1 Nalika samana Kaisar Agustus paring dhawuh, dianakna cacah-jiwa tumrap wong saindenging jagat.
2 Iki cacah-jiwa kang kapisan kang kaanakaké nalika Kirénius jumeneng gubernur ing Siria.
3 Mulané wong-wong kabèh banjur padha mangkat arep ndhaftaraké, saben wong menyang kuthané dhéwé-dhéwé.
4 Mangkono uga Yusuf iya mangkat saka Nasarèt, wilayah Galiléa menyang Yudéa, kuthané Daud, kang aran Bètléhèm -- amarga asalé saka ing brayat lan tedhaké Daud --
5 supaya didhaftaraké bebarengan karo Maria, pacangané, kang lagi ngandheg.
6 Bareng wus tekan kono, Maria anggoné ngandheg wus tekan wektuné babaran,
7 banjur mbabar putra kakung, kang pambajeng, nuli digedhong lan disèlèhaké ing pamakanan, sabab padha ora komanan panggonan ana ing papan panginepan.
8 Kacarita ing tlatah kono ana para pangon kang padha nginep ing ara-ara njaga pepanthaning kéwané ing wayah bengi.
9 Dumadakan ana malaékating Pangéran jumeneng ing sacedhaké sarta padha kasorotan ing cahya kamulyané Pangéran satemah padha wedi banget.
10 Malaékat mau tumuli ngandika marang wong-wong mau, "Aja padha wedi, lah kowé padha dakwartani kabungahan gedhé, kang bakal kaparingaké tumrah sabangsa kabèh:
11 Ing dina iki wus miyos Juruslametmu, yaiku Kristus, kang jumeneng Gusti, ana ing kuthané Daud.
12 Déné kang minangka tengerané marang kowé, mangkéné: Kowé bakal mrangguli bayi kagedhong sumèlèh ing pamakanan."
13 Dumadakan ana balatantra swarga kang akèh banget cacahé, kang mbarengi malaékat mau sarta padha memuji marang Allah, sabdané,
14 "Kamulyan kagem Allah kang ana ing ngaluhur lan tentrem-rahayu ana ing bumi, ing antarané manungsa kang dadi renaning panggalihé."
15 Sapengkeré para malaékat menyang swarga, para pangon mau padha sapocapan mangkéné, "Payo, padha menyang Bètléhèm, ndeleng apa kang wus kelakon ing kana, kaya kang wus kapangandikakaké déning Pangéran marang kita."
16 Banjur padha énggal-énggal mangkat, tumuli ketemu karo Maria lan Yusuf, apadéné Jabang-bayi, kang sumèlèh ing pamakanan.
17 Bareng wus padha nyumurupi, banjur padha nyritakaké apa kang wis kapangandikakaké bab Jabang-bayi iku.
18 Wong kabéh kang padha krungu critané para pangon mau padha gumun.
19 Nanging Maria nyathet iku mau kabèh ana ing sajroning atiné lan dirasak-rasakaké.
20 Para pangon tumuli padha bali kalawan memuji lan ngluhuraké Allah, marga sabarang kang wis dirungu lan dideleng iku, cocog karo kang wis kapangandikakaké marang wong-wong mau.
21 Bareng wis ganep wolung dinané, Bayi mau kudu disupiti lan banjur kaparingan asma Yésus, yaiku asma kang kapangandikakaké déning malaékat sadurungé kinandhut kang ibu.
22 Nalika wus tekan dinaning panucèné miturut angger-anggeré Musa, Bayi mau banjur diasta menyang Yérusalèm arep dicaosaké marang Pangéran,
23 kaya kang katulisan ing angger-anggering Pangéran, "Sakèhing anak lanang pambarep kudu kasucèkaké kagem Allah",
24 lan padha saos kurban, manut apa kang kadhawuhaké ana ing angger-anggering Pangéran, arupa manuk deruk sajodho utawa piyik dara loro.
25 Ing Yérusalèm ana wong asmané Siméon, wong mursid lan ngabekti marang Allah, kang nganti-anti marang panglipuring Israèl sarta kang ingayoman ing Roh Suci.
26 Panjenengané wis pinaringan wangsit déning Roh Suci, yèn bakal ora mati sadurungé nyipati Mésias, yaiku Kang Jinebadan déning Pangéran.
27 Marga saka pitedahé Roh Suci, Siméon tindak menyang Padaleman Suci. Nalika Yésus, Bocah iku, diasta mlebu déning wong tuwané arep nindakaké kaya kang wus katamtokaké déning angger-anggering Torèt tumrap Bocah mau,
28 Siméon banjur mbopong Bocahé klawan memuji marang Allah, unjuké,
29 "Dhuh, Pangéran, mugi Paduka sapunika marengaken kawula késah kalayan tentrem-rahayu, miturut pangandika Paduka,
30 jalaran mripat kawula sampun sumerep kawilujengan ingkang mijil saking Paduka,
31 ingkang sampun Paduka cawisaken wonten ing sangajenging bangsa sadaya,
32 inggih punika pepadhang ingkang medharaken karsa Paduka tumrap bangsa-bangsa sanès saha ingkang dados kamulyaning umat Paduka, Israèl."
33 Kang rama lan kang ibu padha kaéraman banget marang kabèh kang diucapaké tumrap Panjenengané mau.
34 Siméon banjur mberkahi wong-wong mau lan ngandika marang Maria, kang ibu, "Sayektosipun Laré punika sampun pinasthi dados margining dhawah lan tanginipun tiyang kathah ing Israèl, sarta minangka pratanda ingkang badhé njalari pasulayan,
35 supados osiking manahipun tiyang kathah kababar. Lan ing bénjing panggalih panjenengan badhé katuwek ing pedhang."
36 Apadéné ing kono iya ana nabi wadon, asmané Hana, putrané Fanuèl, saka taler Asyèr. Panjenengané wus sepuh banget. Sawusé krama banjur gesang bebarengan karo garwané pitung taun,
37 lan tekan saiki randha, yuswané wolung puluh papat taun. Panjenengané ora tau nilar Padaleman Suci, rina wengi anggoné ngabekti kalawan pasa lan ndedonga.
38 Nalika iku panjenengané iya mrono lan ngunjukaké panuwun marang Allah, sarta ngandikakaké bab Bocah mau marang sakèhing wong kang padha nganti-anti pangluwarané Yérusalèm.
39 Sawusé ngrampungaké kang kudu dilakoni kabèh miturut angger-anggeré Pangéran, banjur padha kondur menyang kutha asalé, yaiku Nasarèt ing Galiléa.
40 Bocah mau saya mindhak ageng lan tambah kiyat, kapenuhan ing kawicaksanan sarta sinungan ing sih-kanugrahaning Allah.
41 Saben taun samangsa riyaya Paskah, wong tuwané Yésus tindak menyang Yérusalèm.
42 Nalika Yésus wus yuswa rolas taun, padha tindak menyang Yérusalèm kaya adaté yèn pinuju dina gedhé.
43 Sarampungé pahargyan, nalika padha kondur, Yésus kantun ana ing Yérusalèm, wong tuwané ora pirsa.
44 Sarèhné dikira yèn Putrané awor karo wong-wong kang padha mulih tunggal dalan, mulané padha mbacutaké tindaké nganti sadina, banjur padha madosi Panjenengané ana ing antarané para sanak-kadang lan para pitepungané.
45 Bareng ora pinanggih, banjur padha wangsul malih menyang Yérusalèm karo madosi terus.
46 Kacarita sawusé telung dina pinanggih Panjenengané ana ing Padaleman Suci lagi lenggah ana ing satengahé para guru agama, midhangetaké sarta mundhut pirsa piwulangé.
47 Sakèhé wong kang ngrungokaké Panjenengané padha éram marang kapinteran lan paring wangsulané.
48 Bareng wong tuwané pirsa, padha njenger. Kang ibu banjur ngandika marang Panjenengané, "Anggèr, yagéné tumindakmu marang aku sakloron kok mangkono. Ramamu lan aku padha nggolèki sliramu kanthi kuwatir."
49 Aturé marang rama-ibuné, "menapaa déné panjenengan madosi kula? Panjenengan menapa mboten pirsa, bilih kula kedah wonten ing dalemipun Rama kula?"
50 Nanging rama-ibuné padha ora nyandhak marang apa kang dingandikakaké iku.
51 Panjenengané banjur kondur bebarengan karo kang rama lan kang ibu menyang Nasarèt; sabanjuré tetep terus kaemong déning rama-ibuné. Déné kang ibu nyathet prakara iku mau kabèh ana ing sajroning penggalihé.
52 Yésus saya mindhak ageng, lan saya mindhak kawicaksanané, apadéné saya kinasihan déning Allah lan manungsa.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Lukas 2
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Lukas 2
Studi Alkitab dengan Video LUMO, silahkan lihat LUMO Indonesia :: Lukas

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke