1 Yésus tumuli medhar pangandika manèh marang wong-wong mau nganggo pasemon, pangandikané,
2 "Kratoning Swarga upamané kaya ratu kang nganakaké pahargyan nikah kanggo putrané.
3 Banjur utusan abdi-abdiné nimbali para kang kauleman, ana ing pahargyan iku, nanging padha ora gelem nekani.
4 Nuli utusan manèh abdi-abdi liyané, dhawuhé: Sing padha diulemi kandhanana mangkéné: Lah Ingsun wus nyawisaké bujananingsun, sapiningsun lan kéwaningsun lemon wis padha kasembelèh, sarta samubarang wus cumepak, padha tekaa ing pahargyan.
5 Éwadéné iku padha ora maèlu lan lunga sumingkir. Sawenèh menyang pategalané, sawenèh ngurusi dagangané,
6 déné liyané padha nyekel, nganiaya lan matèni para abdiné ratu iku.
7 Mulané ratu iku duka lan banjur utusan wadyabalané kadhawuhan numpes para kang gawé pepati iku lan ngobongi kuthané.
8 Sawisé iku nuli ngandika marang para abdiné: Bujana manton wis cumawis, nanging wong-wong sing diulemi padha ora pantes.
9 Mulané padha menyanga simpangan-simpanganing dalan, lan saben wong kang kokprangguli ing kono padha ulemana menyang pahargyan manton iki.
10 Para abdi tumuli padha metu menyang dalan-dalan, padha ngumpulaké kabèh wong kang diprangguli, dadia wong ala, mangkono uga wong becik, nganti papan pahargyan manton dikebaki wong kang padha lungguh kembul bujana.
11 Nalika ratu lumebet karsa manggihi kang padha kembulan, panjenengané pirsa ing kono wong siji kang ora manganggo sandhangan pésta.
12 Panjenengané banjur ngandika marang wong mau: Hé, kanca, kepriyé déné kowé lumebu ing kéné ora nganggo sandhangan pésta? Wong mau meneng baé.
13 Raja iku banjur ngandika marang para abdiné: Bandanen tangané lan sikilé, nuli uncalna menyang panggonan kang peteng dhéwé, ing kono kang bakal ana panangis lan keroting untu.
14 Sabab akèh kang katimbalan, nanging mung sathithik kang pinilih."
15 Para Farisi banjur lunga, ngrancang kepriyé carané njiret Panjenengané.
16 Nuli kongkonan murid-muridé marek marang Panjenengané bebarengan karo wong-wong Hérodian, matur, "Guru, kula sami sumerep, bilih Panjenengan punika jujur saha mulang bab margining Allah kanthi jujur, punapa déné Panjenengan mboten preduli dhateng sinten kémawon, amargi Panjenengan mboten mawang tiyang.
17 Ingkang punika mugi Panjenengan ngandika dhateng kula sadaya, kadospundi penggalih Panjenengan, menggah mbayar paos dhateng Kaisar punika kénging punapa mboten?"
18 Nanging Yésus pirsa alaning sedyané wong-wong mau, banjur ngandika, "Yagéné kowé padha nyoba marang Aku, hé wong-wong lamis?
19 Aku tuduhana dhuwit kang kanggo pajeg iku!" Wong-wong mau banjur ngaturi Panjenengané dhuwit dhinar siji.
20 Panjenengané nuli ngandika, "Iki gambaré lan tulisané sapa?"
21 Atur wangsulané, "Gambar saha seratanipun Kaisar." Panjenengané banjur ngandika, "Mulané saosna marang Kaisar apa kang dadi kagungané Kaisar lan marang Allah apa kang dadi kagungané Allah."
22 Bareng wong-wong mau krungu pangandika mangkono iku padha kaéraman, tumuli ninggal Panjenengané lan lunga bablas.
23 Ing dina iku ana para Saduki kang padha ngarani yèn ora ana tanginé wong mati, padha marek ing ngarsané Gusti Yésus lan padha matur pitakon,
24 tembungé, "Guru, Musa ngandika, menawi wonten tiyang pejah mboten tilar anak, sadhèrèkipun tiyang wau mendheta wulanjaripun dados sèmahipun, supados nyukani turun dhateng sadhèrèkipun punika.
25 Kelampahan ing satengah kula sadaya wonten sadhèrèk jaler pitu; lan ingkang kapisan sasampunipun émah-émah lajeng pejah. Sarèhné mboten nilar anak, dados nilaraken wulanjaripun dhateng sadhèrèkipun.
26 Makaten ugi ingkang kaping kalih saha ingkang kaping tiga, ngantos dumugi ingkang kaping pitu pisan.
27 Wasana sapengkeripun sadaya punika wau ingkang èstri inggih lajeng pejah.
28 Ingkang punika bénjing ing dinten patangèn, tiyang pitu wau pundi ingkang dados sémahipun tiyang èstri punika, sadaya rak sampun naté gesang sesarengan kaliyan piyambakipun."
29 Yésus mangsuli, pangandikané marang wong-wong iku, "Kowé iku padha kesasar, jalaran kowé padha ora ngerti bab Kitab Suci lan bab pangwasané Allah.
30 Awit bésuk ing jaman patangèn ora ana wong kang omah-omah utawa diomah-omahaké, nanging padha kaya malaékat kang ana ing swarga.
31 Apadéné bab tanginé wong mati apa kowé ora maca apa kang kapangandikakaké marang kowé déning Allah, nalika Panjenengané ngandika:
32 Ingsun iki Allahé Abraham, Allahé Iskak lan Allahé Yakub? Panjenengané iku dudu Allahé wong mati, nanging Allahé wong urip."
33 Wong golongan kang padha ngrungokaké, padha kaéraman ing bab piwulangé.
34 Para Farisi bareng krungu, yèn Yésus wis mbungkem cangkemé para Saduki, banjur padha nglumpuk.
35 Nuli salah siji saka panunggalané wong-wong iku, yaiku ahli Torèt, matur pitakon kanggo nyoba marang Panjenengané,
36 "Guru, angger-angger ing salebeting Torèt punika ingkang ageng piyambak ingkang pundi?"
37 Panjenengané ngandika marang wong iku, "Sira tresnaa marang Pangéran Allahira kalawan gumolonging atinira, lan gumolonging nyawanira, sarta gumolonging budinira.
38 Yaiku angger-angger kang gedhé lan luhur dhéwé.
39 Déné angger-angger kang kapindho kang padha karo iku, yaiku: Sira tresnaa ing sapepadhanira dikaya marang awakira dhéwé.
40 Kabèh isining Torèt lan kitabé para nabi iku gumantung ing angger-angger loro mau."
41 Nalika para Farisi lagi padha nglumpuk, Yésus ndangu marang wong-wong mau, pangandikané,
42 "Kepriyé panemumu bab Kristus? Iku tedhaké sapa?" Wangsulané kang padha kadangu, "Tedhakipun Daud."
43 Panjenengané banjur ngandika marang wong-wong iku, "Yèn mangkono, kepriyé déné Daud marga saka katuntun déning Roh kok nyebut Gustiné, yaiku nalika ngandika:
44 Pangéran wis dhawuh marang Gustiku: Sira linggiha ana ing tengeningsun, nganti sakèhing mungsuhira wus Sunpapanaké ing sangisoring tlapakanira.
45 Dadi yèn Daud nyebut Panjenengané iku Gusti, kepriyé déné Panjenengané iku dadi tedhaké?"
46 Ora ana siji baé kang bisa mangsuli Panjenengané, lan mangkono uga wiwit ing dina iku ora ana kang wani matur pitakon manèh marang Panjenengané.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Matius 22
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Matius 22
Studi Alkitab dengan Video LUMO, silahkan lihat LUMO Indonesia :: Matius

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke