1 Aku tumuli dituduhi kali banyuning kauripan, kang bening kaya kristal, kang mili metu saka ing dhamparé Allah lan dhamparé Sang Cempé.
2 Ing satengahé dalaning kutha iku, yaiku ing sakiwa-tengené bengawan, ana wit kauripan kang metokaké woh ping rolas, saben sasi sapisan; lan godhongé wit iku mau dianggo maluyakaké para bangsa.
3 Ing kana bakal ora ana laknat manèh. Dhamparé Allah lan Sang Cempé bakal ana ing tengahé, lan para abdiné bakal padha ngabekti marang Panjenengané,
4 lan bakal padha nyawang pasuryané sarta bakal katulisan asmané ing bathuké.
5 Ing kana bakal ora ana manèh wayah bengi, sarta ora mbutuhaké padhanging damar utawa padhanging srengéngé, amarga Pangéran Allah bakal madhangi, sarta wong-wong mau bakal padha mréntah dadi raja langgeng ing salawas-lawasé.
6 Aku tumuli dingandikani mangkéné, "Pangandika iku mau satuhu lan nyata, sarta Pangéran, Allah kang paring roh marang para nabi, wis ngutus malaékaté supaya nuduhaké marang para abdiné apa kang pinasthi énggal kelakon."
7 "Satemené Ingsun bakal énggal rawuh. Rahayu wong kang netepi pangandika pamecané kitab iki!"
8 Anadéné aku, Yohanes, kang wis ndeleng lan krungu prakara iku mau kabèh. Sawusé krungu lan ndeleng, aku nuli sumungkem ing sampéyané malaékat, kang wus nedahaké iku mau kabèh marang aku, prelu sujud.
9 Nanging pangandikané marang aku, "Aja mangkono! Amarga aku iki abdi, padha kaya kowé lan sadulur-sadulurmu tunggal pracaya, para nabi, sarta sakèhing kang padha netepi pangandikané kitab iki. Sujuda marang Allah!"
10 Aku tumuli dingandikani manèh, "Pangandika pawedhar-wangsité kitab iki aja sira sègel, awit wektuné wus cedhak.
11 Sing sapa gawé duraka, terusna gawé duraka, sing sapa jember, terusna njemberaké awak; lan sing sapa laku bener, terusna laku bener; sing sapa suci, terusna nucèkaké awaké!"
12 "Satemené Ingsun bakal énggal rawuh, sarta ngasta ganjaraningsun, kagawé males marang saben wong miturut sapanggawéné.
13 Ingsun iki Alfa lan Oméga, Kang Murwani lan Kang Mungkasi, Kang Wiwitan lan Kang Pungkasan.
14 Rahayu wong kang padha ngumbah sandhangané. Iku kang bakal padha duwé wewenang tumrap kauripan, lan lumebu ing kutha, liwat gapura-gapurané.
15 Nanging asu lan para juru-tenung, tuwin para sundel, wong kang gawé pati, lan kang padha nyembah brahala, sarta saben wong kang dhemen lan nglakoni para-cidra, iku padha ana ing sanjabaning kutha.
16 Ingsun, Yésus, wis ngutus malaékatingsun supaya gawé paseksi tumrap iku kabèh marang sira kanggo pasamuwan-pasamuwan. Ingsun iki sogolan, yaiku trahé Dawud, lintang panjer ésuk kang mancorong."
17 Roh lan pangantèn putri padha nyebut, "Paduka mugi rawuh!" Lan sapa kang krungu, iku munjuka, "Paduka mugi rawuh!" Lan sapa kang ngelak, nyedhaka lan sapa kang gelem, njupuka banyu kauripan kanthi lelahanan.
18 Aku awèh paseksi marang saben wong kang ngrungokaké pawedhar-wangsité pangandika ing kitab iki, "Menawa ana wong kang muwuhi apa-apa ing pangandika iki, Allah bakal muwuhi wewelak marang wong iku, padha kaya kang katulis ing kitab iki.
19 Lan menawa ana wong kang ngurangi pangandikané kitab pamedhar-wangsit iki, Allah bakal mundhut pandumané saka ing wit kauripan lan saka ing kutha suci, kaya kang katulis ana ing kitab iki."
20 Panjenengané kang nglairaké paseksi iku mau kabèh ngandika mangkéné, "Iya, Ingsun énggal rawuh!" Amin, inggih Gusti Yésus, Paduka mugi rawuh!
21 Sih-rahmaté Gusti Yésus nunggila ing kowé kabèh! Amin.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Wahyu 22
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Wahyu 22

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke