1 Bareng Yésus wis mungkasi pangandika iku mau, Panjenengané banjur tindak saka Galiléa menyang wilayah Yudéa ing sabrangé Yardèn.
2 Wong golongan padha gumrudug ndhèrèkaké tindaké, Panjenengané nuli nyarasaké wong-wong iku ana ing kono.
3 Para Farisi banjur marek ing ngarsané, sumedya nyoba Panjenengané, aturé, "Tiyang punapa dipun parengaken megat sémahipun awit saking sadhèngaha sabab?"
4 Panjenengané paring wangsulan, "Apa kowé padha ora maca, yèn Kang Nitahaké anggoné nitahaké manungsa wiwit wiwitan mula wus arupa lanang lan wadon?
5 Lan pangandikané: Mulané wong lanang iku kudu ninggal bapa-biyungé sarta banjur manunggal karo rabiné, temah loro-loroné dadi daging siji.
6 Mulané wus mari dadi loro, mung daging siji. Awit saka iku, apa kang wis katunggilaké déning Allah, aja ana manungsa kang misahaké."
7 Para Farisi mau nuli munjuk marang Panjenengané, "Manawi makaten, punapaa déné Musa dhawuh supados nyukani serat pegat manawi megat sémahipun?"
8 Panjenengané banjur ngandika marang wong-wong iku, "Marga saka wangkoting atimu, Musa marengaké kowé megat bojomu, nanging wiwitan mula ora mangkono.
9 Malah Aku pitutur marang kowé: Sing sapa megat rabiné, kejaba jalaran saka laku jina lan banjur rabi karo liyané, iku dadi laku bandrèk."
10 Para sakabat tumuli padha munjuk marang Panjenengané, "Manawi kados makaten punika kawontenanipun tiyang ingkang sesémahan, langkung saé mboten émah-émah."
11 Nanging Panjenengané ngandika marang para sakabat, "Ora kabèh wong nyandhak marang tembungku, mung kang wis padha kaparingan bisa ngerti.
12 Ana wong kang ora bisa omah-omah, awit wiwit lair saka ing guwa-garbané ibuné, kaanané wis kaya mangkono lan ana wong kang didadèkaké mangkono déning wong liya lan ana manèh kang nggawé awaké dhéwé mangkono saka karepé dhéwé marga saka Kratoning Swarga. Sing sapa bisa ngerti, iku mangertia."
13 Tumuli ana wong kang padha nggawa bocah cilik-cilik marang ngarsané Yésus, supaya ditumpangana asta sarta didongakaké; nanging banjur padha disrengeni déning para sakabat.
14 Nanging Yésus ngandika, "Cikbèn bocah-bocah iku, aja kokalang-alangi anggoné padha marek ing ngarsaku, sabab Kratoning Swarga iku duwèké wong-wong kang kaya mangkono iku."
15 Panjenengané nuli numpangi asta marang bocah-bocah mau, banjur tindak saka ing kono.
16 Lah tumuli ana wong anom marek ing ngarsané Yésus lan matur, "Gusti, kasaénan kados punapa ingkang kedah kula lampahi, supados kula ngalami gesang langgeng?"
17 Panjenengané ngandika marang wong iku, "Apa sababé, déné kowé takon marang Aku bab apa kang becik? Kang becik iku mung Siji. Éwadéné menawa kowé kepéngin lumebu ing urip, tetepana sakèhing pepakon."
18 Unjuké wong mau, "Pepakèn ingkang pundi?" Yésus tumuli dhawuh, "Sira aja mematèni, sira aja laku jina, sira aja nyenyolong, sira aja ngucapaké paseksi goroh.
19 Sira ngajènana bapa-biyungira lan sira tresnaa marang sapepadhanira kaya marang awakira dhéwé."
20 Unjuké wong anom iku marang Panjenengané, "Punika sadaya sampun kula tetepi, kula taksih kirang punapa malih?"
21 Yésus ngandika marang wong iku, "Yèn kowé arep sampurna, wis lungaa, barang darbèkmu kabèh dolana, lan pepayoné kabèh wènèhna marang wong miskin, satemah kowé oléh bandha ana ing swarga, banjur mrénéa, mèlua Aku."
22 Bareng krungu pangandika kang mangkono iku, banjur mundur kalawan sedhih, amarga wong anom mau duwé bandha akèh.
23 Yésus tumuli ngandika marang para sakabaté, "Satemené Aku pitutur marang kowé, yèn wong sugih iku angèl banget bisané lumebu ing Kratoning Swarga.
24 Sapisan manèh Aku pitutur marang kowé, luwih gampang unta lumebu ing bolonganing dom katimbang wong sugih lumebu ing Kratoning Allah."
25 Para sakabaté bareng krungu kang kaya mangkono iku, padha ilang babar pisan semangaté sarta padha ngunandika, "Yèn mangkono iku, sapa kang bisa kaslametaké?"
26 Yésus banjur mandeng marang para sakabat sarta ngandika, "Tumraping manungsa bab iku mokal, nanging mungguhing Allah samubarang kabèh bisa kelakon."
27 Pétrus tumuli matur, unjuké, "Kawula sadaya punika sampun sami nilar samukawis lajeng ndhèrèk Panjenengan; ingkang punika kawula sami badhé angsal punapa?"
28 Yésus banjur ngandika, "Satemené Aku pitutur marang kowé, bésuk ing waktuning pamulihan, menawa Putraning Manungsa lenggah ing dhampar kamulyan, kowé kang wis padha ndhèrèk Aku, iya bakal linggih ing dhampar rolas sarta ngadili taler Israèl rolas.
29 Lan saben wong kang marga saka jenengku wus ninggal omahé, saduluré lanang utawa wadon, bapa-biyungé, anak-anaké apadéné palemahané, iku bakal tampa sembulih tikel satus lan bakal olèh warisan urip langgeng.
30 Ananging akèh pangarep kang bakal dadi pamburi lan para pamburi bakal dadi pangarep."

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Matius 19
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Matius 19
Studi Alkitab dengan Video LUMO, silahkan lihat LUMO Indonesia :: Matius

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke