1 Bareng aku kabèh wus tekan pasisir kanthi slamet, aku lagi padha ngerti, yèn dharatan iku pulo Malta.
2 Pendhudhuk pribumi ing pulo kono becik banget tangkepé marang aku kabèh. Padha gawé bedhiyang gedhé sarta banjur ngajak aku kabèh mrono, jalaran wus wiwit udan, lan hawané adhem.
3 Nalika Paulus mundhut kayu garing sabongkok lan ditumpangaké ing geni mau, ana ula mandi kang metu, amarga saka panasé.
4 Bareng wong-wong padha ndeleng ula kumlawèr kanthil ing astané Paulus, banjur padha rerasanan, "Wong iki mesthi wong kang dosa pati, sabab sanadyan wis bisa oncat saka bebaya ing sagara, Déwi Kaadilan ora marengaké lestari urip."
5 Nanging Paulus nuli ngipataké ula mau menyang geni, déné panjenengané babar pisan ora apa-apa.
6 Éwadéné wong-wong padha ngira, yèn bakal abuh utawa bakal séda sanalika iku uga. Nanging dientèni nganti suwé, padha weruh, yèn panjenengané ora apa-apa, satemah mbalik panemuné, ngarani yèn Paulus iku déwa.
7 Ora adoh saka ing panggonan kono ana palemahan, kagungané panggedhéné pulo iku, asmané Publius. Panjenengané nampani lan paring pamondhokan marang aku kabèh lawasé telung dina kanthi sumanak.
8 Kacarita nalika samana ramané Publius saréan baé marga gerah bentèr lan désèntri. Paulus banjur tindak lumebet ing kamaré nuli ndedonga sarta banjur numpangaké astané ing sarirané, satemah dadi saras.
9 Sawisé lelakon kang mangkono iku, wong-wong lara liyané ing pulo kono padha sowan, lan iya padha disarasaké.
10 Awit saka iku wong-wong mau banget anggoné padha ngajèni marang aku kabèh sarta bareng aku padha mangkat, padha nyangoni apa sakabutuhanku.
11 Sawusé telung sasi, aku padha mangkat saka kono, nunggang kapal saka Alèksandria kang sajroné mangsa bedhidhing labuh ana ing pulo kono. Kapal mau nganggo lambang Dioskuri.
12 Aku padha mampir ing kutha Sirakusa lan lèrèn ana ing kono telung dina.
13 Saka ing kono banjur lelayaran turut pesisir, nuli tekan Regium. Sadinané manèh banjur ana angin saka kidul lan ing dina kapindhoné padha tekan Putioli.
14 Ana ing kono kepanggih karo para sadulur tunggal pracaya, banjur diaturi nginep pitung dina. Sawisé mangkono nuli bidhal menyang Roma.
15 Para Sadulur tunggal pracaya ing kono wis padha krungu warta bab tekaku kabèh, banjur padha methuk nganti tekan papan kang aran Forum Apius lan Très Tabérné. Bareng Paulus mirsa para Sadulur mau, banjur ngunjukaké panuwun marang Allah sarta iku ndadosaké santosaning panggalihé.
16 Bareng aku wis padha tekan Roma, Paulus diparengaké dedalem piyambak karo prajurit siji kang ngawal.
17 Sawusé telung dina Paulus ngaturi rawuh para panggedhéning bangsa Yahudi lan bareng wus padha nglumpuk, banjur dingandikani mangkéné, "Para Sadhèrèk, sanadyan kula mboten kalepatan dhateng bangsa kita utawi dhateng adat utawi tata caranipun para leluhur kita, éwadéné kula dipun tangkep wonten ing kitha Yérusalèm saha lajeng dipun pasrahaken dhateng tiyang Roma.
18 Sareng kula sampun kapriksa, sami sumedya ngluwari, amargi mboten wonten kalepatan kula satunggal kémawon, ingkang pantes kapatrapan paukuman pejah.
19 Ananging tiyang-tiyang Yahudi sami mabeni, mila kula lajeng kapeksa minggah bandhing dhateng Kaisar, nanging mboten kanthi sedya badhé nggigat bangsa kita.
20 Pramila kula lajeng ngaturi rawuh panjenengan sadaya prelu badhé pirembagan, amargi saking pangajeng-ajengipun bangsa Israèl punika kula lajeng karanté."
21 Nanging banjur padha mangsuli, "Kula mboten sami tampi serat-serat saking tanah Yudéa bab panjenengan, punapa déné inggih mboten wonten satunggal kémawon saking sadhèrèk-sadhèrèk kita ingkang mriki martosaken bab ingkang awon tumrap panjenengan.
22 Nanging kula sami kepéngin mireng saking panjenengan, kadospundi pamanggih panjenengan, awit kula sami sumerep, bilih aliran punika wonten ing pundi-pundi dipun lawan."
23 Banjur padha namtokaké dinané. Ing dina kang wus katamtokaké iku, ana wong akèh padha teka ing dalem pondhokané Paulus. Panjenengane nuli paring katrangan lan paseksi bab Kratoning Allah sarta ngyakinaké bab Yésus adhedhasar angger-anggeré Musa lan kitabé para nabi. Pamulangé wiwit ésuk nganti soré.
24 Ana kang banjur padha nganggep marang pangandikané, nanging iya ana kang tetep ora pracaya.
25 Banjur padha bubar tanpa mupakat ing panemu. Nanging Paulus isih ngandikakaké saprakara iki, kang mangkéné, "Saèstu kasinggihan pangandikanipun Roh Suci lumantar Nabi Yésaya dhateng leluhur kita, suraosipun:
26 Sira maranana bangsa iki lan tutura: Sira bakal padha krungu lan krungu manèh, nanging ora mangerti, bakal ndeleng lan ndeleng manèh, nanging ora sumurup.
27 Sabab atiné bangsa iki ndableg, lan kupingé wus dadi budheg, tuwin mripaté padha dieremaké; supaya aja nganti ndeleng lan kupingé aja nganti krungu tuwin atiné aja nganti ngerti banjur mratobat temah sunwarasaké.
28 Pramila kauningana, bilih kawilujengan ingkang saking Allah punika lajeng kaparingaken dhateng bangsa-bangsa sanès ingkang sami purun mirengaken."
29 [Sawisé Paulus ngandika mangkono, wong Yahudi banjur padha bubar kalawan akèh béda-bédaning panemu.]
30 Kacarita Paulus nganti genep rong taun anggoné manggèn ana ing dalem kang diséwa piyambak. Wong kabèh kang sowan padha ditampi.
31 Panjenengané martakaké Kratoning Allah lan mulang bab Gusti Yésus Kristus kalawan terang-terangan sarta ora ana kang mambengi.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Kisah Para Rasul 28
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Kisah Para Rasul 28

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke