1 Sawisé iku aku krungu swara sora kaya swarané wong golongan gedhé ana ing swarga, pangucapé, "Haléluya! Karahayon lan kamulyan sarta pangwaos punika wonten ing Allah kita,
2 awit leres lan adil sakathahing pangadilanipun, amargi Panjenenganipun sampun ngadili sundel ageng punika, ingkang ngrisak bumi sarana lampah-cabulipun; sarta Panjenenganipun punika ingkang sampun malesaken rahing para abdinipun dhateng wanita punika."
3 Tumuli padha ngucap kang kaping pindhoné, "Haléluya! Inggih, asepipun punika kumelun langgeng ing salami-laminipun."
4 Para pinituwa patlikur lan makluk papat iku banjur padha sujud lan nyembah ing ngarsané Allah kang lenggah ing dhampar, sarta munjuk, "Amin, Haléluya!"
5 Tumuli keprungu swara saka dhampar iku, "Padha saosa puji marang Allah kita, hé para abdi kabèh, sira kang padha wedi-asih marang Panjenengané, kang cilik lan kang gedhé!"
6 Aku banjur krungu kaya swarané wong golongan gedhé, kaya kumrosaking banjir lan kaya swarané gludhug kang gumuruh, tembungé, "Haléluya! Amarga Pangéran, Allah kita, Kang Mahakwaos, wis jumeneng raja.
7 Payo kita padha sumyak-sumyak asukarena, lan ngluhuraké Panjenengané! Amarga wis tekan ing dina palakramané Sang Cempé, lan pangantèn putri wis rumanti.
8 Pangantèné putri kaparingan pangageman mori alus kang putih resik gumilap!" (Mori alus iku ngibarati kautamané para suci.)
9 Aku tumuli dingandikani mangkéné, "Nulisa: Rahayu wong kang tinimbalan marang bujana palakramané Sang Cempé." Sarta aku dingandikani manèh, "Iki sabda kang satuhu, iya pangandikané Allah."
10 Aku banjur sujud nyungkemi sampéyané kang ngandika mau, nanging tumuli dingandikani, "Aja mangkono! Aku iki abdi, padha kaya kowé lan para Sadulurmu, kang padha nduwèni paseksiné Yésus. Sujuda marang Allah! Awit paseksi bab Yésus iku rohing pameca."
11 Aku banjur weruh swarga menga: Satemené, ana jaran putih; déné asmané kang nitihi, "Sang Setya-tuhu lan Sang Sanyata." Panjenengané nindakaké pangadilan lan paprangan kalawan adil.
12 Tingalé kaya urubing geni lan mustakané ngagem makutha akèh, sarta Panjenengané ngagem seratan asma kang ora kasumurupan ing wong, kajaba mung Panjenengané piyambak.
13 Pangagemané jubah kang wis kacelup ing getih, sarta asmané kasebut, "Sabdaning Allah."
14 Kabèh wadya-bala ing swarga padha ndhèrèkaké tindaké; lan padha nunggang jaran putih sarta manganggo mori alus kang putih memplak.
15 Saka ing tutuké metu pedhang kang landhep, kang bakal disabetaké marang sakèhing bangsa. Panjenengané kang bakal ngengèn kalawan gada wesi lan bakal meres anggur ana ing pamipitan anggur, yaiku bebendu dedukaning Allah, Kang Mahakwaos.
16 Ana ing jubahé, lan wentisé tinulisan asma, "Rajané para raja lan Gustiné para gusti."
17 Aku tumuli weruh malaékat jumeneng ana ing srengéngé, sarta nguwuh klawan swara sora marang sakèhing manuk kang mabur ana ing awang-awang, dhawuhé, "Mrénéa, padha nglumpuka ing bujanané Allah, bujana kang gedhé,
18 padha mangana dagingé para raja, lan dagingé para sénapati perang sarta dagingé para kang kwasa, apadéné dagingé jaran lan kang padha nunggangi sarta dagingé sarupaning wong kang mardika lan batur tukon, kang cilik lan kang gedhé."
19 Aku tumuli weruh kéwan iku lan para raja ing bumi sawadya-balané padha nglumpuk arep nglawan perang marang Panjenengané Kang Nitih jaran iku sawadya-balané.
20 Kéwan iku banjur dicepeng, bareng karo para nabi palsu, kang wis nindakaké mukjijat ana ing ngarepé, kagawé nasaraké wong kang wis padha nampani tenger saka kéwan iku lan padha nyembah recané. Sakaroné padha kacemplungaké urip-uripan ing sagara geni welirang kang murub ngalad-alad.
21 Déné wong-wong liyané padha dipatèni déning Panjenengané Kang Nitih jaran, sarana pedhang, kang metu saka ing tutuké; sakèhing manuk banjur padha wareg mangan dagingé.