1 Saka Paulus, abdining Allah lan rasulé Yésus Kristus, kanggo ngrumati pracayaning para pepilihané Allah sarta kawruh ing bab kayektèn, kaya kang kababar ing pangibadah kita,
2 kadhasaran pangarep-arep marang urip langgeng kang sadurungé wiwitaning jaman wis kaprasetyakaké déning Allah kang ora cidra.
3 Ing waktu kang kinersakaké, Panjenengané wis medhar pangandika ana ing pangundhanging Injil, kang wis kapitayakaké marang aku cundhuk karo dhawuhing Allah, Pamarta kita.
4 Marang Titus, anakku kang satuhu awit saka tunggal pracaya: Sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka Allah Sang Rama lan Kristus Yésus, Pamarta kita, anaa ing kowé.
5 Kowé daktinggal ana ing Kréta, supaya mranata apa kang isih prelu ditata sarta supaya ngangkat pinituwa-pinituwa ana ing saben kutha, kaya kang wis dakwelingaké marang kowé,
6 yaiku para wong kang tanpa cacad, kang somahé siji, kang anak-anaké padha pracaya lan ora didakwa marga uripé ora pantes tuwin ora tumata.
7 Amarga pamomonging pasamuwan iku dadi juru-pranatané padalemaning Allah, mulané kudu tanpa cacad, ora gumunggung, ora gampang nepsu, ora seneng endem-endeman, ora brangasan, ora srakah,
8 nanging seneng awèh pamondhokan, seneng marang kang becik, wicaksana, adil, salèh, bisa ngendhalèni dhiri
9 sarta ngantepi pitembungan kang bener, kang cundhuk karo piwulang kang sanyata, supaya bisa mituturi wong adhedhasar piwulang iku tuwin bisa ngyakinaké wong kang padha nglawan.
10 Amarga wis akèh wong kang uripé padha ora tumata, luwih manèh saka panunggalané wong kang ngugemi pranatan tetak; iku padha nasaraké wong nganggo tembung-tembung ngayawara.
11 Wong-wong kang kaya mangkono iku kudu dibungkem, awit iku gawé kisruhing brayat akèh kalawan piwulangé kang ora patut, supaya olèh kauntungan kang nistha.
12 Ana panunggalané wong-wong iku, yaiku nabiné dhéwé, iku tau kandha mangkéné, "Dhasar wong Kréta iku tukang goroh, kéwan galak lan wong dremba kang kesèd."
13 Paseksi mangkono iku bener. Awit saka iku welèhna kang banget, supaya pracayané dadi pulih,
14 sarta aja manèh-manèh nggatèkaké marang dongèng-dongèng Yahudi lan angger-anggering manungsa kang nyingkur kayektèn.
15 Tumrap wong kang suci, samubarang kabèh iku resik, nanging tumrap wong kang najis lan kang ora pracaya, ora ana barang siji baé kang resik, awit pikirané lan osiking atiné najis.
16 Wong-wong iku ngakuné padha wanuh marang Allah, nanging kalawan tingkah-lakuné, padha nyélaki Panjenengané. Padha njemberi lan murang sarak sarta ora bisa nindakaké samubarang kang becik.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Titus 1
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Titus 1

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke