1 Bab nglumpukaké dana kang tumuju marang para suci, iku padha tindakna manut pituduh-pituduh kang wus dakwènèhaké marang pasamuwan-pasamuwan ing Galatia.
2 Ing dina kapisan ing saben minggu, sawiji-wijining panunggalanmu -- adhedhasar apa kang padha koktampa -- padha nisihna sawatara lan simpenen ana ing omah, supaya anggonmu padha nglumpukaké iku aja nganti lagi koktindakaké samangsa aku teka.
3 Déné bésuk satekaku, aku arep kongkonan wong-wong kang kokwawas prayoga dakkongkon ngeteraké pisumbangmu menyang Yérusalèm, nganggo padha kinanthènan layang.
4 Menawa prelu aku iya mèlu mangkat, wong iku mau bakal padha mangkat bareng karo aku.
5 Déné anggonku bakal nekani kowé, bésuk sawusé aku liwat nratas Makédonia, awit lakuku metu Makédonia.
6 Bisa uga ana ing Korintus aku bakal tetunggalan karo kowé nganti sawatara suwé, utawa mbokmenawa ing sajroné mangsa bedhidhing, temah kowé padha bisa awèh pitulungan ing bab anggonku nerusaké lakuku.
7 Sabab karepku sapisan iki ora mung sakeplasan baé anggonku bakal niliki kowé, malah menawa Gusti marengaké anggonku tetunggalan karo kowé iku bisaa nganti rada suwé.
8 Nanging aku bakal lèrèn ana ing Éfesus nganti riyaya Péntakosta.
9 Marga ana ing kono, ana wewengan tumraping aku, kanggo nindakaké ayahan kang agung lan penting, sanadyan akèh wong kang padha nglawan.
10 Déné samangsa Timotius teka, padha ngaraha supaya sajroné ana ing satengahmu iku aja duwé rasa wedi, sabab wong iku nglakoni ayahané Gusti padha kaya aku.
11 Mulané aja nganti ana wong kang nyepélékaké! Malah wènèhana pitulungan, amrih bisané nerusaké lakuné kanthi slamet, supaya bali nemoni aku, awit dakanti-anti tekané karo para Sadulur tunggal pracaya liyané.
12 Déné mungguh sadulur Apolos, anggonku mrayogakaké wus bola-bali supaya niliki kowé bareng karo para Sadulur tunggal pracaya liyané, nanging durung dadi karepé nglakoni ing wektu saiki. Sedyané arep teka mengko yèn wus ana wektu kang becik.
13 Padha meléka! Padha dibakuh ing pangandel! Dadia kendel, disantosa!
14 Sakèhing ayahanmu lakonana kanthi katresnan.
15 Ana manèh panjalukku marang kowé, para Sadulur. Kowé padha sumurup yèn Stéfanas sabrayaté iku kang kawitan padha mratobat ana ing Akhaya, sarta wus padha ngabdi marang paladosan kanggo para suci.
16 Mulané padha manut-mituruta marang wong kang kaya mangkono iku lan saben wong kang mèlu tumindak ing gawé sarta padha nglakoni rekasa.
17 Aku bungah awit saka tekané Stéfanas, Fortunatus lan Akhaikus, amarga wong-wong iku padha minangka gantimu;
18 sabab para Sadulur iku padha gawé segering atiku lan atimu. Mulané padha ngajènana wong kang kaya mangkono iku.
19 Salam kanggo kowé kabèh, saka sakèhé pasamuwan ing Asia Cilik. Akwila, Priskila dalah pasamuwan kang ana ing omahé padha kirim salam sajroning Gusti mawantu-wantu marang kowé.
20 Sadulur tunggal pracaya kabèh padha kirim salam marang kowé. Padha salam-salamana kalawan pangambung suci.
21 Kalawan tanganku dhéwé, anggonku nulis iki: Salam saka Paulus.
22 Sapa kang ora tresna marang Gusti, iku kenaa ing ipat-ipat. Maranata!
23 Sih-rahmaté Gusti Yésus, nunggila ing kowé kabèh.
24 Tresnaku anaa ing kowé kabèh sajroning Kristus Yésus.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: 1 Korintus 16
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: 1 Korintus 16

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke