1 Ananging ana pangandikané Roh kanthi cetha, yèn ing tembé bakal ana wong kang padha murtad banjur kèlu marang roh-roh panasaran lan piwulangé sétan-sétan
2 marga saka pambujuking para tukang ngapusi, kang swaraning batiné nganggo ecaping sétan-sétan mau,
3 wong-wong iku nganakaké larangan jejodhoan, larangan mangan pangan kang dititahaké déning Allah, supaya dipangan kalawan saos sokur déning para wong kang pracaya lan kang wis wanuh marang kayektèn.
4 Awitdéné kabèh kang dititahaké déning Allah iku becik, lan siji baé ora ana kang haram, angger ditampani kanthi saos sokur,
5 amarga kabèh iku wis kasucèkaké déning pangandikané Allah lan déning pandonga.
6 Sarana ngélingaké bab-bab iku marang sadulur-sadulur kita, kowé bakal dadi abdiné Kristus Yésus kang becik, kang kagulawenthah ing bab dhasar-dhasaring pracaya kita sarta ing bab piwulang kang becik kang wis kokanut nganti sapréné.
7 Nanging dohana dongèng-dongèng gugontuhoné wong nini-nini. Nggegulanga ing pangibadah.
8 Nggegulang kajasmanèn iku winates paédahé, nanging pangibadah iku maédahi tumrap samubarang kabèh, awit iku isi prajanji kanggo urip saiki lan ing tembé.
9 Tembung iki bener lan wajib ditampani kalawan temen-temen.
10 Iya iku sababé anggon kita padha rekasa lan mbudidaya kanthi ngetog kakuwatan, jalaran kita padha nduwèni pangarep-arep marang Allah kang gesang, kang dadi Pamartané wong kabèh, kususé para wong kang pracaya.
11 Iku kabèh wartakna lan wulangna.
12 Aja nganti ana wong kang ngrèmèhaké kowé, amarga kowé isih enom. Dadia tuladha tumrap para wong kang pracaya, ing bab tembung-tembungmu, tindak-tandukmu, katresnanmu, kasetyanmu tuwin ing kasucènmu.
13 Sabanjuré, nganti satekaku tegena anggonmu macakaké pérangan-péranganing Kitab Suci, sarta anggonmu mbangun lan memulang.
14 Aja nglirwakaké anggonmu migunakaké kanugrahan kang ana ing kowé, kang wis kaparingaké marang kowé sarana pameca lan sarana tumpangan-tanganing parepatané para pinituwa.
15 Kabèh iku mau gatèkna, uripa sajroning iku kabèh, supaya kemajuanmu tetéla marang wong kabèh.
16 Awasana awakmu dhéwé lan piwulangmu. Tegena anggonmu nindakaké iku kabèh, amarga sarana mangkono, kowé bakal mitulungi awakmu dhéwé lan wong kabèh kang padha ngrungokaké piwulangmu.