1 Aku tumuli weruh: Satemené Sang Cempé jumeneng ana ing gunung Sion, kaayap déning wong satus patang puluh papat èwu, kang ing bathuké padha tinengeran asmané lan asmané Kang Rama.
2 Aku banjur krungu swara saka langit kaya kumrosaking banjir lan kaya gumlegeré gludhug. Swara kang dakrungu iku kaya swaraning clempung kang lagi padha kaunèkaké déning para panylempung.
3 Iku padha ngidungaké kidung anyar ana ing sangareping dhampar lan ing sangareping makluk papat tuwin para pinituwa iku, lan ora ana wong kang bisa nyinau kidung mau, kajaba mung wong satus patang puluh papat èwu kang wis padha katebus saka ing bumi.
4 Yaiku wong-wong kang ora padha njemberaké awaké karo wong wadon, amarga padha murni kaya prawan. Iku kang padha ndhèrèkaké Sang Cempé ing satindak-tindaké. Wong-wong iku padha katebus saka ing antarané manungsa minangka kurban wiwitan sumaos marang Allah lan marang Sang Cempé.
5 Ana ing cangkemé ora tinemu cidra; wong iku padha tanpa cacad.
6 Aku tumuli weruh malaékat liyané mabur ing awang-awang ngasta kabar kabingahan kang langgeng supaya diwartakaké marang wong kang padha manggon ing bumi lan marang sadhéngah bangsa lan taler tuwin basa sarta umat,
7 sarta pangandikané klawan swara kang sora, "Padha wedi-asiha marang Allah lan ngluhurna Panjenengané, awit wis tekan wektuning pangadilané, sarta padha nyembaha marang Panjenengané kang wis nitahaké langit lan bumi tuwin sagara apadéné sakèhé sumbering banyu."
8 Banjur ana malaékat liyané manèh, malaékat kapindho, nusul lan ngandika, "Wus ambruk, Babél wis ambruk, kutha kang gedhé iku, kang wis ngendemi sakèhé para bangsa kalawan angguring hawa-napsu laku cabul."
9 Tumuli ana malaékat liya, kang katelu nusul, pangandikane kanthi swara sora, "Menawa ana wong kang nyembah marang kéwan lan marang recané iku, tuwin nampani tenger ana ing bathuké utawa ing tangané,
10 iku bakal ngombé anggur bebenduné Allah, kang wis kasadhiyakaké tanpa campuran ana ing tuwung dedukané; sarta bakal kasiksa kalawan geni lan walirang ana ing ngarepé para malaékat suci lan ing ngarsané Sang Cempé.
11 Anadéné asepé geni paniksa iku kumelun ing salawas-lawasé, lan paniksané tanpa lèrèn rina-wengi, yaiku kang padha nyembah marang kéwan lan recané iku, mangkono uga sapa kang nampani tengering jenengé."
12 Kang prelu ing kéné yaiku sabar-mantepé para suci, kang padha ngantepi pepakoning Allah lan pracaya marang Yésus.
13 Aku tumuli krungu swara saka swarga kang ngandika, "Tulisen: Rahayu para wong kang mati lan matiné ana ing patunggilané Gusti, wiwit ing samengko." "Pancèn mangkono," pangandikané Roh, "Supaya padha aso saka rekasané, awit sakèhing panggawéné padha mbarengi lakuné."
14 Aku banjur weruh: Satemené, ana méga putih, lan ing méga mau ana kang lenggah kaya Putrané Manungsa, mustakané ngagem makutha emas lan astané ngasta arit landhep.
15 Tumuli ana malaékat liyané medal saka Padaleman Suci; sarta munjuk kalawan swara sora marang Panjenengané kang lenggah ing méga mau, "Mugi Paduka ngempakaken arit Paduka sarta ngenènana, amargi sampun dumugi mangsanipun ngenèni; awit panènan ing bumi sampun sepuh."
16 Panjenengané kang lenggah ing méga mau banjur ngempakaké arité ing bumi, sarta bumi nuli kaenénan.
17 Tumuli ana malaékat liyané medal saka Padaleman Suci kang ana ing swarga; iku uga ngasta arit landhep.
18 Lan ana malaékat liyané manèh kang ngwaosi geni medal saka ing misbyah; iku banjur nywara kalawan sora marang malaékat kang nyepeng arit landhep mau, "Aritmu kang landhep iku empakna, lan dhompolané wohé wit anggur ing bumi undhuhana, awit wohé wus padha mateng."
19 Malaékat mau nuli ngempakaké arité ing bumi sarta ngundhuhi wohé wit anggur ing bumi lan diuncalaké ing bak-pamipitan gedhé, yaiku bebenduné Allah.
20 Wohé wit anggur mau tumuli dipipit ana ing sanjabaning kutha, lan saka ing pamipitan iku ana getih mili, kang nganti tekan kendhalining jaran, lan adohé kurang luwih 300 km.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Wahyu 14
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Wahyu 14

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke