1 Anadéné aku, para Sadulur, nalika iku ora bisa guneman karo kowé kaya marang wong kasukman, nanging mung kaya marang wong kadagingan kang isih kaya bayi ana ing Kristus.
2 Kang dakwènèhaké marang kowé iku susu, dudu pangan kang akas, sabab kowé durung bisa nampa. Malah ing waktu saiki uga, kowé iya durung bisa.
3 Marga kowé isih wujud manungsa kadagingan. Sabab, menawa ing antaramu tinemu rasa kumèrèn sarta pasulayan, apa iku ora dadi tandha-yekti, yèn kowé kabèh iku manungsa kadagingan tuwin pratingkahmu apa ora cara manungsa lumrah?
4 Awit yèn kang siji kandha, "Aku golongané Paulus," lan liyané kandha, "Aku golongané Apolos," apa iku ora nélakaké yèn kowé iku mung manungsa lumrah?
5 Dadi Apolos iku apa? Paulus iku apa? Iku para abdi kang dadi lantarané anggonmu padha dadi pracaya, miturut ayahané dhéwé-dhéwé kang kaparingaké déning Pangéran.
6 Aku kang nandur, Apolos kang nyirami nanging Allah kang nuwuhaké.
7 Mulané kang penting iku dudu kang nandur utawa kang nyirami, nanging Allah kang nuwuhaké.
8 Anadéné kang nandur, lan kang nyirami iku padha; siji-sijiné bakal padha nampani pituwasé dhéwé-dhéwé, laras karo kangèlané.
9 Awit aku kabèh iki padha bebarengan nyambut-gawé kagem pakaryané Allah, déné kowé iku padha dadi lahan garapané Allah, iya dalem yasané Allah.
10 Laras karo sih-rahmaté Allah kang kaparingaké marang aku, aku kang dadi ahli gawé omah kang trampil wis masang pondhasiné, lan wong liya padha nerusaké mbangun ing sandhuwuré. Nanging saben wong kudu nggatèkaké, kepriyé anggoné padha mbangun ing sandhuwuré iku.
11 Sabab ora ana wong kang bisa masang pondhasi liyané kajaba kang wus dipasang, yaiku Yésus Kristus.
12 Embuh anggoné mbangun ing sandhuwuré iku mau migunakaké emas, pérak, watu aji, kayu, suket garing utawa damèn,
13 bésuk garapané saben wong mau bakal kawiyak, awit dinané Gusti kang bakal nélakaké. Amarga kebabaré dina iku srana geni, garapané saben wong bakal kadadar ing geni mau.
14 Menawa garapané bisa lestari, wong iku bakal tampa pituwas.
15 Menawa garapané kobong, wong iku bakal ora tampa pituwas, nanging wongé dhéwé bakal kapitulungan rahayu, mung baé kaya wong kang oncat saka geni.
16 Apa kowé padha ora sumurup, yèn kowé bebarengan iku padha dadi padalemaning Allah, sarta Rohé Allah iya dedalem ana ing kowé?
17 Menawa ana wong kang ngrusak padalemaning Allah, Panjenengané bakal ngrusak wong mau. Sabab padalemaning Allah iku suci, yaiku kowé kabèh.
18 Aja nganti ana wong kang ngapusi awaké dhéwé. Yèn ing antaramu ana kang rumangsa wicaksana miturut jagat iki, karebèn wong iku dadi bodho, supaya dadi wicaksana.
19 Awit kawicaksanané jagat iki kaanggep bodho tumrap Allah. Sabab ana tulisan suraosé, "Panjenengané nangkep para wicaksana sajroning kajuligané."
20 Lan ing panggonan liya, mangkéné, "Pangéran pirsa pikirané para wong wicaksana, menawa iku kabèh tanpa guna."
21 Mulané aja nganti ana wong kang ngegungaké para manungsa, amarga samubarang kabèh iku dadi darbèkmu:
22 dadia Paulus, Apolos, utawa Kéfas, dadia jagat, urip utawa pati, dadia wektu saiki utawa wektu kang bakal kelakon. Kabèh iku darbèkmu,
23 nanging kowé padha dadi kagungané Kristus, sarta Kristus iku kagungané Allah.