1 Anadéné karepku, para Sadulur, supaya kowé padha mangerti, yèn para leluhur kita padha ingauban ing méga, lan kabèh wus padha lumaku nratas sagara.
2 Supaya dadi pandhèrèké Musa, kabèh wus padha kabaptis sarana méga lan sarana sagara.
3 Wong kabèh mangan pangan kasukman kang padha,
4 lan wong kabèh ngombé ombèn-ombèn kasukman kang padha uga, awit padha ngombé saka ing parang kasukman kang ngetutaké lakuné; déné parang mau yaiku Kristus.
5 Éwadéné akèh saka panunggalané kang padha ora ndadèkaké keparengé Allah, iku padha katumpes ana ing pasamunan.
6 Kabèh iki mau wis kelakon minangka tuladha lan pepéling tumrap kita, supaya kita aja nganti padha kepéngin marang piala, kaya kang wis katindakaké déning wong-wong mau,
7 lan kita aja nganti padha dadi wong nyembah brahala kaya sawenèhing panunggalané, kaya kang katulis, suraosé, "Wong sabangsa iku padha lungguh, mangan lan ngombé; banjur padha ngadeg lan seneng-seneng jejogèdan."
8 Kita aja padha laku cabul, kaya kang padha katindakaké déning sawenèhing panunggalané, temahan ana wong telu likur èwu kang padha mati sadina.
9 Karomanèh kita aja padha nyoba marang Kristus, kaya kang padha katindakaké déning sawenèhing panunggalané, satemah padha tiwas déning ula.
10 Sarta aja padha grundelan kaya sawenèhing panunggalané, satemah padha ditumpes déning malaékating pati.
11 Kabèh iki mau wus tumempuh marang wong-wong mau minangka conto, lan katulis supaya dadi pepéling tumrap kita kang padha urip ing pungkasaning jaman kang wus wiwit kelakon.
12 Mulané sapa kang rumangsa ngadeg jejeg, dingati-ati aja nganti tiba!
13 Kang padha kokalami iku pacoban-pacoban kang lumrah, kang ora ngluwihi kakuwataning manungsa. Sabab Allah iku setya tuhu, mulané ora bakal négakaké kowé kacoba ngluwihi saka ing kakuwatanmu. Menawa kowé kena ing pacoban, Panjenengané bakal maringi dalaning pangluwaran, satemah kowé padha bisa tahan.
14 Mulané para Sadulurku kinasih, padha nyingkirana panyembahing brahala.
15 Aku pitutur marang kowé iku kaya marang wong kang padha duwé pangertèn. Padha timbangen dhéwé apa kang dakpituturaké!
16 Tuwunging pamuji sokur kang kita sukuri iku, apa ora dadi wujuding patunggilan kalawan rahé Kristus? Apa roti kang kita cuwil-cuwil iku ora dadi wujuding patunggilan kalawan sarirané Kristus?
17 Sarèhné rotiné iku mung siji, mulané kita kang akèh, dadi badan siji; marga kabèh padha olèh panduman saka roti siji iku.
18 Padha titènana bangsa Israèl jasmani: Wong kang padha mangan kurban iku rak padha ndhèrèk ing paladosaning misbyah, ta?
19 Apa ta kang dakkarepaké kandha mangkono iku? Apa sesajèning brahala iku ana tegesé? Utawa, apa brahala iku ana maknané?
20 Ora! Déné kang dakkarepaké, sesajèné wong-wong iku mau tumuju marang roh-roh jahat, ora marang Allah. Lan ora dadi karepku yèn kowé padha tetunggalan karo para roh jahat.
21 Ora bisa kowé padha ngombé ing tuwungé Gusti lan iya saka ing tuwungé para roh jahat. Ora bisa kowé padha tampa panduman ing méjané Gusti lan iya ing méjané para roh jahat.
22 Utawa apa kita nedya memungu bentèring panggalihé Gusti? Apa iya karosan kita ngungkuli Panjenengané?
23 "Samubarang diparengaké", nanging ora samubarang iku maédahi. "Samubarang diparengaké", nanging ora samubarang mbangun.
24 Aja nganti ana wong kang mung golèk untungé dhéwé, nanging saben wong ngaraha untunging liyan.
25 Kowé padha kena mangan apa baé kang diedol ana ing pasar daging, aja nganggo neges apa-apa marga saka osiking ati.
26 Sabab, "bumi saisiné kabèh iku kagungané Pangéran."
27 Menawa kowé padha diulemi déning wong kang ora pracaya, lan uleman iku koktampani, padha mangana apa baé kang disuguhaké marang kowé, aja nganggo neges apa-apa marga saka osiking ati.
28 Nanging yèn ana wong kang ngandhani kowé, "Iku sesajèning brahala!" aja kokpangan, marga saka kang ngandhani mau lan iya awit saka osiking ati.
29 Kang dakkarepaké osiking ati iku dudu osiking atimu dhéwé, nanging osiking atiné wong liya iku. Mbokmenawa ana wong kandha, "Yagéné ta, déné kamardikanku kok ditemtokaké déning osiking atiné wong liya?
30 Menawa aku mèlu mangan apa-apa kanthi saos sokur, yagéné aku kok dicacad marga saka panganan kang daksukuri iku mau?"
31 Mulané, dadia kowé mangan, dadia kowé ngombé, dadia nglakoni apa baé liyané, kabèh iku mau lakonana kagem kaluhurané Allah.
32 Kowé aja nganti padha gawé sandhungan, dadia marang wong Yahudi, dadia marang wong Yunani, apadéné marang pasamuwané Allah.
33 Dikaya aku iki iya ngarah nglegakaké atiné wong kabèh ing bab apa baé, ora kanggo kapreluanku dhéwé, nanging kanggo kabutuhané wong akèh, supaya padha kaslametaké.