1 Awit aku padha sumurup, menawa kémah padunungan kita ing bumi iki kabongkar, Allah wus nyawisaké panggonan ing swarga kanggo kita, kang langgeng, kang ora kagawé déning tanganing manungsa.
2 Salawasé kita ana ing kémah iki, kita padha sesambat, marga kita kepéngin banget ngenggoni papan padunungan kaswargan,
3 jalaran ana ing kono kita padha nganggo sandhangan sarta ora bakal tinemu wuda.
4 Sabab salawasé isih manggon ing kémah iki, kita sesambat déning aboté momotan, awit kita kepéngin nganggo sadhangan kang anyar iku, tanpa cucul sandhangan kang lawas, supaya kang kena ing pati kauntal déning urip.
5 Nanging iya Allah kang malah nyadhangaké kita tumrap bab iku, lan kang maringi Roh marang kita minangka jaminan.
6 Awit saka iku atiku tansah padha tatag, sanadyan aku padha ngerti, menawa salawasé aku padha manggon ing sajroning badan iki, isih adoh karo Gusti, --
7 sabab urip kita iki sarana pracaya, ora sarana apa kang kena kadeleng --
8 nanging atiku padha tatag, lan aku kabèh luwih seneng pindhah saka ing badan iki lan manggon nunggil karo Gusti.
9 Marga saka iku aku padha ngudi, sajroné aku padha manggon ing badan iki, utawa ana ing sajabané, supaya aku padha dadi kaparengaké.
10 Sabab kita kabèh kudu padha ngadhep ana ing ngarsané dhamparing pangadilané Kristus, prelu nampani ganjaran kang cundhuk karo kang padha kita lakoni dhéwé-dhéwé ing sajroné urip iki, dadia kang becik, dadia kang ala.
11 Kang iku sarèhné aku padha sumurup bab wedi marang Gusti, mulané aku ngudi ngyakinaké wong-wong. Tumrap Allah sedyaku iku wus cetha, lan pangarep-arepku uga mangkonoa tumrap osiking atimu.
12 Awit aku ora padha mbecikaké awakku dhéwé manèh marang kowé, nanging aku padha awèh margané kowé bisa ngegung-egungaké aku kabèh, supaya kowé bisa ngadhepi para wong kang gumunggung tumrap prakara tata lair, ora tumrap prakara-prakara tata batin.
13 Sabab menawa aku padha ora bisa ngemudhèni dhiri, iku marga demi Allah, lan saupama bisa, iku marga demi kowé.
14 Sabab iya sih-katresnané Kristus kang ngwasani aku kabèh, awit aku wus padha sumurup, menawa wong siji wus mati kanggo wong kabèh, dadiné kabèh wus padha mati.
15 Lan Kristus wus nglampahi séda kanggo wong kabèh, supaya wong kang padha urip, uripé ora lumadi marang awaké dhéwé manèh, nanging lumadia marang kang wus séda lan kang wus kawungokaké marga saka wong-wong mau.
16 Mulané wiwit saiki aku ora padha nyawang wong siji baé manut ukuraning manungsa manèh. Lan menawa aku wus padha tau mawas Kristus manut ukuraning manungsa, saiki aku ora padha mawas Panjenengané kanthi patrap mangkono manèh.
17 Dadi sapa kang ana ing Kristus, iku dadi titah anyar: Kang lawas wus sirna, lan kang anyar satemené wus teka.
18 Lan kabèh iku pinangkané saka Allah, kang lumantar Kristus wus ngrukunaké kita kalawan Panjenengané lan kang wus masrahaké ayahan kanggo ngrukunaké iku marang aku kabèh.
19 Awit Allah lumantar Kristus ngrukunaké jagat karo Panjenengané, ora ngétang paneraké, lan masrahaké pawarta karukunan iku marang aku kabèh.
20 Mulané aku iki iya padha dadi utusané Kristus, kang ateges Allah paring pitutur marang kowé kabèh lumantar aku; atas asmané Kristus panjalukku marang kowé: Padha gelema karukunaké karo Allah.
21 Panjenengané kang ora tepang karo dosa, wus kadosakaké marga saka kita, supaya ana ing Panjenengané kita kabeneraké déning Allah.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: 2 Korintus 5
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: 2 Korintus 5

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke