bisa mengku ing salawasé,
16 ora kaya batur manèh, nanging luwih saka iku, yaiku kayadéné sadulur tunggal pracaya kang kinasih. Kanggoné aku, pancèn iya wus mangkono iku, saya manèh tumrap kowé, dadia cara kamanungsan semono uga ana ing Gusti.
17 Yèn aku kokanggep kanca tunggal pracaya, wong iku iya tampanana kaya anggonmu nampani aku dhéwé.
18 Déné yèn wong mau wis gawé rugimu, utawa utang marang kowé, aku kang bakal nanggung --
19 aku Paulus, kang nanggung kanthi tulisaning tanganku iki: Aku kang bakal nglunasi. Beciké aku aja nganti ngucap, "Menawa kowé uga utang marang aku", yaiku awakmu dhéwé.
20 Sadulurku, muga-muga kowé migunanana tumrap aku ana ing Gusti: Lipuren atiku ana ing Kristus.
21 Kanthi ngugemi ing pambangun-turutmu, layang iki daktulis kanggo kowé. Aku mangerti yèn kowé bakal tumindak ngluwihi panjalukku.
22 Kajaba saka iku, aku uga cawisana pamondhokan, marga saka pandongamu, aku duwé pangarep-arep yèn aku bakal bisa bali manèh.
23 Salam marang kowé saka Épafras, kancaku sapakunjaran marga saka Kristus Yésus,
24 lan saka Markus, Aristarkhus, Démas lan Lukas padha kancaku sapagawéan.
25 Sih-rahmaté Gusti Yésus Kristus nunggila ing rohmu!

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Filemon 1
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Filemon 1

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke