1 Aku ngandhakaké apa kang bener ana ing Kristus, aku ora goroh. Sabab osiking atiku mèlu neksèni marga déning Roh Suci,
2 menawa aku nandhang prihatin banget, lan tansah sedhih.
3 Malah aku saguh nampa ipat-ipat, sarta kapisah saka Kristus marga para Sadulurku, golonganing bangsaku cara daging.
4 Sabab wong-wong kabèh iku wong Israèl kang wis kaangkat dadi putra lan wis kaparingan kamulyan tuwin prajanjian-prajanjian sarta angger-anggering Torèt, apadéné pangibadah lan prasetya-prasetya.
5 Wong-wong iku padha tedhak-turuné para bapa leluhur, kang cara kadagingan nurunaké Kristus, kang ngungkuli samubarang kabèh. Panjenengané iku Allah kang kudu pinuji-puji ing salawas-lawasé. Amin.
6 Éwadéné pangandikané Allah iku mokal yèn ta nganti gagal. Awit ora kabèh wong kang asalé saka Israèl iku wong Israèl,
7 lan iya ora kabèh kang kagolong putrané Abraham iku tedhaké Abraham kang sejati, nanging, "Kang asalé saka Ishak iku kang bakal kasebut turunira."
8 Tegesé: Dudu anak-anak kang cara kadagingan kang dadi para putrané Allah, nanging para anak prasetyan kang kaétung dadi turun kang sah.
9 Sabab pangandika iku isi prasetya, mangkéné, "Ing watara pendhak mangsa iki Ingsun bakal rawuh, sarta Sarah bakal duwé anak lanang."
10 Malah ora mung iku baé. Kang luwih cetha manèh yaiku Ribka kang mbobot saka priya siji, yaiku Ishak, bapa leluhur kita.
11 Sabab nalika bayi-bayi mau durung padha lair, lan durung nglakoni panggawé becik utawa ala, -- supaya rancangané Allah bab pamilihé tetepa, ora adhedhasar panggawé nanging adhedhasar timbalané --
12 dingandikakaké marang Ribka, mangkéné, "Sing tuwa bakal ngawula marang sing enom,"
13 iya kaya kang katulis, surasané, "Yakub sunkasihi, nanging Ésau sunsengiti."
14 Yèn mangkono, apa kang bakal kita kandhakaké? Apa Allah ora adil? Mokal!
15 Sabab Panjenengané wis ngandika marang Musa, mangkéné, "Ingsun bakal melasi marang sapa baé kang sunkarsakaké sunwelasi, sarta Ingsun bakal paring sih-kamirahan marang sapa baé kang sunkarsakaké sunparingi sih-kamirahan."
16 Dadi bab iku ora gumantung marang kareping wong utawa réka-dayaning wong, nanging gumantung marang sih-kamirahané Allah.
17 Marga ing Kitab Suci ana pangandika marang Firaun, mangkéné, "Ya mangkono iku sababé anggoningsun ngangkat sira, yaiku supaya Ingsun bisa ngatingalaké pangwaosingsun ana ing sira, sarta asmaningsun supaya kasuwurna ing salumahing bumi."
18 Dadi Panjenengané maringi sih-piwelas marang sapa baé kang dikarsakaké, lan Panjenengané mangkotaké sapa baé kang dikarsakaké.
19 Saiki kowé arep kandha marang aku, "Yèn mangkono, apa manèh kang isih kaanggep luput déning Panjenengané? Sabab sapa kang bisa nglawan karsané?"
20 Nanging, hé manungsa, kowé iku sapa ta déné kok madoni Allah? Apa iya bisa ta, kang kagawé kandha marang kang nggawé, mangkéné, "Yagéné déné anggonmu gawé aku kok kaya mangkéné?"
21 Apa tukang grabah iku ora duwé wewenang tumrap lempungé; saka prongkolan kang padha, sapérangan kagawé barang kang mulya, sapérangan kagawé barang liyané kang lumrah?
22 Dadiné, saupama kangggo ngatingalaké bebendu lan nedahaké pangwaosé, Allah paring kasabaran kang gedhé marang wadhahing bebendu, kang wus kacawisaké marang karusakan,
23 mangka iku malah kagem ngatingalaké anggoné sugih kamulyan marang wadhahing sih-piwelasé, kang wis kacawisaké marang kamulyan?
24 Yaiku kita, kang wis padha katimbalan, ora mung saka ing antarané wong Yahudi baé, nanging uga saka ing antarané bangsa-bangsa liya,
25 kaya kang wus kapangandikakaké uga ana ing kitab Hoséa, surasané, "Kang dudu umatingsun bakal sunsebut umatingsun, lan kang dudu kekasih, iku sunsebut kekasih."
26 Lan ing panggonan kang wong-wongé dipangandikani, "Sira iku dudu umatingsun," ing kono wong-wong mau bakal dipangandikani, "Para Putrané Allah kang gesang."
27 Lan Yésaya nguwuh ing ngatasé Israel, mangkéné, "Sanadyan Banisraèl iku cacahé kaya wedhiné sagara, nanging mung kekarèné baé kang bakal kaslametaké.
28 Sabab apa kang wus kapangandikakaké, bakal tumuli katindakaké déning Pangéran ana ing bumi, kalawan sampurna lan tumuli."
29 Kaya kang sadurungé wus kaweca déning Yésaya, mangkéné, "Saupama Pangéran kang murbèng dumadi ora nyisakaké turun marang kita, kita wus dadi kaya Sodom lan padha kaya Gomora."
30 Yèn mangkono, apa kang bakal kita kandhakaké? Sanyatané: Bangsa-bangsa liya kang padha ora ngupaya apa kang bener, wus padha kabeneraké, yaiku kabeneraké marga saka pracaya.
31 Nanging: Bangsa Israèl sanadyan ngupaya apa kang bener lantaran angger-angger, ora bisa netepi angger-angger mau.
32 Yagéné kok ora? Sabab bangsa Israèl anggoné ngupaya ora adhedhasar pracaya, nanging adhedhasar panggawé. Bangsa iku padha kasandhung ing watu sandhungan,
33 kaya kang katulis, surasané, "Lah ing Sion Ingsun sèlèhi watu tetanggoran lan watu gedhé kang njalari wong tiba, lan sapa kang kumandel marang Panjenengané, ora bakal kawirangan."

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Roma 9
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Roma 9

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke