1 Sawisé Yésus ngandika mangkono, banjur miyos saka ing kono tindak menyang sabrangé kali Kidron bareng karo para sakabaté. Ing kono ana patamanan kang tumuli dilebeti bareng karo para sakabaté.
2 Yudas, kang ngulungaké Yésus iya weruh panggonan iku, amarga Yésus asring nglempak karo para sakabaté ana ing kono.
3 Yudas banjur teka ing kono kanthi prajurit sapantha lan para tukang jaga Padaleman Suci, kang diutus déning para pangarepé imam tuwin para Farisi, padha nggawa lentéra, obor, sarta gegaman.
4 Yésus pirsa sabarang kang bakal nempuh sarirané, banjur majeng sarta ngandika marang wong-wong mau, "Kowé padha nggolèki sapa?"
5 Wangsulané kang padha kadangu, "Yésus wong Nasarèt." Pangandikané Yésus, "Iya Aku iki." Yudas kang ngulungaké Panjenengané, uga ngadeg ana ing kono bareng karo wong-wong mau.
6 Bareng padha dipangandikani, "Iya Aku iki," tumuli padha mundur sarta tiba ing lemah.
7 Yésus banjur ndangu manèh marang wong-wong mau, "Kowé padha nggolèki sapa?" Unjuké wong-wong mau, "Yésus wong Nasarèt."
8 Yésus paring wangsulan, "Aku wus pitutur marang kowé: Iya Aku iki wongé. Menawa Aku kang padha kokgolèki, wong-wong iki karebèn padha lunga."
9 Mangkono iku supaya ngetrepi pangandika kang mangkéné, "Tiyang-tiyang ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula mboten wonten satunggal kémawon ingkang kawula icalaken."
10 Simon Pétrus kang asikep pedhang, banjur ngunus pedhangé, disabetaké marang abdiné Imam Agung, kupingé kang tengen kaperung. Abdi mau jenengé Malkhus.
11 Yésus tumuli ngandika marang Pétrus, "Pedhangmu wrangkakna; apa Aku ora kudu ngombé isining tuwung peparingé Sang Rama marang Aku?"
12 Prajurit sapantha lan panggedéné sarta para tukang jaga, kang dikongkon déning wong Yahudi, banjur nyekel Yésus nuli kabanda,
13 Panjenengané kajujugaké luwih dhisik menyang dalemé Hanas, awit iku marasepuhé Kayafas, kang jumeneng Imam Agung ing taun iku;
14 lan iya Kayafas iku kang wus paring pamrayoga para pangarepé wong Yahudi, "Luwih maédahi menawa wong siji mati kanggo sakèhing bangsa."
15 Simon Pétrus karo sakabat siji liyané ngetutaké Yésus. Sakabat iku mau tepang karo Imam Agung, banjur mlebu menyang plataraning dalemé Imam Agung bareng karo Yésus,
16 nanging Pétrus kari ing jaba cedhak régol. Sakabat liyané iku kang tepang karo Imam Agung, nuli metu manèh, rembugan karo wong wadon kang njaga régol, banjur ngajak Pétrus mlebu.
17 Abdi wadon kang tunggu régol mau ngelokaké Pétrus, "Sampéyan rak inggih panunggalané sakabaté tiyang niku?" Wangsulané Pétrus, "Sanès!"
18 Ing nalika iku para abdi lan para tukang jaga Padaleman Suci wus padha gawé bedhiyang, marga ing wektu iku hawané adhem, wong-wong iku padha ngadeg gegeni ana ing kono. Pétrus uga ngadeg gegeni awor karo wong-wong mau.
19 Imam Agung banjur ndangu marang Yésus bab para sakabaté lan bab piwulangé.
20 Wangsulané Yésus, "Anggèn Kula mituturi jagat punika wonten ing ngedhèngan: Kula wicanten kanthi ngeblak dhateng jagat punika: Kula mucal salaminipun wonten ing papan pangibadah lan ing Padaleman Suci, panggènanipun tiyang-tiyang Yahudi sami makempal; kula mboten naté wicanten kanthi sesidheman.
21 Punapaa déné panjenengan pitakèn dhateng Kula? Mangga pitakèna dhateng tiyang-tiyang ingkang sampun sami mireng punapa ingkang sampun kula wucalaken dhateng tiyang-tiyang wau; sayektos, tiyang-tiyang wau sampun sami mangertos punapa ingkang Kula wucalaken."
22 Nalika Panjenengané ngandika mangkono iku, ana tukang jaga kang ngadeg sacedhaké kono, napuk pasuryané Yésus kambi kandha, "Kaya mangkono iku wangsulanmu marang Imam Agung?"
23 Yésus paring wangsulan, pangandikané, "Menawa wangsulanku iku luput, tuduhna luputé, nanging menawa bener, sabab apa kowé napuk Aku?"
24 Yésus banjur kapurugaké kalawan kabanda menyang ngarsané Kayafas kang jumeneng Imam Agung.
25 Simon Pétrus isih ngadeg gegeni. Wong-wong kang ana ing kono padha ngelokaké Pétrus, "Sampéyan rak inggih sakabaté, ta?"
26 Pétrus sélak, pangucapé, "Sanès." Sawijiné abdiné Imam Agung, kalebu sanaké kang kaperung kupingé déning Pétrus, tumuli kandha, "Napa dudu sampéyan sing kula sumerep teng patamanan sareng tiyang niku?"
27 Pétrus iya sélak manèh, lan nalika iku ana jago kluruk.
28 Sawisé iku, Yésus kairid saka dalemé Kayafas menyang gedhong pangadilan. Nalika iku wayahé isih ésuk. Kang padha ngirid Panjenengané iku ora lumebu ing gedhong pangadilan, supaya aja kena ing najis, awit arep padha mangan ing pahargyan Paskah.
29 Mulané Pilatus kang miyos manggihi wong-wong mau, sarta ngandika, "Panggugatmu marang Wong iku bab prakara apa?"
30 Wong-wong mau padha mangsuli, aturé, "Manawi Tiyang punika sanès durjana, kula sami mboten ngladosaken dhateng Panjenengan!"
31 Dhawuhé Pilatus, "Wus gawanen Wongé, patrapana miturut angger-anggering Torètmu." Aturé wong-wong Yahudi, "Kula mboten sami kawenangaken matrapi paukuman pejah dhateng tiyang."
32 Kang mangkono iku supaya kayektènana pangandikané Yésus, kang dingandikakaké kanggo mratélakaké kepriyé patrap bakal sédané.
33 Pilatus banjur lumebet manèh ing gedhong pangadilan, nuli nimbali Yésus sarta ngandika, "Punapa Sampéyan punika ratunipun tiyang Yahudi?"
34 Yésus paring wangsulan, "Panjenengan ngandika makaten punika punapa saking panggalih panjenengan piyambak, punapa wonten tiyang sanès ingkang munjuk makaten dhateng panjenengan bab ingatasipun Kula?"
35 Pilatus ngandika, "Punapa kula punika tiyang Yahudi? Bangsa Sampéyan piyambak lan para pangajenging imam ingkang ngladosaken Sampéyan dhateng kula; Sampéyan tumindak punapa?"
36 Yésus paring wangsulan, "Kraton Kula mboten saking donya ngriki; manawi kraton Kula saking donya ngriki, mesthi tiyang-tiyang Kula sami nglawan, supados Kula sampun ngantos kaulungaken dhateng tiyang Yahudi. Nanging kraton Kula mboten saking ngriki."
37 Pilatus banjur ngandika, "Dados, Sampéyan punika punapa raja?" Paring wangsulané Yésus, "Panjenengan sampun mastani, bilih Kula punika raja. Inggih punika prelunipun Kula lair lan inggih punika prelunipun Kula dhateng donya punika, supados Kula neksèni ing kayektosan; saben tiyang ingkang asalipun saking kayektosan, sami mirengaken swanten Kula."
38 Pangandikané Pilatus, "Kayektosan punika punapa?" (18-38b) Sawisé ngandika mangkono, Pilatus tumuli miyos manggihi wong-wong Yahudi manèh sarta ngandika, "Mungguh ing aku Wong iku ora ana kaluputané apa-apa.
39 Nanging kowé padha duwé padatan, samasa riyaya Paskah aku nglilani luwaré wong siji kanggo kowé. Apa dadi karepmu supaya aku nglilakaké luwaré rajané wong Yahudi kanggo kowé?"
40 Wong-wong mau padha mbengok manèh, "Sampun Tiyang punika, nanging Barabas kémawon!" Anadéné Barabas iku bégal.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Yohanes 18
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Yohanes 18
Studi Alkitab dengan Video LUMO, silahkan lihat LUMO Indonesia :: Yohanes

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke