1 "Sadhèrèk-sadhèrèk saha Bapak-bapak, sumangga sapunika sami kula aturi midhangetaken panjawab kula dhateng panjenengan."
2 Nalika wong akèh krungu anggoné ngandika ngagem basa Ibrani, saya mundhak tenangé. Panjenengané banjur ngandika,
3 "Kula punika tiyang Yahudi, kalairan Tarsus ing tanah Kilikia, nanging ageng kula wonten ing kitha ngriki, kadhidhik kalayan tliti déning Gamalièl ing bab netepi angger-anggeripun para leluhur kita, satemah kula lajeng dados tiyang ingkang mempeng ing pangabekti dhateng Allah, kados panjenengan sadaya punika.
4 Punapadéné tiyang-tiyang ingkang sami nganut Margining Pangéran punika, sami kula kuya-kuya ngantos pejah; jaler-èstri sami kula tangkepi tuwin kula lebetaken dhateng pakunjaran.
5 Menggah prakawis punika panjenenganipun Imam Agung saha Pradataning Pinisepuh sapepakipun sami saged paring paseksi, kula inggih kaparingan serat-serat kanggé para Sadhèrèk ing Damsyik, lajeng késah mrika badhé nangkepi tiyang-tiyang ing ngriku, ingkang sami nganut Margining Pangéran wau, badhé kula bekta dhateng Yérusalèm supados sami kaukum.
6 Nanging sareng lampah kula sampun celak Damsyik, ing wanci siang, dumadakan wonten cahya ingkang tumlorong saking langit nglimputi kula.
7 Kula lajeng dhawah ing siti saha mireng swanten ingkang ngandika dhateng kula makaten: Saulus, Saulus, yagéné sira nganiaya marang Ingsun?
8 Atur wangsulan kula: Paduka punika sinten, Gusti? Pangandikanipun: Ingsun iki Yésus saka Nasarèt, kang sira kuya-kuya.
9 Tiyang-tiyang ingkang sami sesarengan kaliyan kula, inggih sumerep cahya wau, nanging swantening Panjenenganipun ingkang ngandika dhateng kula, sami mboten mireng.
10 Kula lajeng munjuk: Gusti, punapa ingkang kedah kawula lampahi? Paring wangsulanipun Gusti dhateng kula: Ngadega, mangkata menyang Dhamsyik. Ana ing kana sira bakal diparingi sumurup, apa kang kudu sira tindakaké.
11 Sarèhning kula mboten saged ningali, jalaran saking kénging cahya ingkang mblerengi mripat wau, mila kanca-kanca ingkang tunggil lampah kaliyan kula lajeng nyepeng tangan kula, kula katuntun dhateng Damsyik.
12 Ing ngriku wonten tiyang nama Ananias, tiyang ingkang netepi angger-anggering Torèt saha kaseksènan saé wonten ing satengahing tiyang Yahudi sadaya ing ngriku.
13 Tiyang punika dhateng, saha ngadeg ing sacelak kula tuwin wicanten: Saulus, sadulurku, kowé bisaa ndeleng manèh! Sanalika punika ugikula saged ningali malih saha sumerep piyambakipun.
14 Ananias lajeng wicanten: Allahé leluhur kita wus netepaké kowé supaya nyumurupi karsané, nyumurupi Kang Bener sarta krungu swara kang miyos saka ing lésané.
15 Sabab kowé pinasthi dadi seksining Panjenengané ana ing ngarepé wong kabèh ing bab samubarang kang wus kokdeleng lan kokrungu.
16 Lan saiki kepriyé, déné kowé isih mangu-mangu? Ngadega, lan kabaptisa sarta dosamu karesikana kalawan nyebut asmané Gusti!
17 Sasampunipun makaten, kula lajeng wangsul dhateng Yérusalèm lan nalika kula saweg ndedonga wonten ing Padaleman Suci, roh kula linimputan ing pangwaosipun Allah.
18 Kula ningali Panjenenganipun, ingkang lajeng ngandika dhateng kula: Diénggal, mangkata saka Yérusalèm, amarga wong-wong ora bakal nampa paseksinira bab Ingsun.
19 Atur wangsulan kula: Gusti, tiyang-tiyang punika sami sumerep, bilih kawula punika ingkang ndhatengi papan-papan pangibadah saha ingkang nglebetaken tiyang-tiyang ingkang sami pitados dhateng Paduka dhateng pakunjaran sarta ingkang mecuti tiyang-tiyang wau.
20 Salajengipun nalika rahipun Stéfanus, seksi Paduka, kawutahaken, kawula wonten ing ngriku, saha kawula ngrujuki pandamel punika, punapa déné kawula nengga panganggénipun tiyang-tiyang ingkang sami mejahi.
21 Nanging pangandikanipun Gusti dhateng kula: Mangkata, sabab Ingsun bakal ngutus sira menyang panggonané bangsa-bangsa liya kang adoh saka kéné."
22 Sawusé wong akèh padha ngrungokaké Paulus nganti tekan pangandikané kang mangkono iku, banjur wiwit nywara sora, "Wong iku kasirnakna baé saka bumi, ora pantes urip!"
23 Wong-wong mau terus baé anggoné bengok-bengok karo nguncalaké jubahé sarta nyawur-nyawuraké lebu mandhuwur,
24 mulané panggedhéning prajurit banjur dhawuh nglebokaké Paulus menyang bètèng sarta mriksa lan mecuti panjenengané, supaya bisa kasumurupan apa sababé déné wong-wong iku padha bengok-bengok mangkono ing bab panjenengané.
25 Nanging nalika Paulus diprenahaké arep dipecuti, panjenengané banjur ngandika marang opsir kang nglakoni wajib, "Punapa panjenengan dipun parengaken mecuti warganagari Roma, punapa malih tanpa dipun adili?"
26 Krungu katrangan mangkono iku, opsir mau banjur lapur marang panggedhéning prajurit, aturé, "Punapa ingkang badhé panjenengan tindakaken? Tiyang punika warganagari Roma?"
27 Panggedhéning prajurit banjur murugi Paulus lan ndangu, "Kandhaa, apa bener kowé iku warganagari Roma?" Atur wangsulané Paulus, "Inggih."
28 Panggedhéné prajurit banjur ngandika manèh, "Anggonku dadi warganagari Roma iku sarana tuku kalawan rega larang." Paulus mangsuli, "Nanging kula gadhah wewenang punika wiwit lair mila."
29 Wasana wong-wong kang kuwajiban mecuti nuli énggal-énggal mundur. Déné panggedhéné prajurit iku bareng ngerti yèn Paulus iku wong Roma, iya wedi, mangka panjenengané kang dhawuh mbanda.
30 Éwasamono panggedhéné prajurit mau kepéngin nguningani kalawan tliti apa kang dadi pandakwané wong-wong Yahudi marang Paulus. Mulané ésuké dhawuh nimbali Paulus saka pakunjaran lan dhawuh, supaya pangarepé imam lan Pradata Agama nglumpuk. Banjur dhawuh ngirid Paulus saka bètèng diladèkaké marang ngarsané Pradata mau.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Kisah Para Rasul 22
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Kisah Para Rasul 22

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke