1 Bareng wus limang dina Imam Agung Ananias rawuh bebarengan karo pinituwa sawatara lan pengacara, jenengé Tertulus. Wong-wong mau padha sowan ing ngarsané Gubernur sarta ngaturaké pandakwané tumrap Paulus.
2 Paulus ditimbali maju, déné Tertulus banjur wiwit ngaturaké panggugaté, unjuké, "Féliks ingkang minulya, margi saking pambudi-daya panjenengan kula sadaya tansah ngraosaken karaharjan saha jalaran saking kawicaksanan panjenengan, kathah sanget éwah-éwahan saé ingkang tumindak tumrap bangsa punika.
3 Bab punika sadaya wontena ing pundi kémawon tansah kula tampi kalayan agenging panuwun.
4 Nanging supados sampun ngantos kadangon anggèn kula ngribedi dhateng panjenengan, kula nyuwun, mugi panjenengan karsa midhangetaken atur kula sakedhap kémawon kalayan panggalih panjenengan ingkang sampun misuwur lubèripun punika.
5 Menggahing kula sadaya sampun tetéla, bilih tiyang punika dados penyakit pès, tiyang ingkang damel kisruh wonten ing satengahing tiyang Yahudi sajagat, saha bilih tiyang punika salah setunggaling pangajengipun aliran Nasrani.
6 Malah sampun nyobi ngrisak kasucèning Padaleman Suci. Awit saking punika lajeng kula tangkep saha badhé kula adili manut angger-anggering Torèt kula.
7 Nanging pangagenging prajurit Lisias lajeng rawuh mambengi saha ngrebat piyambakipun kanthi roda-peksa,
8 sarta dhawuh, supados sadaya tiyang ingkang ndakwa sami sowan ing ngarsa panjenengan. Manawi panjenengan mriksa piyambak, tamtu badhé nguningani sadaya prakawis ingkang kula gigataken punika."
9 Lan wong-wong Yahudi iya padha nyarujuki pandakwa iku lan matur, yèn iya pancèn mangkono.
10 Gubernur banjur paring sasmita marang Paulus, yèn wis diparengaké ngaturaké panjawab. Paulus banjur matur, "Kula sumerep, bilih sampun mataun-taun anggèn panjenengan ngasta pangadilan tumrap bangsa punika. Pramila tanpa raos mangu-mangu anggèn kula badhé ngaturaken panjawab tumrap prakawis punika wonten ing ngarsa panjenengan:
11 Panjenengan saged nguningani, bilih mboten langkung saking kalih welas dinten kapengker punika anggèn kula dhateng Yérusalèm prelu nindakaken pangibadah.
12 Mboten naté wonten tiyang ingkang nyumerepi kula saweg dredah utawi damel kaributan, dadosa wonten ing Padaleman Suci, utawi ing papan pangibadah, mekaten ugi wonten ing panggènan sanès ing salebeting kitha punika.
13 Tiyang-tiyang punika mboten saged mbuktèkaken wonten ing ngarsa panjenengan, punapa ingkang sapunika kagigataken tumrap kula punika.
14 Namung kémawon kula ngakeni wonten ing ngarsa panjenengan, bilih kula ngabekti dhateng Allahipun leluhur kula sadaya kalayan nganut Margining Pangéran punika, inggih punika Margi ingkang déning tiyang-tiyang wau dipun wastani aliran. Kula ngugemi sadaya ingkang kaserat ing angger-anggering Torèt saha ing kitabipun para nabi.
15 Kula gadhah pangajeng-ajeng dhateng Allah, sami kaliyan tiyang-tiyang punika, bilih badhé wonten patangènipun tiyang pejah, tiyang ingkang mursid utawi tiyang mursal.
16 Awit saking punika kula tansah ngudi gesang kalayan raosing manah ingkang murni wonten ing ngarsaning Allah saha wonten ing ngajenging manungsa.
17 Sareng sampun sawatawis taun dangunipun, kula wangsul dhateng Yérusalèm prelu badhé nyukani bantuan dhateng bangsa kula saha caos pisungsung.
18 Nalika kula saweg nindakaken punika sadaya, wonten tiyang Yahudi sawatawis ingkang dhateng saking Asia, sami pinanggih kula wonten ing Padaleman Suci sasampunipun kula nucèkaken badan kula, mboten kaliyan tiyang kathah utawi mboten nuwuhaken kaributan.
19 Inggih tiyang-tiyang punika ingkang pancènipun kedah sowan ing ngarsa panjenengan saha ngajengaken panggigat, manawi gadhah prakawis kaliyan kula.
20 Éwasemanten, tiyang-tiyang ingkang sapunika wonten ing ngriki punika kajengipun sami munjuk, piawon punapa ingkang pinanggih wonten ing kula, nalika kula wonten ing ngarsaning Pradata Agami.
21 Punapa mbokmanawi namung margi saking pangucap kula, nalika kula ngadeg wonten ing satengahing tiyang-tiyang wau, inggih punika: Margi saking bab patangènipun tiyang-tiyang pejah, kula ing dinten punika dipun ladosaken wonten ing ngarsa panjenengan."
22 Nanging Féliks, kang wus nguningani temenan bab Margining Pangéran, karsané ngundur prakara iku, pangandikané, "Yèn panggedhéné prajurit Lisias wus mréné, aku bakal mutus prakaramu."
23 Banjur dhawuh marang opsir, supaya Paulus tetep ditahan, nanging kanthi kalonggaran, sarta para mitrané kang padha ngladèni, aja dipenggak.
24 Let sawatara dina Féliks rawuh karo garwané, Drusila, putri Yahudi, banjur dhawuh nimbali Paulus sarta nuli midhangetaké katrangané bab pracaya marang Yésus Kristus.
25 Nanging nalika Paulus matur bab kayektèn, bab ngendhalèni dhiri, lan bab pangadilan kang bakal kelakon, Féliks banjur rumaos ajrih, nuli ngandika, "Cukup saméné baé dhisik, saiki mundura; bésuk yèn aku pinuju sela, kowé bakal daktimbali manèh."
26 Karodéné panjenengané ngajeng-ajeng nampi dhuwit saka Paulus, mulané kerep ditimbali diajak ngandikan.
27 Nanging bareng wus ganep rong taun, Féliks digentosi Pèrkius Féstus lan kanggo nyenengaké atiné wong Yahudi, Féliks nglestarèkaké Paulus katahan ana ing pakunjaran.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Kisah Para Rasul 24
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Kisah Para Rasul 24

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke