1 Iki tembung kang bener, "Wong kang kepéngin nggayuh kalungguhan pamomonging pasamuwan, iku kepéngin nindakaké pagawéan kang adi."
2 Mulané pamomonging pasamuwan iku kudu kang tanpa cacad, kang somahé siji, bisa ngendhalèni dhiri, wicaksana, sopan, seneng awèh pamondhokan, pinter memulang,
3 ora karem minum, ora gampang nepsu, sumanak, dhemen ngrukunaké, ora ngawula marang bandha,
4 dadi sesirahing brayat kang becik, kang diéringi lan diajèni déning anak-anaké.
5 Menawa wong ora bisa ngemudhèni brayaté dhéwé, kepriyé anggoné bisa ngurus pasamuwané Allah?
6 Aja wong kang durung suwé anggoné mratobat, supaya aja dadi gumunggung lan kena paukuman kaya kang kelakon tumrap Iblis.
7 Apamanèh nduwènana jeneng kang becik ing sanjabaning pasamuwan, supaya aja kena ing panggugating wong lan tumiba ing kala-jireting Iblis.
8 Mangkono uga para Dhiaken iya kudu wong kang kajèn, kang ora méncla-ménclé, ora karem anggur, ora srakah,
9 nanging wong kang bisa nyimpen wewadining pracaya ing sajroné swaraning batin kang suci.
10 Wong iku iya kudu ditliti dhisik, banjur lagi padha ditetepaké ing ayahan leladi iku, sawusé tetéla yèn tanpa cacad.
11 Mangkono uga somahé kudu kang kajèn, kang ora dhemen mitenah, bisa ngendhalèni dhiri sarta kena dipracaya ing samubarang kabèh.
12 Dhiaken iku kudu kang somahé siji sarta becik anggoné ngurus anak-anaké lan brayaté.
13 Amarga wong-wong kang becik anggoné leladi iku olèh kalungguhan kang becik, satemah sajroning pracaya marang Kristus Yésus bisa awèh paseksi kalawan kendel.
14 Kabèh iku daktulis marang kowé, sanadyan pangarep-arepku bisaa énggal niliki kowé.
15 Dadi, yèn ana kasèpku kowé bisa nyumurupi, kepriyé uripé wong kang dadi brayating Allah, yaiku pasamuwané Allah kang gesang, saka-pikukuh lan dhasaring kayektèn.
16 Satemené luhur wewadiné pangibadah kita iku, "Panjenengané kang wis ngatingal ngagem wujud manungsa wis kaleresaké marga déning Roh kang ngatingal marang para malaékat, kawartosaké ing antarané para bangsa; kang dipracaya ana ing jagat, sinengkakaké sajroning kamulyan."