1 Yésus tumuli nimbali sakabaté rolas sarta padha diparingi pangwasa nundhungi sétan lan nyarasaké sarupaning lelara lan sarupaning memala.
2 Déné jenengé para rasul rolas mau yaiku: Kang wiwitan Simon kang karan Pétrus, lan Andréas saduluré, Yakobus anaké Zébédéus, lan Yohanes saduluré,
3 Filipus lan Bartoloméus, Tomas lan Matius juru-narik-pajeg, Yakobus anaké Alféus, lan Tadéus,
4 Simon wong Zélot lan Yudas Iskariot, kang ngulungaké Panjenengané.
5 Wong rolas mau padha diutus déning Yésus sarta diparingi piweling mangkéné, "Kowé aja padha nyimpang menyang dalané wong kang ora wanuh marang Allah lan aja lumebu ing kuthané wong Samaria,
6 nanging luwih becik padha maranana wedhus-wedhusé Banisraèl kang padha ketriwal.
7 Padha mangkata lan padha memulanga mangkéné: Kratoning Swarga wus cedhak.
8 Wong lara padha warasna, wong mati tangèkna, biraten najisé wong lara kusta; sétan-sétan padha tundhungana. Kowé wis padha nampani kanthi lelahanan, mulané wènèhna kanthi lelahanan uga.
9 Aja padha nggawa emas utawa salaka lan tembaga ana ing sabukmu.
10 Aja padha nggawa sangu kanggo ana ing dalan; aja nggawa kotang rangkep utawa trumpah. Sabab wong nyambut-gawé iku wis sapantesé yèn tampa pituwas.
11 Menawa kowé lumebu ing kutha utawa ing désa, golèka wong kang pantes, banjur manggona ana ing kono nganti salungamu.
12 Menawa kowé lumebu ing omahé wong, ulukana salam.
13 Menawa kanthi pantes nampani salammu, salammu tumanduk marang wong-wong iku, nanging menawa ora pantes, salammu iku bali marang kowé manèh.
14 Déné yèn ana wong kang ora nampani kowé lan ora ngrungokaké tetembunganmu, endang lungaa lan metua saka omah utawa kutha kono, sarta ketabna lebuné sikilmu.
15 Satemené Aku pitutur marang kowé: Bésuk ing dina pangadilan kang sinangga déning Sodom lan Gomora bakal luwih ènthèng katimbang karo kutha iku."
16 "Lah kowé padha dakutus kayadéné wedhus gèmbèl menyang ing satengahing asu ajag, mulané dingati-ati kaya ula lan dibarès kaya manuk dara.
17 Nanging sing waspada marang wong kabèh; sabab ana kang bakal ngladèkaké kowé marang pradata agama, kang banjur nggitiki kowé ana ing papan-papan pangibadahé.
18 Lan marga saka Aku, kowé bakal padha diirid menyang ngarsané para kang padha ngasta pangwasa lan para raja, minangka paseksi tumrap wong-wong mau lan tumrap para wong kang ora wanuh marang Allah.
19 Anadéné menawa kowé padha kelakon diladèkaké, aja padha sumelang ing bab kepriyé lan apa kang bakal kokaturaké, amarga ing sanalika iku uga kowé bakal kaparingan apa kang prelu kokaturaké.
20 Awit dudu kowé kang celathu, nanging Rohé Ramamu kang ngandika lantaran kowé.
21 Sadulur bakal masrahaké padha sadulur marang paukuman pati, samono uga bapa masrahaké anaké, lan anak-anak bakal padha wani marang wong-tuwané lan banjur dipatèni.
22 Lan kowé bakal disengiti ing wong kabèh marga saka Aku; nanging sing sapa mantep tumeka ing wekasan, bakal slamet.
23 Menawa kowé dianiaya ana ing sawijining kutha, padha ngungsia menyang kutha liyané; awit satemené Aku pitutur marang kowé: Sadurungé kowé ndlajahi kutha-kutha Israèl kabèh, Putraning Manungsa wus rawuh.
24 Mungguh sakabat iku ora ngungkuli guruné, utawa abdi iya ora ngungkuli bendarané.
25 Tumraping sakabat wis cukup, yèn nganti karengkuh padha kaya guruné, lan tumrap abdi, yèn karengkuh padha kaya bendarané. Menawa kang duwé omah disebut Bèèlzebul, apa manèh brayaté saomah.
26 Mulané wong iku aja padha kokwedèni, awit ora ana barang kang kasasaban, kang ora bakal kawiyak, lan ora ana barang kang kadhelikaké, kang bakal ora kaweruhan.
27 Apa kang dakpituturaké ana ing petengan, iku kandhakna ana ing padhangan; lan apa kang kokrungokaké kanthi bisik-bisik, iku padha wartakna saka ing payon-payon.
28 Aja wedi marang wong-wong kang bisa matèni raga, nanging ora bisa matèni nyawa, aluwung wedia marang Panjenengané, kang bisa ngrusak karo-karoné ana ing naraka, iya jiwamu iya ragamu.
29 Manuk glathik loro apa ora mung payu saasarion? Éwadéné siji baé ora ana kang tiba ing lemah, yèn ora saka karsané Ramamu.
30 Mangka kowé iku, malah dalasan rambutmu wis padha diétung kabèh.
31 Mulané aja padha wedi, amarga ajimu iku ngluwihi manuk glathik pirang-pirang.
32 Saben wong kang ngakoni Aku ana ing ngarepaning manungsa, iku iya bakal dakakoni ana ing ngarsané Ramaku kang ana ing swarga.
33 Nanging sing sapa nyélaki Aku ana ing ngarepaning manungsa, iku iya bakal daksélaki ana ing ngarsané Ramaku kang ana ing swarga."
34 "Kowé aja padha ngira, yèn tekaku nggawa pirukun ana ing bumi. Tekaku iku ora nggawa pirukun nanging pedhang.
35 Sabab tekaku iku njalari wong crah karo bapakné, anak wadon karo embokné; mantu wadon karo embokné maratuwa,
36 karodéné mungsuhé wong yaiku para kang nunggal saomah kabèh.
37 Sing sapa nresnani bapa utawa biyungé nganti ngungkuli Aku, iku ora pantes tumraping Aku, lan sing sapa nresnani anaké lanang utawa wadon ngungkuli Aku, iku ora pantes tumraping Aku.
38 Sing sapa nampani ora manggul salibé lan ngetut-buri marang Aku, iku ora pantes tumraping Aku.
39 Sing sapa ngéman nyawané, bakal kélangan nyawané, lan sing sapa kélangan nyawané marga saka Aku, iku bakal olèh nyawané.
40 Sing sapa nampani kowé, iku dadi Aku sing ditampani. Lan sing sapa nampani Aku, iku dadi nampani kang ngutus Aku.
41 Sing sapa nampani nabi marga saka anggoné dadi nabi, bakal tampa pituwasing nabi, lan sing sapa nampani wong mursid, marga saka anggoné mursid, bakal tampa pituwasing wong mursid.
42 Apadéné sing sapa awèh banyu adhem sacangkir baé marang salah sawijining wong cilik iki, marga iku sakabatku, Aku pitutur marang kowé satemené: wong iku mesthi bakal tampa pituwasé."