1 Sawisé iku banjur ana para Farisi lan ahli Torèt sawatara saka ing Yérusalèm kang padha marek marang ngarsané Yésus sarta matur,
2 "Punapa sababipun, déné sakabat Panjenengan kok sami nerak adat-tata-caranipun para leluhur kita? Manawi badhé nedha kok sami mboten wisuh tangan rumiyin?"
3 Nanging Panjenengané paring wangsulan marang wong-wong mau, pangandikané "Yagéné kowé kok uga padha nerak angger-anggeré Allah kanggo nuhoni adat-tata-caramu dhéwé?
4 Sabab Allah ngandika: Sira ngajènana bapa biyungira; lan manèh: Sing sapa ngipat-ipati bapa utawa biyungé kudu mati.
5 Éwadéné kandhamu: sing sapa kandha marang bapa utawa biyungé: Punapa ingkang maédahi tumraping panjenengan ingkang mesthinipun kula aturaken, punika sampun kanggé kurban pisungsung,
6 lah wong iku banjur wis ora kuwajiban ngajèni bapakné utawa biyungé manèh. Dadiné kowé wis ngorakaké pepakoning Allah kanggo nuhoni adat-tata-caramu dhéwé.
7 Hé, wong lamis, cèples temen pamecané Yésaya tumrap kowé:
8 Bangsa iki anggoné ngluhuraké Ingsun kanthi lambéné, déné atiné adoh karo Ingsun.
9 Tanpa guna anggoné padha ngabekti marang Ingsun, déné piwulang kang diwulangaké iku pepakoning manungsa."
10 Yésus banjur nimbali wong golongan, kang dipangandikani mangkéné,
11 "Padha ngrungokna lan mangertia: Kang njemberi wong iku dudu kang mlebu ing cangkem, nanging kang metu saka ing cangkem, iku kang njemberi wong."
12 Ing nalika iku para sakabaté padha marek ing ngarsané lan munjuk, "Punapa Panjenengan pirsa, bilih para Farisi sareng mireng pangandika punika wau lajeng sami serik manahipun?"
13 Panjenengané paring wangsulan, "Sadhéngaha thethukulan kang dudu tanemané Ramaku ing swarga iku bakal kabedhol saoyod-oyodé.
14 Jarna baé wong-wong iku, iku wong picak nuntun padha wong picak. Yèn wong picak nuntun wong picak, loro-loroné mesthi padha kecemplung ing luwangan."
15 Pétrus tumuli munjuk marang Panjenengané, "Pasemon punika mugi Panjenengan terangaken."
16 Panjenengané banjur ngandika, "Dadi kowé iya padha durung mangerti?
17 Apa kowé padha ora mangerti, yèn samubarang kang lumebu ing cangkem, iku parané menyang weteng banjur dibuwang ing pakiwan?
18 Nanging samubarang kang metu saka ing cangkem iku asalé saka ing ati sarta iya iku kang njemberi marang wong.
19 Amarga saka ing ati iku kawetu pikiran kang ala, gawé pepati, laku jina, cabul, nyenyolong, sumpah palsu lan pitenah.
20 Lah iya iku kang gawé jembering wong. Nanging mangan ora nganggo wisuh iku ora njemberi wong."
21 Yésus banjur jengkar saka ing kono tindak menyang wilayahé Tirus lan Sidon.
22 Tumuli ana wong Kanaan saka ing jajahan kono kang teka kanthi nguwuh-uwuh, "Dhuh, Gusti, tedhakipun Daud, mugi melasi kawula, anak kawula èstri kapanjingan dhemit, mesakaken sanget."
23 Nanging Panjenengané ora maringi wangsulan babar pisan. Para sakabaté padha marek lan nyuwun marang Panjenengané, unjuké, "Tiyang punika kadhawuhana késah, déné kok ngetutaken kita kaliyan bengok-bengok."
24 Panjenengané banjur paring wangsulan, pangandikané, "Aku mung kautus marani wedhus-wedhus Banisraèl kang padha ilang."
25 Nanging wong wadon mau banjur marek lan sujud marang Panjenengané sarta matur, "Dhuh, Gusti, nyuwun tulung!"
26 Nanging Panjenengané paring wangsulan, pangandikané, "Ora becik, wong njupuk rotiné bocah-bocah banjur diuncalaké marang asu."
27 Atur wangsulané wong wadon mau, "Kasinggihan Gusti, nanging segawon rak inggih sami nedha cuwil-cuwilan ingkang dhawah saking méjaning bendaranipun."
28 Ing kono Yésus tumuli paring wangsulan, pangandikané, "Hèh, wong wadon, gedhé pangandelmu, mulané katekana apa kang dadi karepmu." Wiwit nalika iku uga, anaké wong wadon mau dadi waras.
29 Yésus sawisé jengkar saka papan kono, banjur tindak menyang sapinggiring sagara Galiléa lan minggah redi, tumuli lenggah ing kono.
30 Banjur ana wong golongan kang padha gumrudug marek ing ngarsané nggawa wong lumpuh, wong pincang, wong picak, wong bisu lan liya-liyané akèh, padha kaaturaké ing ngarsané Yésus, lan Panjenengané banjur marasaké wong mau kabèh.
31 Satemah wong golongan padha kaéraman ndeleng wong bisu padha guneman, wong pincang padha waras, wong lumpuh padha lumaku, wong picak bisa ndeleng, lan kabèh banjur padha ngluhuraké Allahé Israèl.
32 Sawusé iku Yésus tumuli nimbali para sakabaté, padha dipangandikani mangkéné, "Atiku trenyuh banget saka welasku marang wong golongan iki. Wis telung dina anggoné padha ngetutaké Aku, mangka padha ora duwé apa kang kena dipangan. Aku ora bakal akon mulih wong-wong iku, kanthi padha kaluwèn, gèk-gèk padha ambruk ana ing dalan."
33 Para sakabaté banjur padha munjuk marang Panjenengané, "Wonten ing papan ingkang sepi punika saking pundi kita angsal roti ingkang kathah, ngantos nuwuki tiyang kathah ingkang samanten cacahipun?"
34 Pangandikané Yésus marang para sakabat, "Kowé padha duwé roti pira?" "Pitu," atur wangsulané para sakabat, "sarta wonten ulam alit-alit sawatawis."
35 Yésus banjur dhawuh marang wong golongan iku, supaya padha lungguh ing lemah.
36 Sawisé mangkono Panjenengané banjur mundhut roti pitu lan iwak-iwak mau, sawisé saos sokur, banjur padha dicuwil-cuwil lan diparingaké marang para sakabat, sarta para sakabat padha ngedum marang wong golongan.
37 Wong kabèh banjur padha mangan nganti wareg. Sawisé mangkono turahané diklumpukaké, nganti dadi pitung kranjang kebak.
38 Anadéné kang mangan wong patang èwu cacahé, mung wong lanang baé, ora kapétung wong wadon lan bocah-bocah.
39 Sawisé dhawuh marang wong golongan, supaya padha mulih. Panjenengané banjur nitih prau tindak menyang wilayah Magadan.