1 Kowé dhéwé iya wis padha sumurup, para Sadulur, yèn anggonku padha teka ana ing antaramu iku ora nglaha.
2 Sanadyan sadurungé, kaya kang wis padha koksumurupi, aku padha kaaniaya lan kagawé wirang ana ing Filipi, éwadéné marga saka pitulungané Allah kita, aku padha olèh kekendelan kanggo martakaké Injiling Allah marang kowé kabèh ana ing pambudidaya kang abot.
3 Amarga pituturku iku pinangkané ora saka panasaran utawa saka kekarepan kang ora murni sarta ora kaworan kaculikan.
4 Kosok-baliné, amarga Allah wis manggalih, yèn aku kabèh pantes kapitayanan Injil, mulané aku padha rembugan iku ora murih senenging manungsa, nanging supaya ndadèkaké keparenging panggalihé Allah, kang ndadar ati kita.
5 Awit kaya kang padha koksumurupi, aku padha ora tau migunakaké tembung manis, utawa nganggo budi-srakah kang siningidaké - iku Allah kang neksèni.
6 Samono uga aku padha ora tau golèk pangalem saka manungsa, dadia saka kowé utawa saka wong-wong liya, sanadyan aku padha bisa tumindak mangkono, amarga padha dadi rasulé Kristus.
7 Nanging kalawan sumanak anggonku ana ing tengahmu, kaya patrapé biyung anggoné momong lan ngopèni anaké.
8 Kaya mangkono anggonku padha nélakaké gedhéning katresnanku marang kowé kabèh, ora mung kalawan rila anggonku padha mènèhi Injiling Allah marang kowé, nanging uga uripku pisan, jalaran kowé kabèh padha daktresnani.
9 Amarga kowé isih padha kèlingan, para Sadulur, marang kangèlan lan rekasaku kabèh. Anggonku nyambut-gawé rina-wengi nalika nggelaraké Injiling Allah marang kowé, supaya aja nganti ngrépoti sapa baé ing antaramu.
10 Kowé padha dadi seksi, samono uga Allah, bab anggonku padha tumindak kanthi salèh, adil lan tanpa cacad ana ing antaramu kang padha pracaya.
11 Kowé padha sumurup, kepriyé anggonku wis mituturi kowé sarta nyantosaké atimu dhéwé-dhéwé, kayadéné bapa marang anak-anaké,
12 sarta anggonku ngatag kalawan banget, supaya kowé kabèh padha urip laras karo karsané Allah, kang nimbali kowé marang Kratoné lan kamulyané.
13 Awit saka iku aku iya tansah padha saos sokur marang Allah, amarga kowé padha nampani pangandikané Allah kang dakwartakaké iku, ora kaya pituturing manungsa, nanging -- lan iki pancèn sanyata mangkono -- iku sabdaning Allah, kang uga makarya ana ing kowé kang padha pracaya.
14 Sabab kowé, para Sadulur, wis padha niru pasamuwan-pasamuwané Allah ing Yudéa, yaiku pasamuwan-pasamuwan ana ing Kristus Yésus, jalaran kowé uga wis padha nandhang sangsara marga saka panggawéné wong-wong kang tunggal bangsa karo kowé, padha kaya kang sinandang déning pasamuwan ing Yudéa kono, marga saka panggawéné wong-wong Yahudi.
15 Malah wong-wong Yahudi mau wis nyédani Gusti Yésus lan para nabi apadéné wis nganiaya aku kabèh. Apa kang dadi keparenging Allah ora padha dipreduli sarta wong kabèh padha dimungsuhi.
16 Awit arep padha ngalang-alangi anggonku padha martakaké pangandika marang bangsa-bangsa liya murih karahayoné. Dadiné padha tansah ngundhaki dosané sakatogé, lan wekasané padha ketaman paukuman.
17 Nanging aku kabèh, para Sadulur, kang sawatara mangsa pisah karo kowé, adoh ing pandulu, nanging ora adoh ing ati, temen-temen kalawan kangen banget wis mbudi-daya bisané ketemu adu-arep karo kowé.
18 Amarga niyatku kabèh arep nemoni kowé, -- aku, Paulus, malah ora mung sapisan baé -- nanging aku padha kapalangan déning Iblis.
19 Sabab sapa ta kang dadi pangarep-arepku utawa kabungahanku utawa makutha kaunggulanku kabèh ana ing ngarsané Yésus, Gusti kita, mbésuk ing dina rawuhé menawa dudu kowé?
20 Sanyata, kowé iku kang dadi kamulyan lan kabungahanku kabèh.