1 Nalika Yésus wus miyos ana ing Bètlehèm, wilayah Yudéa, yaiku nalika jamané Raja Hérodès, lah ana para pandhita saka Wétan padha teka ing Yérusalèm
2 lan takon-takon, "Rajanipun tiyang Yahudi ingkang nembé miyos punika wonten ing pundi? Margi kula sampun sami sumerep lintangipun wonten ing Wétan, déné anggèn kula mriki punika badhé sami sujud wonten ing ngarsanipun."
3 Bareng miyarsa kang mangkono iku, Hérodès banget geteré, mangkono uga wong sakutha Yérusalèm kabèh.
4 Banjur nimbali sakèhé para pangareping imam lan para ahli Torèt bangsa Yahudi, lan padha kadangu ana ngendi Sang Kristus bakal miyos.
5 Unjuké kang padha kadangu, "Wonten ing Bètlehèm, wilayah Yudéa, awit ingkang sampun kaserat déning nabi, makaten:
6 Anadéné sira, hé Bètlehèm wilayah Yéhuda, sira iku babar pisan ora kang cilik dhéwé ana ing antarané para kang ngasta papréntahan ing wilayah Yéhuda, amarga saka sira bakal ana panutan miyos, kang bakal ngengon umatingsun Israèl."
7 Hérodès banjur nimbali para pandhita mau kanthi sesidheman, padha kadangu kanthi tlesih bab wektu katoning lintangé;
8 nuli padha didhawuhi menyang Bètlehèm sarta kaweling, "Padha mangkata, titi-priksanen sing tlesih bab Sang Timur iku, déné samangsa wus ketemu, énggal padha ngaturana uninga marang aku, supaya aku iya bisa mrana nyembah marang Panjenengané."
9 Para pandhita sawisé ngrungu dhawuhé raja iku, banjur padha mangkat. Lah nalika iku, lintang kang wis kadeleng ana ing Wétan mau, nuntun lakuné para pandhita nganti tekan papan kang katuju, lan banjur mandheg ing sandhuwuré padunungané Sang Timur.
10 Bareng weruh lintangé, padha bungah banget.
11 Banjur padha lumebu ing omah lan ndeleng Sang Timur karo Maria kang ibu, nuli padha sujud nyembah marang Panjenengané. Tumuli padha mbukaki pethiné raja-brana, Padha nyaosaké pisungsung marang Panjenengané arupa mas, menyan lan blendok mur.
12 Sabanjuré, sarèhné padha diélingaké ing sajroning impèn, supaya aja bali sowan ing ngarsané Hérodès, mula mulihé menyang tanahé padha metu dalan liya.
13 Sapungkuré para pandhita mau tumuli ana malaékating Pangéran, kang ngatingali marang Yusuf ing sajroning impèn lan dhawuh, "Tangia, Sang Timur lan kang ibu ungsèkna menyang Mesir, sarta manggona ing kana nganti Ingsun paring pangandika marang sira. Awit Hérodès bakal nggolèki Sang Timur lan arep nyédani Panjenengané."
14 Yusuf tangi lan ing bengi iku uga nambut Sang Timur dalah kang ibu, tumuli ngungsi menyang Mesir,
15 lan manggon ing kana nganti sasédané Hérodès. Mangkono dadiné katetepan apa kang kapangandikakaké déning Pangéran, lantaran nabi, "Saka Mesir anggoningsun nimbali Putraningsun."
16 Bareng Hérodès pirsa yèn Panjenengané diapusi, banget dukané, banjur dhawuh matèni sakèhé bocah lanang ing Bètlehèm lan sakubengé, sing umur rong taun sapangisor, manut wektu kang kadangokaké kanthi tlesih marang para pandhita.
17 Kang mangkono iku, katetepan kang kapangandikakaké lantaran nabi Yérémia,
18 "Ana swara kaprungu ing Rama, panangis lan pangadhuh kang banget; Rahèl nangisi anak-anaké lan emoh kalipur, awit anak-anaké wus padha ora ana."
19 Bareng Hérodès wis séda, ana malaékating Pangéran kang ngatingali marang Yusuf ing sajroning impèn ana ing Mesir, kang dhawuh,
20 "Tangia, Sang Timur lan kang ibu gawanen bali menyang Israèl, amarga sing padha ngarah sédané Sang Timur wus padha mati."
21 Yusuf banjur tangi, nambut Sang Putra lan kang ibu tumuli mangkat menyang Israèl.
22 Ananging bareng krungu pawarta, yèn Arkhélaus nggentosi kang Rama Hérodès jumeneng raja ing Yudéa, dadi sumelang yèn mrana. Éwadéné sarèhné diparingi pitedah ing sajroning impèn, banjur ngener menyang wilayah Galiléa.
23 Satekané ing kono, tumuli manggon ing kutha kang aran Nasarèt. Kang mangkono iku supaya katetepan apa kang kapangandikakaké déning para nabi, yèn Yésus bakal kasebut: Wong Nasarèt.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Matius 2
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Matius 2
Studi Alkitab dengan Video LUMO, silahkan lihat LUMO Indonesia :: Matius

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke