1 Apa kang wis ana ing wiwitan mula, kang wis padha dakrungu, kang wis padha dakdeleng kalawan mripatku, kang wis padha dakwaspadakaké, sarta kang wis padha dakgrayang kalawan tanganku bab Sabdaning urip -- iya iku kang padha daktulis marang kowé.
2 Urip iku wis kababar lan wis padha dakdeleng, sarta saiki aku kabèh padha dadi seksi lan martakaké marang kowé kabèh bab urip langgeng kang dumunung ana ing Sang Rama lan kang wis kalairaké marang aku kabèh.
3 Apa kang wis padha dakdeleng lan dakrungu iku mau iya dakwartakaké marang kowé kabèh, supaya kowé uga padha bisa tetunggalan karo aku kabèh. Lan tetunggalanku kabèh iku, tetunggalan karo Sang Rama lan Sang Putra, Yésus Kristus.
4 Iku mau kabèh padha daktulis marang kowé, supaya kabungahanku dadi sampurna.
5 Anadéné iki pawarta kang wis padha dakrungu saka Panjenengané lan dakwartakaké marang kowé kabèh: Allah iku pepadhang lan Panjenengané ora kadunungan pepeteng babar pisan.
6 Saupama kita padha ngaku tetunggalan karo Panjenengané, mangka urip kita padha ana ing sajroning pepeteng, dadi kita padha goroh lan ora padha nindakaké apa kang bener.
7 Nanging menawa urip kita padha ana ing sajroning pepadhang kayadéné Panjenengané iya ana ing pepadhang, dadi kita siji lan sijiné padha tetunggalan, sarta rahé Yésus, ingkang Putra iku, nucèkaké kita kabèh saka sakèhé dosa.
8 Saupama kita padha ngaku ora duwé dosa, dadi kita padha ngapusi awak kita dhéwé lan padha ora kadunungan kayektèn.
9 Menawa kita padha ngakoni dosa kita, Panjenengané iku setya tuhu lan adil, temah bakal ngapura sakèhé dosa kita, sarta nucèkaké kita saka sakèhing piala.
10 Saupama kita padha ngaku ora gawé dosa, dadi kita padha nganggep Panjenengané dora, sarta pangandikané ora dumunung ana ing kita.