1 Wong kabèh kang nyangga momotan marga anggoné dadi batur, iku nganggepa bendarané wus sapantesé nampa sakèhing pakurmatan, supaya asmané Allah lan piwulang kita aja dicamah.
2 Menawa bendarané mau wong pracaya, aja nganti dikurangi pakurmatané amarga padha tunggal-sadulur ana ing Kristus, nanging malah saya dibecik anggoné ngladèni, amarga bendara kang nampa wohing leladiné iku sadulur kang pracaya lan kinasih. (6:2b) Kabèh iki wulangna lan pituturna.
3 Menawa ana wong kang mulangaké piwulang liya lan ora miturut pangandika kang bener -- yaiku pangandikané Gusti kita Yésus Kristus -- lan kang ora miturut piwulang kang laras karo paugeraning kamursidan kita,
4 wong iku kaya ngerti-ngertia, nanging sejatiné ora ngerti apa-apa. Penyakité yaiku golèk-golèk prakara lan waton sulaya, kang njalari drengki, padudon, pitenah, sangga-runggi,
5 regejegan ing antarané wong-wong kang pikirané ora waras manèh lan kang wis kélangan kayektèn, kang ngira yèn iku dadi sumbering kauntungan.
6 Pancèn menawa kamursidan iku dikanthèni ati kang marem, iku ngolèhaké kauntungan gedhé.
7 Sabab anggon kita teka ana ing donya ora kanthi nggawa apa-apa, lan kita uga ora bisa nggawa apa-apa, anggon kita ninggalaké donya mau.
8 Angger wis ana pangan lan sandhang, wis cukup.
9 Nanging wong kang kepéngin sugih padha tumiba ing panggodha lan kena ing kala-jiret sarta pepénginan warna-warna kang kothong lan gawé cilaka, kang ngèremaké manungsa marang bilai tuwin karusakan.
10 Awit oyoding sakèhing piala iku karem bandha, lan karana anggoné mburu dhuwit iku sawenèhing wong padha nyimpang saka pracaya sarta nyiksa awaké dhéwé sarana kasusahan warna-warna.
11 Nanging kowé, hé, manungsaning Allah, ngedohana iku kabèh, ngaraha marang kaadilan, kamursidan, pangandel, katresnan, kasabaran lan budi sarèh.
12 Nindakna tetandhingan kang becik ana ing gelangganging pangandel, nggayuha urip langgeng. Iya tumrap kang kaya mangkono iku anggonmu katimbalan sarta nglairaké sahadat kang bener, sineksènan déning wong akèh.
13 Ana ing ngarsané Allah kang maringi urip marang samubarang lan ana ing ngarsané Kristus Yésus kang wis paring paseksi kang bener ing ngarepé Pontius Pilatus, aku ngatag marang kowé:
14 Pepakon iki tetepana ditanpa cacad lan tanpa luput, nganti tumekané titimangsa Gusti kita Yésus Kristus ngatingal,
15 yaiku ing titimangsa kang bakal katemtokaké déning Pangwaos tunggal lan kang dadi sumbering karahayon, Rajané para raja sarta Gustiné para gusti.
16 Iya mung Panjenengané iku kang kalis ing pati, kang ngedhaton ana ing pepadhang, kang tan kena cinelakan. Ora ana wong siji baé kang tau weruh Panjenengané, jalaran pancèn ora bisa ndeleng Panjenengané. Kagem Panjenengané iku kaurmatan lan pangwaos kang langgeng! Amin.
17 Para wong sugih ing donya iki padha élingna, supaya aja padha gumunggung lan aja padha duwé pangarep-arep marang samubarang kang ora tetep kaanané, kayata kasugihan, nanging ngarep-arepa marang Allah, kang maringi kita samubarang kanthi lubèr, supaya padha kita rasakaké.
18 Padha élingna, supaya padha nglakoni panggawé becik, dadi sugih ing bab kabecikan, dhangan wèwèh lan ngedum-edum barang darbèké
19 sarta sarana mangkono padha ngumpulaké bandha kanggo pawitan kang becik, supaya ing tembé, padha olèh urip kang sanyata.
20 Hé, Timotius, apa kang wis kapitayakaké marang kowé iku reksanen. Guneman kang ngayawara lan ora suci sarta padudon kang asalé saka apa kang dianggep kawruh, iku singkirana.
21 Amarga ana wong sawatara kang mulangaké iku, lan sarana mangkono wis padha nyimpang saka pracayané. Sih-rahmat nunggila ing kowé!

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: 1 Timotius 6
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: 1 Timotius 6

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke