1 Wong-wong padha élingna, supaya padha sumuyud marang pamaréntah lan para kang ngasta pangwasa, mbangun-turuta sarta padha cumadhang marang sadhéngah panggawé becik.
2 Aja padha nyenyamah, aja padha regejegan, nanging padha disumanak lan dialus ing budi marang sadhéngah wong.
3 Amarga ing mauné urip kita iya padha tanpa budi: wangkal, nasar, kawengku ing hawa-napsu rupa-rupa lan kanikmatan kadonyan, urip ing sajroning piala lan drengki, rusuh, sengit-sinengitan.
4 Nanging bareng kamirahaning Allah, Pamarta kita, wis kababar, sarta katresnané marang manungsa,
5 ing waktu iku Panjenengané nylametaké kita, ora marga saka panggawé becik kang wis kita lakoni, nanging marga saka sih-rahmaté sarana padusan-lair-manèh lan marga kaanyaraké déning Roh Suci,
6 kang wis kaparingaké marang kita déning Yésus Kristus, Pamarta kita,
7 supaya kita, kang wis kabeneraké déning sih-rahmaté, padha wenang nampani urip langgeng, cundhuk karo pangarep-arep kita.
8 Iki tembung kang satuhu lan karepku supaya kowé kanthi yakin luwih ngantepaké, supaya wong-wong kang wis padha pracaya marang Allah, padha ngudi kanthi temen-temen nglakoni panggawé becik. Iku kang prayoga lan migunani tumrap manungsa.
9 Nanging singkirana bebantahan kang ora teges, prakara sarasilah, apadéné padudon lan regejegan bab angger-anggering Torèt, amarga kabèh iku ora ana gunané sarta muspra.
10 Wong kang njalari crah, menawa wis kokpituturi pisan, pindho, iku adohana.
11 Kowé mangerti, yèn wong kang kaya mangkono iku nasar temenan lan ngukum awaké dhéwé kalawan dosané.
12 Sawisé aku kongkonan Artémas utawa Tikhikus mréné nemoni kowé, udinen bisané kowé nemoni aku ana ing Nikopolis, awit wis dakniyati arep manggon ana ing kono sasuwéné mangsa bedhidhing iki.
13 Zénas ahli Torèt lan Apolos, padha tulungana sacukupé, supaya lakuné aja nganti kekurangan sawiji apa.
14 Sarta wong-wong kita cikbèn padha sinau nglakoni pagawéan kang migunani, supaya bisa nyukupi kabutuhaning urip kang baku, amrih uripé aja nganti tanpa guna.
15 Wong kabèh kang bebarengan karo aku padha kirim salam. Salamku marang wong-wong kang padha tresna marang aku kabèh sajroning pracaya. Sih-rahmat muga nunggila ing kowé kabèh!

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Titus 3
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Titus 3

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke