1 Rong dina manèh ana riyaya Paskah lan riyaya Roti tanpa Ragi. Para pangarepé imam lan para ahli Torèt padha ngrancang kepriyé anggoné nangkep lan nyédani Yésus kanthi réka-daya jahat,
2 awit padha rasanan, "Aja sajroning riyaya, supaya ora gawé ributé rakyat."
3 Nalika Panjenengané ana ing Bètania, ana ing omahé Simon kang wis tau lara kusta, lagi pinarak dhahar, ana wong wadon teka nggawa botol marmer isi lenga jebad narwastu tulèn, kang larang regané. Sawisé mecah guluné botol iku, wong mau banjur ngesokaké lengané ing mustakané Yésus.
4 Ana wong sawatara kanthi rasa ora trima padha rasanan, "Apa gunané mbuang-buang lenga jebad narwastu iku?
5 Sabab lenga iku rak kena diedol luwih saka telung atus dinar, lan kena diwènèhaké marang wong-wong miskin." Wong-wong iku banjur nyrengeni wong wadon mau.
6 Nanging Yésus ngandika, "Enengna baé wong iku. Yagéné kowé padha gawé répoté? Wong iku wus nindakaké panggawé becik marang Aku.
7 Sabab wong-wong miskin rak tansah ana ing antaramu, lan samangsa-mangsa kowé duwé karep, kowé bisa nindakaké panggawé becik marang wong-wong miskin; balik Aku iki ora salawasé bebarengan karo kowé.
8 Wong wadon iku wis nindakaké apa kang bisa dilakoni. Sarta wis njebadi badanku kanggo pacawisané panguburanku.
9 Satemené Aku pitutur marang kowé, Ana ing ngendi baé Injil kawartakaké ing saindenging jagat, apa kang wis katindakaké déning wong wadon iku bakal kacaritakaké minangka pangéling-éling."
10 Yudas Iskariot, panunggalané sakabat rolas, tumuli menyat marani para pangarepé imam, kanthi sedya masrahaké Panjenengané.
11 Bareng krungu, wong-wong iku padha bungah lan janji bakal mènèhi dhuwit marang Yudas. Déné Yudas tumuli golèk cara anggoné arep masrahaké Yésus ing waktu kang cocog.
12 Ing dina wiwitané riyaya Roti Tanpa Ragi, wayahé nyembelèh cempéning Paskah, para sakabaté padha matur marang Yésus, "Gusti ngarsakaken kula sami késah cecawis wonten ing pundi kagem dhahar Paskah Gusti?"
13 Panjenengané banjur ngutus sakabaté loro, lan ngandika marang utusan iku, "Padha menyanga ing kutha; ing kana ana wong kang nggawa jun isi banyu bakal methukaké kowé. Kowé padha ngetutna wong iku,
14 lan ana ing omah kang dileboni, kowé kandhaa marang kang duwé omah mau: Guru meling: Kamar endi kang bakal kanggo mangan Paskah karo para sakabatku?
15 Wong iku banjur bakal nuduhaké marang kowé kamar lotèng, kang jembar kang wis kacawisaké. Iya ing kono iku kowé padha nyawisna bujana Paskah kanggo Aku lan kowé kabèh!"
16 Sakabat iku banjur padha mangkat, lan bareng tekan kutha padha ngalami kabèh kaya kang dingandikakaké déning Yésus mau; tumuli padha nyawisaké Paskah.
17 Bareng wis soré Panjenengané rawuh bareng karo sakabat rolas.
18 Nalika padha lungguh sarta padha mangan, Yésus ngandika, "Satemené Aku pitutur marang kowé, ana siji saka panunggalanmu kang bakal ngiyanati Aku, iya kang lagi mangan karo Aku."
19 Para sakabat banjur wiwit padha sedhih sarta siji-siji padha matur marang Panjenengané, "Rak sanès kawula ta, Gusti?"
20 Panjenengané tumuli ngandika marang para sakabat, "Wong iku iya salah siji saka panunggalanmu wong rolas, kang nyelupaké roti ing mangkok bebarengan karo Aku.
21 Sabab Putraning Manungsa bakal jengkar kaya kang wis tinulis mungguhing Panjenengané, éwadéné bilai wong kang dadi margané Putraning Manungsa kaulungaké. Luwih becik, saupama wong iku ora lair."
22 Nalika Yésus lan para sakabaté lagi padha dhahar, Panjenengané mundhut roti, saos sokur, nyuwil-nyuwil roti mau banjur maringaké marang para sakabat, kalawan ngandika, "Padha tampanana, iki badanku."
23 Panjenengané banjur mundhut tuwung, ngaturaké panuwun lan maringaké tuwung iku marang para sakabat. Kabèh banjur padha ngombé saka tuwung mau.
24 Apadéné Panjenengané ngandika marang para sakabat, "Iki getihku, getihing prajanjian, kang kawutahaké kanggo wong akèh.
25 Satemené Aku pitutur marang kowé: Aku bakal ora ngombé manèh wohing wit anggur, nganti tumekaning dinané Aku bakal ngombé kang anyar ana ing Kratoné Allah."
26 Sawisé padha ngunjukaké kidung pamuji, banjur padha lunga menyang Gunung Zaitun.
27 Yésus nuli ngandika marang para sakabat, "Kowé kabèh, bakal gonjing imanmu, awit wis tinulis: Ingsun bakal nggebag juru pangoné, lan wedhus-wedhusé bakal padha buyar.
28 Nanging samangsa Aku wis katangèkaké, Aku bakal ndhisiki kowé menyang Galiléa."
29 Pétrus banjur matur marang Panjenengané, "Sanadyan sadaya sami gonjing imanipun, kawula mboten."
30 Yésus banjur ngandika marang Pétrus, "Satemené Aku pitutur marang kowé, ing dina iki, ing wayah bengi iki uga, sadurungé jago kluruk kaping pindho, kowé wus nyélaki Aku rambah kaping telu."
31 Éwadéné kalawan luwih nandhes Pétrus matur, "Manawi kawula kedah pejah sareng-sareng kaliyan Gusti, kawula mboten badhé nyélaki Gusti." Liya-liyané kabèh iya padha munjuk mangkono.
32 Yésus lan para sakabaté banjur rawuh ing panggonan kang jenengé Gètsémani. Yésus ngandika marang para sakabaté, "Padha lungguha ana ing kéné, sajroné Aku ndedonga."
33 Panjenengané ndhawuhi Pétrus lan Yakobus sarta Yohanes ndèrèk. Yésus wiwit kraos sungkawa banget sarta giris ing galih.
34 Panjenengané nuli ngandika marang sakabat telu iku, "Atiku sedhih banget, nganti kaya arep mati. Kowé padha ana ing kéné lan padha meléka"
35 Sawisé majeng sawatara, Yésus banjur sumungkem ing bumi sarta ndedonga, supaya yèn bisa waktu iku sumingkira saka Panjenengané,
36 sarta matur, "Dhuh Abba, dhuh Rama, tumrap Paduka samukawis saged kelampahan; tuwung punika mugi Paduka singkiraken saking Kawula, namung kémawon sampun pikajeng Kawula, nanging karsa Paduka."
37 Yésus banjur wangsul lan manggih sakabat telu iku padha turu. Panjenengané nuli ngandika marang Pétrus, "Simon, apa kowé turu? Apa kowé ora kuwat melèk sajam baé?
38 Padha melèka lan ndedongaa, supaya kowé ora kena ing panggodha; roh iku pancèn becik niyaté, nanging sipating manungsa, ringkih."
39 Panjenengané banjur tindak manèh lan ndedonga nganggo tembung-tembung kang padha.
40 Nalika rawuh manèh, Yésus manggih sakabat telu iku lagi padha turu, awit mripaté mbliyut, apadéné padha ora ngerti apa kang kudu diaturaké marang Panjenengané.
41 Panjenengané rawuh kang kaping teluné banjur ngandika marang sakabat telu iku, "Apa isih padha turu lan ngaso? Wis cukup, wis tekan waktuné, delengen, Putraning Manungsa kaulungaké marang tangané para wong dosa.
42 Padha tangia, ayo padha lunga. Kang ngulungaké Aku wus cedhak."
43 Nalika Yésus isih ngandika, Yudas panunggalané sakabat rolas, dumadakan teka bareng karo wong golongan kang padha nggawa pedhang lan penthung atas préntahé para pangarepé imam, lan para ahli Torèt sarta para pinituwa.
44 Wong kang ngiyanati Panjenengané wis awèh sasmita marang wong-wong mau, "Wong kang bakal dakcucup, yaiku wongé, iku tangkepen, jaganen sing kuwat."
45 Sawisé teka, Yudas énggal-énggal nyelaki Panjenengané, banjur matur, "Rabbi," lan nyucup Panjenengané.
46 Wong-wong mau banjur nyandhak lan nangkep Panjenengané.
47 Saka ing antarané wong-wong kang ana ing kono iku ana kang ngunus pedhang, lan nyabetaké pedhangé marang abdiné Imam Agung, lan merung kupingé.
48 Yésus nuli ngandika marang wong-wong iku, "Kowé kok kaya ngadhepi bégal, padha teka karo nggawa pedhang lan penthung kanggo nangkep Aku?
49 Saben dina Aku rak iya nunggal karo kowé, memulang ana ing Padaleman Suci; lan kowé ora padha nangkep Aku. Nanging supaya kelakona kang tinulis ing Kitab Suci."
50 Para sakabat banjur ninggal Panjenengané, padha mlayu kabèh.
51 Ana nom-noman ndhèrèkaké Panjenengané, nutupi badané mung nganggo kemul lawon. Wong-wong padha arep nangkep nom-noman iku,
52 nanging nom-noman mau ninggal lawoné, mlayu wuda.
53 Yésus banjur kairid menyang dalemé Imam Agung. Para pangareping imam, pinituwa lan ahli Torèt padha nglumpuk ana ing kono.
54 Déné Pétrus ndhèrèkaké Panjenengané saka kadohan nganti tekan plataraning Imam Agung, banjur lungguh awor para pengawal, sinambi gegeni.
55 Para pangarepé imam dalah warganing Pradata Agama kabèh, padha golèk paseksi kang nglawan Yésus, supaya Panjenengané bisa dipatrapi paukuman pati, nanging ora olèh.
56 Sabab akèh wong kang awèh paseksi palsu nglawan Yésus, nanging paseksi-paseksi iku siji lan sijiné ora cocog.
57 Banjur ana wong sawatara kang ngaturaké paseksi palsu, nglawan Panjenengané kalawan pandakwa, mangkéné,
58 "Kula sampun sami mireng tiyang punika wicanten makaten: Aku bakal ngrubuhakaé Padaleman Suci kang kagawé srana tanganing manungsa iki lan sajroné telung dina Aku bakal mbangun liyané, kang dudu gawéané tanganing manungsa."
59 Bab iki, paseksiné wong-wong iku uga cengkah karo liyané.
60 Imam Agung banjur jumeneng ana ing satengahing parepatan, nuli ndangu marang Yésus, "Apa kowé ora mangsuli babar pisan? Kepriyé mungguh paseksiné wong-wong kang ndakwa kowé iku?"
61 Nanging Panjenengané kèndel baé, ora paring wangsulan apa-apa. Imam Agung ndangu Yésus manèh, pangandikané, "Apa kowé iku Mésias, Putrané Kang Pinuji?"
62 Paring wangsulané Yésus, "Iya Aku iki Panjenengané, lan kowé bakal padha weruh Putrané Manungsa lenggah ing satengené Kang Mahakwasa lan rawuh ana ing méganing langit."
63 Imam Agung banjur nyuwèk-nyuwèk agemané lan ngandika, "Kanggé punapa kita taksih mbetahaken seksi malih?
64 Panjenengan sampun sami midhanget panyenyamahipun dhateng Allah. Kadospundi pamanggih panjenengan?" Wong-wong kabèh saiyeg padha netepaké Yésus kudu kaukum pati.
65 Wong sawatara banjur wiwit ngidoni Panjenengané, lan nutupi pasuryané sarta njotosi kalawan kandha marang Panjenengané, "Hé, nabi, coba bedhèken!" Dalah para pengawal iya mèlu padha ngantemi Yésus.
66 Nalika iku Pétrus isih ana ngisor, ana ing plataran. Banjur ana wong wadon, abdiné Imam Agung, kang teka,
67 lan bareng weruh Pétrus gegeni, banjur namataké rainé, lan ngucap, "Sampéyan niku rak enggih tansah sareng kalih Yésus, tiyang Nasarèt niku."
68 Nanging Pétrus sélak, wangsulané, "Kula mboten ngerti lan enggih mboten mudheng napa sing mang karepké niku." Pétrus banjur pindhah menyang èmpèr ngarep. (Nuli ana jago kluruk.)
69 Bareng wong wadon mau weruh Pétrus manèh, banjur iya kandha-kandha marang wong-wong kang ana ing kono, "Tiyang niku enggih saking panunggalané."
70 Nanging Pétrus sélak manèh. Ora let suwé wong-wong kang ana ing kono padha calathu manèh marang Pétrus, "Sampéyan niku genah tunggalé, napa malih sampéyan tiyang Galiléa!"
71 Nanging Pétrus banjur wiwit supata lan sumpah-sumpah, "Kula mboten kenal tiyang sing mang kandhakké niku!"
72 Sanalika iku uga jago kluruk kaping pindhoné. Pétrus banjur kèlingan marang pangandikané Yésus, "Sadurungé jago kluruk ping pindho, kowé wus nyélaki Aku kaping telu." Banjur nangis sesenggrukan.