1 Awit saka iku Sadulur-sadulurku kang daktresnani lan kang dakkangeni, kang dadi kabungahanku lan makuthaku, padha disantosa ana ing Gusti, hé Sadulur-sadulurku kang kinasih.
2 Éudia dakpituturi lan Sintikhé iya dakpituturi, dipadha sarujuk ana ing Gusti.
3 Lan aku uga duwé panjaluk marang kowé, Sunsugos, kancaku kang setya: Iku padha tulungana. Awit wong-wong iku wis padha nyambut-gawé bebarengan karo aku ana ing pakabaran Injil, sarta bebarengan karo Klèmèns lan kanca-kancaku nyambut-gawé liyané, kang jenengé padha kapacak ana ing buku kauripan.
4 Padha tansah bungah-bungaha ing sajroning Gusti! Dakbalèni manèh pituturku: Padha bungah-bungaha!
5 Kabecikanmu iku disumurupana déning wong kabèh. Gusti wus celak!
6 Aja padha nyumelangaké bab apa baé, nanging sakèhing pepénginanmu padha aturna marang Allah ana ing pandonga lan panyuwun kalawan saos sokur.
7 Tentrem-rahayu kang saka ing Allah, kang ngungkuli saliring budi, bakal rumeksa marang ati lan pangangen-angenmu ana ing Kristus Yésus.
8 Wasana, Sadulur-sadulur, sabarang kang bener, sabarang kang luhur, sabarang kang adil, sabarang kang suci, sabarang kang manis, sabarang kang kepénak dirungu, sabarang kang sinebut kautaman lan pantes dialem, iku kabèh tansah padha udinen.
9 Lan apa kang wis padha koksinau lan kang koktampani sarta kokrungu tuwin kokdeleng ana ing aku, iku lakonana; temahan Allah etuking tentrem-rahayu bakal nunggal karo kowé kabèh.
10 Aku bungah banget ana ing Gusti, déné wusanané pangangen-angen lan pangrasamu tumrap aku tuwuh manèh. Kowé pancèn tansah padha nggatèkaké, nanging ora ana kobermu.
11 Bab iki dakkandhakaké ora marga kakurangan, awit aku wis sinau nyukupi awakku dhéwé ing sadhéngah kaanan.
12 Aku mangerti kakurangan iku apa lan iya ngerti kalubèran iku apa. Ing sadhéngah bab lan ing sadhéngah prakara ora ana kang dadi wadi tumrap aku; ing bab kawaregan, ing bab kaluwèn, ing bab kalubèran apa ing bab kakurangan.
13 Sakèhing prakara bisa daksangga ana ing Panjenengané kang paring kakuwatan marang aku.
14 Nanging iya prayoga tumindakmu, déné kowé wis padha mèlu ngrasakaké karibedanku.
15 Lan kowé dhéwé uga padha sumurup, hé wong-wong Filipi, nalikané aku miwiti ngabaraké Injil, nalikané aku mangkat saka Makédonia, ora ana pasamuwan siji-sijia kang mèlu ngrasakaké pawèwèh lan panampa bebarengan karo aku, kajaba kowé.
16 Amarga ana ing Tésalonika baé kaping pisan pindho kowé wis ngirimaké apa kang dadi kabutuhanku marang aku.
17 Mung baé kang dakudi dudu pawèwèh iku, nanging wohé, kang sangsaya nggedhèkaké kauntunganmu.
18 Saiki aku wis tampa sadéngah kabutuhanku saka kowé, malah luwih saka iku, aku kalubèran, awit aku wis tampa kirimanmu lumantar Épafroditus, pisungsung kang arum, korban sesaosan kang nengsemaké lan ndadèkaké renaning Allah.
19 Allahku bakal nyekapi sakèhing kabutuhanmu laras karo kasugihaning kamulyané ana ing Kristus Yésus.
20 Allah iya Rama kita kaluhurna ing salawas-lawasé! Amin.
21 Aku titip salam marang saben wong suci ana ing Kristus Yésus. Salam marang kowé saka sadulur-sadulur tunggal pracaya kang bebarengan karo aku.
22 Salam marang kowé saka sakèhing para suci, luwih manèh saka kang ana ing kratoné Kaisar.
23 Sih-rahmaté Gusti Yésus Kristus nunggila ing rohmu!