1 Yésus banjur mlebet manèh ing papan pangibadah. Ing kono ana wong kang tangané mati sasisih.
2 Wong-wong padha ngawasaké Panjenengané apa iya arep marasaké wong iku ing dina Sabat, supaya bisa padha nggugat Panjenengané.
3 Panjenengané banjur ngandika marang wong kang tangané mati sasisih iku, "Mara, ngadega ing tengah kéné!"
4 Panjenengané banjur ngandika marang wong-wong kang padha ngawasaké iku, "Ing dina Sabat iku wong diparengaké nindakaké kabecikan apa nindakaké piala, nylametaké nyawa apa matèni?" Nanging wong-wong iku padha meneng baé.
5 Panjenengané tumuli mirsani wong-wong ing sakiwa-tengené kalawan duka lan kanthi sekel ing galih karana wangkoting atiné. Panjenengané ngandika marang kang tangané mati sasisih iku, "Tanganmu athungna!" Wong iku banjur ngathung, lan tangané wus kapulihaké.
6 Wong-wong Farisi iku, bareng wus padha metu, nuli padha sekongkelan karo para golongané Hérodès gawé rancangan, kepriyé bisané nyédani Panjenengané.
7 Yésus lan para sakabaté banjur sumingkir tindak menyang tlaga; sarta kumpulaning wong akèh cacahé saka Galiléa padha ndhèrèkaké, samono uga saka Yudéa,
8 saka Yérusalèm, saka Iduméa lan sabrangé Yordan, apadéné saka wilayahé Tirus lan Sidon. Kumpulaning wong kang akèh cacahé iku padha sowan ing ngarsané, marga wus padha krungu bab samubarang kang katindakaké déning Panjenengané.
9 Panjenengané banjur dhawuh marang para sakabaté supaya nyawisaké prau kagem Panjenengané marga anané wong golongan, supaya wong golongan iku ora ngesuk-esuk Panjenengané.
10 Amarga Panjenengané wus nyarasaké wong akèh, mula sakèhé wong kang nandhang lelara padha dhesek-dhesekan ngangseg nyedhak, murih bisané ndemok Panjenengané.
11 Roh-roh jahat iku saben-saben ndeleng Panjenengané, banjur padha sujud ana ing ngarsané sarta ngucap klawan sora, "Panjenengan punika Putranipun Allah!"
12 Nanging kanthi wanti-wanti Panjenengané menging roh-roh jahat supaya ora padha ngandhakaké bab Panjenengané.
13 Yésus tumuli minggah ing gunung sarta nimbali wong-wong kang dikarsakaké lan wong-wong iku padha sowan ing ngarsané.
14 Panjenengané netepaké wong rolas, kang kasebut rasul-rasul déning Panjenengané, supaya ndhèrèkaké tindaké, lan kautus nggelaraké Injil,
15 sarta padha diparingi pangwasa nundhungi sétan.
16 Panjenengané netepaké wong rolas iku, yaiku: Simon, kang diparingi jeneng Pétrus,
17 lan Yakobus, anaké Zébédéus, lan Yohanes saduluré Yakobus, lan Panjenengané maringi jeneng marang karo-karoné Boanèrges, kang tegesé anaking gludhug,
18 sarta Andréas, Filipus, Bartoloméus, Matius, Tomas, Yakobus anaké Alféus, Tadéus, Simon golongané wong Zélot,
19 apadéné Yudas Iskariot, kang ngiyanati Panjenengané.
20 Yésus tumuli mlebet ing sawijining omah, lah wong golongan banjur teka manèh bareng-bareng, nganti padha ora kober dhahar.
21 Bareng para sadhèrèké padha krungu, banjur padha marani arep ngajak Panjenengané sumingkir, marga Panjenengané iku diarani éwah.
22 Déné para ahli Torèt kang teka saka Yérusalèm padha ngucap, "yèn Panjenengané iku kepanjingan Bèèlzebul," lan "anggoné nundhungi sétan kanthi pitulungané panggedhéning sétan."
23 Panjenengané banjur nimbali lan ngandikani wong-wong mau kanthi upama, "Kepriyé bisané Iblis nundhung Iblis?
24 Menawa ana kraton nglawan awaké dhéwé, kraton iku ora bisa lestari madeg,
25 lan menawa ana brayat pecah nglawan awaké dhéwé, brayat iku ora bisa lestari.
26 Mangkono uga menawa Iblis brontak nglawan awaké dhéwé sarta kapecah-pecah, Iblis ora bakal tetep ana, nanging wus tumeka ing pungkasané.
27 Nanging ora ana wong bisa mlebu ing omahé wong kang rosa lan njarah-rayah barang darbèké, menawa ora mbanda dhisik wong kang rosa iku. Sawusé mangkono lagi bisa njarah rayah omahé.
28 Satemené Aku pitutur marang kowé: Sakèhing dosa lan panyenyamah kang kaucapaké déning anaké para manungsa bakal kaapura.
29 Nanging, sapa baé kang nyenyamah marang Roh Suci, ora bakal olèh pangapura ing salawas-lawasé, nanging kaluputan marga anggoné nindakaké dosa kang langgeng."
30 Panjenengané ngandika mangkono, jalaran wong-wong mau padha ngarani menawa Panjenengané kapanjingan roh jahat.
31 Ibu lan sadhèrèk-sadhèrèké tumuli padha teka; sasuwéné ngadeg ana ing jaba, padha kongkonan wong ngaturi Panjenengané.
32 Wong akèh padha lungguh ngupengi Panjenengané lan padha matur, "Lah punika ibu sarta sadhèrèk-sadhèrèk Panjenengan sami wonten ing jawi madosi Panjenengan."
33 Panjenengané banjur paring wangsulan marang wong-wong iku, "Sapa ibuku lan sadulur-sadulurku?"
34 Kanthi mirsani wong-wong kang padha lungguh ngupengi Panjenengané, banjur ngandika, "Iya iki ibuku lan sadulur-sadulurku!
35 Awit sing sapa nindakaké karsané Allah, iya iku sadulurku lanang, lan sadulurku wadon apadéné ibuku."

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Markus 3
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Markus 3
Studi Alkitab dengan Video LUMO, silahkan lihat LUMO Indonesia :: Markus

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke