1 Bareng Sang Cempé iku mbikak sègel kang kapitu, ing swarga banjur sidhem-premanem watara satengah jam suwéné.
2 Tumuli aku weruh malaékat pitu kang marak ing ngarsaning Allah, padha kaparingan kalasangka pitu.
3 Banjur ana malaékat liyané kang nungka lan jumeneng cedhak misbyah kalawan ngasta padupan mas. Nuli padha kaparingan dupa akèh supaya dianggo sesaosan bebarengan karo pandongané para suci ana ing misbyah mas kang ana ing ngarepé dhampar iku.
4 Kukusé dupa kumelun awor karo pandongané para suci iku saka ing astané malaékat mau marang ing ngarsané Allah.
5 Malaékat mau tumuli mundhut padupan mas iku, diisèni geni saka misbyah, lan iku banjur diuncalaké ing bumi. Nuli ana swara gumlegering gludhug bebarengan karo bledhèg sarta lindhu.
6 Malaékat pepitu kang ngasta kalasangka pitu mau banjur padha cecawis arep ngungelaké kalasangkané.
7 Malaékat kang kapisan banjur ngungelaké kalasangkané, nuli ana udan ès, lan geni, campur getih; lan kabèh mau kauncalaké menyang bumi; temah saprateloné bumi lan saprateloné wit-witan kobong sarta sakèhé sesuketan ijo padha geseng.
8 Malaékat kang kapindho nuli ngungelaké kalasangkané banjur ana rerupan saèmper gunung gedhé kang murub, kaceguraké ing sagara. Temah saprateloné sagara iku dadi getih,
9 lan makluk ing sagara kang duwé nyawa saprateloné padha mati tuwin saprateloné prau-prau padha tumpes.
10 Malaékat kang katelu nuli ngungelaké kalasangkané, banjur ana lintang gedhé tiba saka langit, murub kaya obor, sarta nibani saprateloné kali-kali lan etuk-etuking banyu.
11 Anadéné lintang mau jenengé Apsintus. Satemah saprateloné sakèhing banyu dadi pait, njalari akèh wong kang padha mati marga saka banyu mau, awit wus dadi pait.
12 Malaékat kang kapat banjur ngungelaké kalasangkané, nuli saprateloné srengéngé lan saprateloné rembulan tuwin saprateloné lintang-lintang katempuh, temah saprateloné iku kabèh padha dadi peteng, lan saprateloné rina ora padhang, sarta wenginé iya mangkono uga.
13 Aku banjur weruh, lan krungu ana manuk garudha mabur dhuwur ing langit lan ngucap kanthi swara sora, "Bilai, bilai, bilai wong kang manggon ana ing bumi, awit saka swara kalasangkané malaékat telu liyané, kang isih bakal ngungelaké kalasangkané."

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Wahyu 8
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Wahyu 8

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke