1 Bareng Yésus pirsa wong golongan iku, banjur minggah ing gunung lan sawisé lenggah, para sakabaté padha ngadhep ing ngarsané.
2 Panjenengané tumuli medhar sabda, paring piwulang, pangandikané,
3 "Rahayu wong kang mlarat ing budi, awit iku kang padha nduwèni Kratoning Swarga.
4 Rahayu wong kang prihatin, awit iku kang bakal padha kalipur.
5 Rahayu wong kang lembah-manah, awit iku kang bakal padha tampa warisan bumi.
6 Rahayu wong kang kaluwèn lan ngelak marang karsané Allah, awit iku kang bakal padha kawaregan.
7 Rahayu wong kang ambek-welasan, awit iku bakal padha olèh piwelas.
8 Rahayu wong kang resik atiné, awit iku bakal padha sumurup marang Allah.
9 Rahayu wong kang dhemen gawé tentrem, awit iku kang bakal padha kasebut para putraning Allah.
10 Rahayu wong kang kaaniaya marga nindakaké karsané Allah, awit iku kang padha nduwèni Kratoning Swarga.
11 Rahayu kowé, menawa kowé diwewada lan dianiaya sarta didakwa nindakaké sarupaning piala kang ora nyata, marga saka Aku.
12 Padha bungaha lan sukarenaa, sabab gedhé ganjaranmu ana ing swarga, awit iya kaya mangkono anggoné wong-wong padha nganiaya para nabi sadurungé kowé."
13 "Kowé iku uyahing bumi. Lah yèn uyah iku ilang asiné, arep diasinaké nganggo apa? Wus ora ana gunané manèh kajaba mung dibuwang lan diidak-idak ing wong.
14 Kowé iku pepadhanging jagat. Kutha kang ana ing ndhuwur gunung iku ora kaling-kalingan.
15 Lan manèh wong nyumed lampu iku ora disèlèhaké ing sangisoré genthong, nanging ditumpangaké ing cagak-lampu, temah madhangi kabèh kang ana ing jero omah iku.
16 Samono uga padhangmu iya sorotna marang wong, temah padha sumurup marang panggawému kang becik, banjur padha ngluhuraké Ramamu kang ana ing swarga."
17 "Kowé aja padha ngira, yèn Aku teka supaya mbatalaké Torèt utawa kitabé para nabi. Tekaku iki ora supaya mbatalaké, nanging nyampurnakaké.
18 Awit satemené Aku pitutur marang kowé: Nganti langit lan bumi iki sirna, dadia aksara kang cilik dhéwé utawa titik siji baé ora ana kang kabuwang saka ing Torèt, sadurungé iku kabèh kalakon.
19 Mulané sing sapa mbatalaké salah siji saka pepakoning angger-angger iki, sanadyan kang cilik dhéwé, sarta mulangaké mangkono marang wong, iku bakal kasebut kang cilik dhéwé ana ing Kratoning Swarga. Nanging sing sapa nindakaké lan mulangaké pepakoning Torèt kabèh, iku bakal kasebut kang gedhé ana ing Kratoning Swarga.
20 Mulané Aku pitutur marang kowé: Menawa anggonmu netepi karsané Allah ora ngungkuli para ngulama lan para Farisi, kowé mesthi ora bakal lumebu ing Kratoning Swarga."
21 "Kowé wis padha krungu, yèn wus kapangandikakaké marang para leluhur: Sira aja mematèni, sing sapa mematèni kudu diladèkaké marang pangadilan.
22 Nanging Aku pitutur marang kowé: Sing sapa nepsu marang saduluré, kudu diladèkaké marang pangadilan; sing sapa ngunèkaké saduluré: Kapir, kudu diukum déning pangadilan agama, lan sing sapa ngunèkaké: Murtad, kudu kacemplungaké ing naraka murub.
23 Mulané menawa kowé lagi lumaku nggawa pisungsung menyang misbyah, mangka banjur kèlingan yèn sadulurmu lagi duwé ganjelan ing atiné tumrap kowé,
24 pisungsungmu tinggalen ana ing ngarepé misbyah kono, nuli maranana sadulurmu mau, rukuna dhisik, sawisé iku banjur balia, nyaosna pisungsungmu.
25 Endang rukuna karo lawananmu nalika lagi lumaku bebarengan menyang pangadilan, supaya kowé aja nganti diladèkaké déning lawananmu mau marang jaksa, jaksa banjur masrahaké kowé marang pambantuné, temahan kowé dilebokaké ing pakunjaran.
26 Satemené Aku pitutur marang kowé: Kowé ora bakal metu saka ing kono, sadurungé kowé nyaur utangmu nganti sah."
27 "Kowé wis padha krungu pangandika mangkéné: Sira aja laku jina!
28 Nanging Aku pitutur marang kowé: Sing sapa mandeng wong wadon kalawan derenging napsu marang dhèwèké, iku wus laku jina sajroning atiné.
29 Mulané menawa mripatmu tengen dadi jalaraning piala, cuplaken banjur buwangen, amarga luwih becik kélangan salah siji saka péranganing badanmu katimbang badanmu sakojur kacemplungaké ing naraka.
30 Lan manèh menawa tanganmu tengen dadi jalaraning piala, kethoken banjur buwangen, amarga luwih becik kélangan salah siji péranganing badanmu katimbang badanmu sakojur kacemplungaké ing naraka.
31 Uga ana pangandika mangkéné: Sing sapa megat bojoné, kudu mènèhi layang pegat.
32 Nanging Aku pitutur marang kowé: Sing sapa megat bojoné ora jalaran saka laku jina, iku ndadèkaké bojoné laku jina lan sing sapa ngalap bojo wong wadon kang kapegat mau, dadi laku jina."
33 "Kowé wis padha krungu, yèn para leluhur padha tampa pangandika mangkéné: Aja nglairaké sumpah palsu, nanging tetepana sumpahira ana ing ngarsaning Pangéran.
34 Nanging Aku malah pitutur marang kowé: Aja supata babar pisan, dadia demi swarga, awit iku dhamparing Allah,
35 dadia demi bumi, awit iku ancik-anciking sampéyané, dadia demi Yérusalèm, awit iku kuthané Nata Agung.
36 Iya aja supata demi sirahmu, awit kowé ora bisa mutihaké utawa ngirengaké rambutmu saeler baé.
37 Yèn iya, kandhaa: Iya, yèn ora, kandhaa: Ora. Saluwihé saka iku, asalé saka pangawak dursila."
38 "Kowé wis padha krungu pangandika mangkéné: Mripat winales mripat, untu winales untu.
39 Nanging Aku pitutur marang kowé: Kowé aja nglawan marang wong kang gawé piala marang kowé, malah sapa kang napuk pipimu tengen, pipimu kiwa ulungna pisan.
40 Lan menawa ana wong kang arep prakaran karo kowé, sedyané ngepèk klambimu, jubahmu pasrahna pisan.
41 Apadéné menawa kowé dipeksa dikon ngiringaké lakuné wong samil, iringna nganti rong mil.
42 Yèn ana wong njejaluk marang kowé, wènèhana lan aja nulak wong kang arep utang marang kowé."
43 "Kowé iya wis padha krungu pangandika: Sira tresnaa marang sapepadhanira lan sengita marang mungsuhira!
44 Nanging aku malah pitutur marang kowé: Padha tresnaa marang mungsuhmu; wong kang nganiaya kowé padha dongakna slamet,
45 sarana mangkono kowé padha dadi putrané Ramamu kang ana ing swarga, kang mlethèkaké srengéngé marang wong ala lan wong becik, sarta nurunaké udan marang wong kang ambek adil lan kang ora.
46 Déné menawa kowé tresna marang wong kang nresnani kowé, iku kowé olèh pituwas apa? Para juru-mupu-béya rak ya tumindak mangkono, ta?
47 Lan menawa kowé awèh salam mung marang sadulur-sadulurmu baé, kaluwihanmu apa? Wong kang ora wanuh marang Allah rak ya tumindak mangkono, ta?
48 Mulané kowé padha sampurnaa, kaya Ramamu ing swarga iya sampurna."

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Matius 5
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Matius 5
Studi Alkitab dengan Video LUMO, silahkan lihat LUMO Indonesia :: Matius

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke