1 Yésus banjur ngandika marang wong golongan lan marang para sakabaté, pangandikané,
2 "Para ahli Torèt lan para Farisi iku padha nglinggihi palenggahané Musa.
3 Mulané apa kang dituturaké marang kowé iku padha lakonana kabèh lan padha tetepana, nanging aja padha tumindak nulad tindak-tanduké, awit wong-wong iku padha memulang, nanging ora padha nglakoni dhéwé.
4 Mula mangkono, awit padha mbongkoki momotan-momotan kang abot lan rekasa olèhé nggawa, banjur ditumpangaké ing pundhaké wong, mangka awaké dhéwé nyénggol baé ora gelem.
5 Panggawéné kabèh iku padha katindakaké supaya disawang déning wong, awit padha ngambakaké sabuk-sabuk sembahyangané lan nggedhèkaké gombyok-gombyoking jubahé;
6 Padha seneng lungguh ing papan kang kajèn ana ing pésta-pésta, lan marang palungguhan kang nomer siji ana ing papan pangibadah,
7 apadéné seneng nampa pakurmatan ana ing pasar-pasar lan disebut déning wong, ‘Rabbi’.
8 Nanging kowé aja disebut ‘Rabbi’, amarga mung siji Rabbimu lan kowé kabèh padha-padha sadulur.
9 Apamanèh kowé aja nyebut sapa baé ing bumi iki ‘rama’, awit mung siji Ramamu, yaiku Panjenengané kang ana ing swarga.
10 Kowé aja gelem disebut panutan, amarga mung siji Panutanmu, yaiku Kristus.
11 Sing sapa gedhé dhéwé ana ing satengahmu iku dadia paladènmu.
12 Lan sing sapa ngluhuraké awaké dhéwé, bakal kaasoraké, déné kang ngasoraké awaké dhéwé bakal kaluhuraké."
13 "Bilai kowé, hé, para ahli Torèt lan para Farisi, wong-wong lamis, awit kowé nutup lawang-lawang Kratoning Swarga tumraping wong, sabab kowé dhéwé ora mlebu lan wong-wong kang arep lumebu kokalang-alangi.
14 [Bilai kowé, hé, para ahli Torèt lan para Farisi, wong-wong lamis, amarga kowé padha ngemplok omahé randha-randha nganti entèk, ngapusi nganggo padonga dawa-dawa, mulané kowé mesthi bakal tampa paukuman kang luwih abot.]
15 Bilai kowé, hé, para ahli Torèt lan para Farisi, wong-wong lamis, sabab kowé padha ngambah segara lan ndlajah dharatan, supaya kowé olèh wong sing mlebu ing panunggalanmu, lan menawa kalakon mangkono, wong iku kokgadhang mlebu naraka, kang alané tikel loro katimbang karo kowé.
16 Bilai kowé, hé, para panuntun kang picak, kang clathu: Sing sapa supata demi Padaleman Suci, supatané iku ora absah; nanging sing sapa supata demi emasé Padaleman Suci, supatané iku katemahan.
17 Hé, kowé wong-wong bodho lan picak, endi sing luwih gedhé maknané, emas apa Padaleman Suci sing nucèkaké emasé?
18 Apamanèh sing sapa supata demi misbyah, supatané iku ora absah, nanging sing sapa supata demi pisungsung kang ana ing misbyah, supatané iku katemahan.
19 Hé, wong-wong picak, endi sing luwih gedhé maknané, pisungsungé apa misbyah kang nucèkaké pisungsungé?
20 Mulané sing sapa supata demi misbyah, iku supatané demi misbyah lan uga demi barang-barang kang tumumpang ing kono.
21 Lan sing sapa supata demi Padaleman Suci, iku iya supata demi Padaleman Suci lan uga demi Panjenengané kang adedalem ing kono.
22 Apadéné sing sapa supata demi swarga, iku iya supata demi dhamparing Allah lan iya demi Panjenengané kang lenggah ing kono.
23 Bilai kowé, hé, para ahli Torèt lan para Farisi, wong-wong lamis, awit dalah godhong slasih lan adas tuwin jinten iku kokbayar prasapuluhané, nanging prekara-prekara kang luwih gedhé boboté mungguhing angger-angger, yaiku: kaadilan, kawelasan lan kasetyan iku koklirwakaké. Sing siji kudu ditindakaké, sijiné aja dilirwakaké.
24 Hé, kowé, pemimpin-pemimpin kang picak, lemud koksaring saka ing ombèn-ombènmu, nanging unta kokulu.
25 Bilai kowé, hé, para ahli Torèt lan para Farisi, wong-wong lamis, sabab njabané tuwung lan pinggan padha kokresiki, mangka ing njeroné kebak isi rampasan lan kamurkan kang tanpa kendhali.
26 Hé, wong Farisi kang picak, resikana dhisik njeroné tuwung iku, temah njabané iya bakal dadi resik.
27 Bilai kowé, hé, para ahli Torèt lan para Farisi, wong-wong lamis, sabab kowé iku padha kaya kuburan, kang dilabur putih; njabané pancèn katon apik, nanging njeroné kebak isi balungé wong mati lan rereged warna-warna.
28 Samono uga kowé, lairmu katon mursid ana ngareping wong, nanging ing batinmu kebak isi lelamis lan duraka.
29 Bilai kowé, hé, para ahli Torèt lan para Farisi, wong-wong lamis, awit kowé, mbangun pasaréané para nabi lan ngrengga-ngrengga tugu-tuguné wong-wong mursid ing pakuburan,
30 lan ngucap: Saupama aku padha urip ing jamané para leluhurku, mesthi aku ora padha mèlu sekuthon karo wong-wong iku ing bab ngwutahaké getihé para nabi.
31 Nanging marga kang mangkono iku, kowé padha dadi seksi tumrap awakmu dhéwé, yèn kowé kabèh iku padha turuné wong-wong kang nyédani para nabi.
32 Dadi kowé padha ngganepi lelakoné leluhurmu!
33 Hé, ula, hé para tetesaning ula bedhudhak, kepriyé anggonmu bisa oncat saka paukumaning naraka?"
34 "Mulané, delengen, Aku ngutus nabi-nabi lan wong-wong wicaksana sarta ahli-ahli Torèt nekani kowé, mangka kowé bakal padha matèni lan nyalib wong sawatara saka panunggalané kang dakutus iku, lan tumrap sawatara liyané saka panunggalané iku bakal padha koksapu ana ing papan-papan pangibadahmu, lan kokoyak-oyak saka ing kutha kang siji menyang kutha sijiné,
35 supaya padha katempuhna marang kowé sakèhé getih resik kang wus kawutahé ana ing bumi, wiwit saka getihé Abil kang mursid iku, nganti tekan getihé Zakharia anaké Bérékhya, kang kokpatèni ana ing antarané pasucèn lan misbyah.
36 Satemené Aku pitutur marang kowé: Kabèh iku bakal katempuhaké marang golongan iki.
37 Yérusalèm, Yérusalèm kang matèni para nabi lan mbenturi watu marang wong-wong kang kautus nemoni kowé, wus nganti ping pira anggonku kepéngin nglumpukaké anak-anakmu, kaya babon anggoné nglumpukaké kuthuk-kuthuké ing sangisoring swiwiné, nanging kowé padha ora gelem.
38 Titènana, omahmu iki bakal ditinggalaké dadi suwung.
39 Lan Aku pitutur marang kowé: Wiwit saiki kowé ora bakal padha ndeleng Aku manèh, nganti kowé padha kandha: Binerkahana Ingkang rawuh atas asmanipun Pangéran."

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Matius 23
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Matius 23
Studi Alkitab dengan Video LUMO, silahkan lihat LUMO Indonesia :: Matius

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke