1 Yésus banjur wiwit ngandika marang wong-wong mau sarana pasemon, "Ana wong gawé pakebonan anggur lan dipageri mubeng. Wong iku banjur ndhudhuk jugangan papan kanggo meres angguré sarta ngadegaké panggung pajagan. Sawisé mangkono pakebonan iku diséwakaké marang wong-wong kang bakal padha nggarap, banjur lelungan menyang papan kang adoh.
2 Bareng wis tekan mangsané, wong mau kongkonan abdi marani wong-wong kang padha nggarap, supaya nampa sapéranganing pametuné pakebonan mau.
3 Nanging abdi iku dicekel déning wong-wong mau lan digebugi banjur dikon bali tanpa gawé.
4 Wong kang duwé pakebonan tumuli kongkonan abdi liyané. Abdi iku dipenthungi déning wong-wong mau nganti tatu sirahé sarta diwirang-wirangaké.
5 Wong mau banjur kongkonan abdi siji manèh, lan abdi iki malah dipatèni. Mangkono uga, isih akèh manèh liyané, ana kang digebugi lan ana kang dipatèni.
6 Isih ana wong siji manèh, yaiku anaké kang ditresnani. Wasana wong kang duwé pakebonan anggur iku kongkonan anakké mau, supaya marani wong-wong kang padha nggarap, pamikiré: Anakku mesthiné diéringi.
7 Nanging wong-wong iku padha rasanan: Lah iki ahli warisé. Payo padha dipatèni baé, supaya warisané dadi duwèk kita.
8 Wong-wong mau tumuli nangkep lan matèni anaké kang duwé pakebonan anggur iku sarta banjur padha mbuwang menyang sajabané pakebonan anggur.
9 Saiki apa kang bakal katindakaké déning kang duwé pakebonan anggur iku? Wong mau bakal teka lan numpes wong-wong kang nggarap kebon angguré, nuli masrahaké pakebonané anggur mau marang wong-wong liya.
10 Kowé apa padha ora maca tulisan iki, Watu kang ditampik déning para juru gawé omah, iku wus dadi watu pojokan.
11 Kelakoné iku déning Pangéran, lan dadi prakara kang ngéram-éramaké ing pandeleng kita."
12 Wong-wong mau banjur padha mbudi-daya bisané nangkep Panjenengané, nanging padha wedi marang wong golongan, awit padha ngerti yèn kang dingandikaké ngagem pasemon iku wong-wong mau; mula banjur padha lunga ninggal Panjenengané.
13 Wong-wong mau banjur kongkonan wong Farisi lan wong Hérodian sawatara sowan ing ngarsané Yésus, sedyané arep njiret Panjenengané sarana pitakonan.
14 Kongkonan mau padha sowan lan matur, "Guru, kula sami sumerep bilih Panjenengan punika jujur, tuwin mboten ajrih dhateng sinten kémawon, amargi Panjenengan mboten mawang tiyang, nanging kanthi leres mulangaken bab marginipun Allah. Ingkang punika, mbayar pajeg dhateng Kaisar punika kénging punapa mboten? Kula sami kedah mbayar punapa mboten?"
15 Nanging sarèhné Yésus pirsa marang lamisé wong-wong iku, banjur ngandika marang kongkonan mau, "Yagéné kowé padha nyoba marang Aku? Aku jupukna dhuwit dinar siji, dakdelengé!"
16 Wong-wong iku iya banjur ngaturaké dhuwit dinar siji. Panjenengané nuli ndangu marang wong-wong mau, "Iki gambaré sapa lan iki tulisané sapa?" Atur wangsulané, "Gambar tuwin seratanipun Kaisar."
17 Yésus banjur ngandika marang wong-wong iku, "Aturna marang Kaisar apa kang wajib kaaturaké marang Kaisar lan marang Allah apa kang wajib kaaturaké marang Allah." Wong-wong mau padha banget kaéraman marang Panjenengané.
18 Wong-wong Saduki kang duwé panemu yèn ora ana patangèn saka ing antarané wong mati; ana sawatara kang sowan ing ngarsané Yésus lan padha matur pitakon,
19 "Guru, Musa sampun nyerat dhawuhipun dhateng kita, manawi wonten tiyang ingkang gadhah sadhèrèk jaler tilar donya, nilar sémah mboten tilar anak, tiyang punika kedah mendhet sémah randhanipun wau punapadéné nuwuhaken turun kanggé sadhèrèkipun ingkang tilar wau.
20 Wonten sadhèrèk jaler pitu; ingkang nomer satunggal émah-émah, nanging tilar donya mboten nilar anak.
21 Ingkang nomer kalih lajeng mendhet sémah randha punika, lan ugi lajeng pejah tanpa nilar anak; lan semanten ugi ingkang nomer tiga.
22 Makaten ing salajengipun, pitu-pitunipun sami mboten nilar anak. Wasana, sasampunipun punika, tiyang èstri wau inggih lajeng pejah.
23 Ing dinten patangèn, nalika tiyang-tiyang wau sami tangi, tiyang èstri punika badhé dados sémahipun sinten? Amargi pitu-pitunipun sampun naté sami dados sémahipun."
24 Yésus ngandika marang wong-wong iku, "Apa dudu iki kang njalari kowé padha keblinger, marga anggonmu padha ora ngerti Kitab Suci apadéné pangwasané Allah?
25 Awit samangsa padha tangi saka ing antarané wong mati, wong-wong iku padha ora sesomahan, nanging uripé padha kaya para malaékat ing swarga.
26 Déné prakara patangèné wong mati, apa kowé padha ora maca ing kitab Musa, bab grumbul eri, kepriyé Allah olèhé ngandika marang Musa: Ingsun iki Allahé Abraham, Allahé Ishak, lan Allahé Yakub?
27 Panjenengané iku dudu Allahé wong mati, nanging Allahé wong urip. Banget anggonmu keblinger!"
28 Ing antarané para ahli Torèt, ana siji kang sawisé krungu anggoné wong-wong Saduki lan Yésus padha bebantahan, apadéné neksèni yèn Yésus olèhé paring wangsulan marang wong-wong iku trep banget, banjur sowan marang Panjenengané nyuwun pirsa, "Saking sadaya pepakènipun Allah, pepakèn pundi ingkang utami?"
29 Yésus paring wangsulan, "Kang utama yaiku: Rungokna, hé Israèl, Pangéran iku Allah kita, Pangéran iku siji.
30 Lan kowé, tresnaa marang Pangéran Allahmu kalawan gumolonging atimu, lan kalawan gumolonging nyawamu, sarta kalawan gumolonging budimu, apadéné kalawan gumolonging kekuwatanmu.
31 Déné pepakon kang kapindho, yaiku: Kowé tresnaa marang pepadhamu kaya marang awakmu dhéwé. Ora ana pepakon liyané kang ngungkuli pepakon loro mau."
32 Ahli Torèt mau banjur matur marang Panjenengané, "Kasinggihan, Guru, pangandika Panjenengan, bilih Allah punika setunggal, mboten wonten sanèsipun kajawi Panjenenganipun, punika leres.
33 Pancèn, tresna dhateng Allah kalawan gumolonging manah, kalawan gumolonging pengertosan, tuwin kalawan gumolonging kakiyatan, punapa déné nresnani sasami kados dhateng awakipun piyambak, punika langkung utami katimbang sakathahing kurban obaran lan kurban sanèsipun."
34 Yésus pirsa, menawa wong iku anggoné ngaturi wangsulan kanthi wicaksana, mulané Panjenengané banjur ngandika, "Kowé iku ora adoh saka Kratoné Allah!" Sabanjuré ora ana wong kang wani nyuwun pirsa apa-apa manèh marang Panjenengané.
35 Nalika Yésus paring piwulang ana ing Padaleman Suci, Yésus ngandika, "Kepriyé déné para ahli Torèt bisa mratélakaké, yèn Kristus iku Putrané Daud?
36 Daud piyambak marga saka katuntun déning Roh Suci ngandika mangkéné: Pangéran ngandika marang Gustiku: Lenggaha ing tengeningsun, nganti Ingsun nyèlèhaké mungsuh-mungsuhira ing sangisoring tlapakanira.
37 Daud piyambak nyebut Panjenengané iku Gusti, banjur kepriyé anggoné Panjenengané iku dadi putrané?" Déné wong golongan kang akèh cacahé iku padha ngrungokaké Panjenengané kanthi seneng.
38 Ing sajroning piwulangé, Yésus ngandika, "Padha diwaspada marang para ahli Torèt, kang padha dhemen mlaku mider-mider nganggo jubah dawa lan seneng nampa pakurmatan ing pasar-pasar,
39 kang padha dhemen lenggah ing panggonan kang utama ana ing papan pangibadah sarta palenggahan kang kinurmatan ing pésta-pésta,
40 kang padha nyaplok omah-omahé para randha, lan seneng ndedonga kang dawa-dawa kanggo ngapusi. Wong-wong iku mesthi bakal padha olèh paukuman luwih abot."
41 Nalika Yésus lenggah ngajengaké pethi pisungsung, Panjenengané banjur nggatosaké wong golongan anggoné padha nglebokaké dhuwit ing pethi mau. Akèh wong kang sugih padha nyemplungaké pisungsung gedhé.
42 Banjur ana randha miskin kang uga teka, nglebokaké wang tembaga rong kèpèng, pengajiné sadhuwit, yaiku dhuwit rècèh kang cilik dhéwé.
43 Yésus nimbali para sakabat, Panjenengané banjur ngandika, "Satemené Aku pitutur marang kowé, menawa randha miskin iku nyaosaké luwih akèh katimbang karo wong-wong kabèh kang wis padha nglebokaké dhuwit ing pethi pisungsung.
44 Awit wong-wong iku padha nyaosaké saka kalubèrané, déné randha iku nyaosaké saka kamlaratané, apa kang diduwèni kabèh, yaiku kang dadi nafkahé."