1 Saben wong kang pracaya menawa Yésus iku Kristus, iku lairé saka ing Allah, lan saben wong kang tresna marang kang mutrakaké, iku iya tresna marang kang diputrakaké Panjenengané.
2 Anggon kita mangerti yèn kita padha nresnani para putraning Allah, yaiku menawa kita padha tresna marang Allah sarta netepi pepakoné.
3 Amarga iya iki katresnan marang Allah, yaiku yèn kita padha netepi pepakoné. Pepakon-pepakoné iku ora abot,
4 amarga kabèh kang lair saka Allah iku ngalahaké jagat. Lan iki kaunggulan kang ngalahaké jagat, yaiku: pracaya kita.
5 Sapa ta kang ngalahaké jagat, kajaba wong kang pracaya menawa Yésus iku Putrané Allah?
6 Iki Panjenengané kang rawuhé sarana banyu lan getih, yaiku Yésus Kristus, ora mung kalawan banyu baé, nanging kalawan banyu lan getih. Déné Roh iku kang paring paseksi, amarga Roh iku kayektèn.
7 Awit ana telu kang padha paring paseksi [ana ing swarga: Rama, Sang Sabda lan Roh Suci; sarta kateluné iku siji.
8 Lan ana telu kang dadi seksi ana ing bumi]: Roh lan banyu sarta getih lan kateluné iku siji.
9 Kita padha nganggep marang paseksiné manungsa, ananging paseksiné Allah iku ngluwihi. Amarga iki paseksiné Allah, yaiku: Panjenengané aneksèni mungguhing Kang Putra.
10 Sing sapa pracaya marang Putraning Allah, iku nduwèni paseksi mangkono ana ing batiné; sing sapa kang ora pracaya marang Allah, iku nganggep Panjenengané dora, amarga ora ngandel marang paseksi kang wis kaparingaké Allah mungguhing Kang Putra.
11 Anadéné paseksiné yaiku: Allah wus maringaké urip kang langgeng, lan urip iku dumunung ana ing Sang Putra.
12 Sapa kang nduwèni Sang Putra, iku nduwèni urip. Sapa kang ora nduwèni Putraning Allah, iku ora nduwèni urip.
13 Kabèh iku mau daktulis marang kowé, supaya kowé kang padha pracaya marang asmané Putraning Allah, padha sumurupa yèn kowé kabèh iku padha nduwèni urip langgeng.
14 Anggon kita tatag ing pracaya marang Panjenengané, jalaran Panjenengané mesthi nyembadani pandonga kita, samangsa kita nyuwun apa-apa marang Panjenengané, kang nyondhongi ing karsané.
15 Lan menawa kita padha sumurup yèn Panjenengané nyembadani apa baé, kang kita suwun, dadiné kita padha sumurup uga, yèn kita wis tampa apa kang kita suwun marang Panjenengané.
16 Menawa ana wong kang weruh saduluré tunggal pracaya nglakoni dosa, yaiku dosa kang ora nekakaké pati, iku ndedongaa marang Gusti Allah, temah Panjenengané bakal maringi urip marang wong iku, yaiku kang padha gawé dosa kang ora nekakaké pati. Ana dosa kang nekakaké pati: Yèn tumrap iku, aku ora akon ndongakaké.
17 Sakèhing piala iku dosa, nanging ana dosa kang ora nekakaké pati.
18 Kita sumurup, yèn saben wong kang lair saka Allah iku ora gawé dosa, nanging kaayoman déning Panjenengané, kang miyos saka ing Allah, temah si pangawak dursila ora bisa nggepok wong mau.
19 Kita sumurup, yèn asal kita saka ing Allah, lan sajagat kabèh kawengku déning pangawak dursila.
20 Nanging kita padha sumurup, yèn Putraning Allah wis rawuh sarta wis maringi pangertèn marang kita, supaya kita wanuh marang Kang Sejati; lan kita dumunung ana ing Kang Sejati, ana ing patunggilané Kang Putra Yésus Kristus. Panjenengané iku Allah Kang Sejati lan gesang kang langgeng.
21 Anak-anakku, padha diwaspada marang sakèhé brahala.