1 Saka aku pinituwa, marang Ibu kang pinilih lan anak-anaké kang padha daktresnani ing sajroning kayektèn. Ora mung aku baé kang nresnani kowé kabèh, nanging dalah sakèhing wong kang wis padha ngawruhi kayektèn,
2 marga saka kayektèn kang tetep dumunung ana ing kita lan bakal nunggal karo kita nganti salawas-lawasé.
3 Sih-palimirma, rahmat lan tentrem-rahayu saka Allah Sang Rama lan saka Yésus Kristus, Putrané Sang Rama, bakal nunggal klawan kita sajroning kayektèn lan katresnan.
4 Aku bungah banget déné nyumurupi, menawa ana anak-anakmu sawatara kang padha urip ing sajroning kayektèn, cundhuk karo pepakon kang wis kita tampani saka Sang Rama.
5 Lan samengko panjalukku marang kowé, ibu, -- aja kok anggep aku nulis pepakon anyar kanggo kowé, nanging kang daktulis iki miturut pepakon kang wis kita duwèni wiwit wiwitan mula -- supaya kita padha tresna-tinresnan.
6 Déné katresnan iku, kita kudu urip manut pepakoné. Lan pepakon iku, yaiku supaya kowé padha urip sajroning katresnan, kaya anggonmu wis padha krungu saka wiwitan mula.
7 Awit wis akèh juru panasaran kang padha jumedhul lan ndlajahi salumahing bumi, kang ora ngakoni menawa Yésus Kristus wis rawuh dadi manungsa. Iku si juru panasaran lan antikristus.
8 Padha diwaspada, supaya kowé aja nganti padha kélangan apa kang wis padha dakgarap, satemah anggonmu padha nampa ganjaranmu sampurna.
9 Saben wong kang nyimpang lan ora dumunung ana ing piwulangé Kristus, iku ora nduwèni Allah. Sing sapa dumunung ana ing piwulang iku, nduwèni Sang Rama lan Sang Putra pisan.
10 Menawa kowé padha katekan wong kang ora ngemban piwulang iku, aja koktampa ana ing omahmu, lan aja kokuluki salam.
11 Sabab sapa kang nguluki salam wong iku, kalépétan panggawéné kang ala.
12 Sanadyan akèh kang kudu daktulis marang kowé, aku ora gelem nulis nganggo kertas lan mangsi, nanging pangarep-arepku bakal teka dhéwé, banjur rerembugan adu-arep karo kowé kabèh, supaya kabungahan kita bisa sampurna.
13 Salam marang kowé kabèh saka anak-anaké sadulurmu wadon kang pinilih.