1 Sawisé aku padha pamitan karo para pinituwané pasamuwan ing kutha Éfesus, prauné nuli mangkat nyabrang menyang pulo Kos. Ésuké aku padha tekan pulo Rodhos. Saka kono aku padha terus layaran menyang kutha Patara.
2 Ing kutha Patara kono ana kapal sing arep mangkat menyang tanah Fénisia. Aku padha nunggang kapal mau, nuli mangkat.
3 Aku padha tekan panggonan sing saka kono bisa weruh pulo Siprus. Aku banjur padha ngidul nganti tekan tanah Siria. Ing kutha Tirus aku padha mudhun, sebab ana ing kutha kono prauné kudu bungkar momotané.
4 Ing kutha Tirus kono aku padha kepethuk karo sedulur Kristen sawetara, nuli nginep ana ing omahé para sedulur mau, lawasé nganti seminggu. Merga olèh wangsité Pangéran, para sedulur mau padha mènèhi weruh marang Rasul Paulus, supaya aja lunga menyang kutha Yérusalèm.
5 Nanging bareng wis tekan mangsané, aku banjur padha nerusaké laku. Para sedulur mau kabèh, saanak-bojoné, padha nguntapaké aku tekan sanjabané kutha. Ana ing gisik aku padha jèngkèng ndedonga.
6 Sawisé padha andum slamet, aku banjur padha munggah ing prau, lan para sedulur mau padha mulih.
7 Aku padha mbanjuraké laku saka kutha Tirus, menyang kutha Ptolémais. Aku padha tilik para sedulur Kristen sing ana ing kono, sarta nginep ing kono sewengi.
8 Ésuké nuli mangkat menèh nganti tekan kutha Kaisaréa. Ing kono aku padha nginep ana ing omahé guru Injil, sing aran Filipus. Filipus kuwi panunggalané wong pitu sing biyèn ditetepaké dadi juru-tulung ana ing kutha Yérusalèm.
9 Filipus mau duwé anak prawan papat, sing uga padha ngabaraké Injilé Gusti Allah.
10 Sawisé ana ing kono seminggu lawasé, nuli ana nabi teka saka Yudéa, jenengé Agabus.
11 Agabus mau marani aku sakanca, nuli njupuk sabuké Rasul Paulus. Sabuk mau dienggo nalèni sikil lan tangané dhéwé, karo muni: "Mengkéné pangandikané Gusti Allah: ‘Wong sing duwé sabuk iki bakal dibanda kaya mengkéné iki ana ing kutha Yérusalèm déning wong-wong Yahudi, lan wong kuwi bakal dipasrahaké marang bangsa liya.’"
12 Bareng aku padha krungu sing mengkono mau, aku lan para sedulur kabèh nuli padha ngandhani Rasul Paulus, supaya mbatalaké enggoné arep lunga menyang kutha Yérusalèm.
13 Nanging Rasul Paulus mangsuli: "Yagéné kowé padha nangis lan ngrimuk aku? Aku wis cumadhang ora mung dibanda waé, malah senajan nganti dipatèni pisan ana ing kutha Yérusalèm krana Gusti Yésus aku lila."
14 Aku padha ora bisa ngeluk karepé Rasul Paulus, mulané aku mung padha sumarah, karo muni: "Muga apa sing bakal kelakon kuwi kersané Gusti Allah."
15 Sawisé ana ing kono sawetara dina, aku banjur padha ngringkesi barang-barangku lan mangkat menyang kutha Yérusalèm.
16 Ana sedulur Kristen sawetara saka kutha Kaisaréa sing mèlu ngeteraké aku sakanca menyang omahé Manason, sing arep padha dakinepi. Manason kuwi asalé saka pulo Siprus, lan klebu wong Kristen sing kawitan.
17 Nalika aku sakanca tekan kutha Yérusalèm, para sedulur Kristen ing kono padha mbagèkaké klawan bungah.
18 Ésuké Rasul Paulus karo aku kabèh tilik Yakobus. Para pinituwané pasamuwan kabèh uga padha teka.
19 Rasul Paulus nuli awèh salam, sarta nyritakaké apa waé sing ditindakaké déning Gusti Allah ing antarané wong kapir lantaran dhèwèké.
20 Krungu critané Rasul Paulus sing mengkono mau, wong kabèh nuli padha memuji asmané Gusti Allah. Sawisé kuwi wong-wong mau banjur padha kandha marang Paulus mengkéné: "Sedhèrèk Paulus, kula aturi mirengaken atur kula! Ing ngriki wonten pinten-pinten èwu tiyang Yahudi ingkang pitados dhateng Gusti Yésus, lan ugi sami netepi Torètipun Nabi Musa.
21 Nanging para sedhèrèk wau mireng kabar bilih Panjenengan wonten ing negari manca mulang dhateng sedaya tiyang Yahudi ingkang wonten ing ngrika, supados mboten sami nurut dhateng Torètipun Nabi Musa, lan mboten sami netaki anak-anakipun, utawi nganut adat tata-caranipun tiyang Yahudi.
22 Sedhèrèk-sedhèrèk wau temtunipun inggih sami mireng bilih panjenengan rawuh. Samenika lajeng kadospundi, menapa ingkang prelu kita tindakaken?
23 Kula sami mrayogèkaken, panjenengan kersaa nindakaken panyuwun kula sedaya, mekaten: Ing ngriki wonten sedhèrèk sekawan ingkang sami gadhah nadar.
24 Panjenengan kula aturi sesarengan kaliyan sedhèrèk-sedhèrèk menika nindakaken tata-cara sesuci, lan mbayar ragadipun, supados para sedhèrèk wau saged sami nyukur rambutipun. Srana mekaten sageda cetha tumrap tiyang sedaya, bilih menapa ingkang dipun pireng bab panjenengan menika mboten leres, malah ketitika bilih panjenengan piyambak inggih netepi Torètipun Nabi Musa.
25 Tumrap tiyang-tiyang sanès Yahudi, kita pancèn sampun kintun serat, ingkang ngewrat putusan kita sedaya, bilih para sedhèrèk wau dipun awisi nedha tetedhan ingkang dipun anggé sajèn dhateng brahala, nedha rah utawi kéwan ingkang pejahipun srana dipun tekak; mekaten ugi sami dipun awisi lampah jina."
26 Ésuké Rasul Paulus nuli ngajak wong papat mau, lan sawisé nindakaké sesuci bebarengan, miturut tata-carané wong Yahudi, banjur padha mlebu ing Pedalemané Allah. Ana ing kono padha ngumumaké pira lawasé wektu pasucèn, apa déné kurban tumrap wong siji-sijiné kang bakal disaosaké.
27 Ngarepaké genep pitung dina entèké mangsa sesuci mau, ana wong Yahudi sawetara saka ing tanah Asia padha weruh Rasul Paulus ana ing Pedalemané Allah. Wong-wong mau nuli ngojok-ojoki wong akèh supaya nyekel Rasul Paulus.
28 Wong-wong mau padha nguwuh-uwuh mengkéné: "Sedhèrèk-sedhèrèk, tiyang Israèl, nyuwun tulung! Menika tiyangipun, ingkang késah dhateng pundi-pundi memucal, supados tiyang sedaya nglawan bangsa Israèl lan Torètipun Nabi Musa sarta Pedalemanipun Allah menika. Samenika tiyang menika ugi ngajak tiyang-tiyang kapir sami mlebet wonten ing Pedalemanipun Allah, lan srana mekaten damel najisipun Pedalemanipun Allah!"
29 Enggoné padha muni mengkono mau merga padha weruh Trofimus, wong Éfesus, ana ing Yérusalèm, bebarengan karo Rasul Paulus. Dikira yèn Rasul Paulus sing ngajak Trofimus mau mlebu ing Pedalemané Allah.)
30 Wong sakutha kabèh banjur gègèr, lan kabèh padha kemrubut ngumpul. Rasul Paulus nuli dicekel lan diglandhang metu saka Pedalemané Allah. Lawangé Pedalemané Allah nuli énggal-énggal ditutup.
31 Bareng wong akèh sing gawé gègèr mau lagi nyoba arep matèni Rasul Paulus, komandhané tentara Rum krungu, yèn sakutha Yérusalèm kabèh lagi brontak.
32 Sanalika komandhan mau teka, nggawa perwira lan prejurit sawetara lan énggal-énggal nglabrag wong akèh mau. Bareng padha weruh para prejurit lan komandhan teka, wong-wong mau nuli padha lèrèn enggoné nggebugi Rasul Paulus.
33 Komandhan mau marani Rasul Paulus, nuli préntah supaya Rasul Paulus tangané diranté loro-loroné. Sawisé kuwi komandhan mau banjur takon marang wong-wong sing ana ing kono: "Wong kuwi sapa, lan apa sing ditindakaké?"
34 Ing antarané wong akèh mau ana sing kandha mengkéné, ana sing kandha mengkono. Sarèhné kisruh banget, nganti komandhan mau ora bisa olèh ketrangan sing sanyatané. Mulané banjur préntah, supaya Rasul Paulus digawa menyang bètèng.
35 Bareng tekan undhak-undhakané bètèng, Rasul Paulus kepeksa disunggi, sebab wong-wong sing padha gawé rusuh mau ambyuk dhesek-dhesekan.
36 Karo nguwuh-uwuh: "Wong kuwi dipatèni waé!"
37 Nalika arep digawa mlebu déning para prejurit ana ing bètèng, Rasul Paulus kandha karo komandhané pasukan: "Menapa kula kepareng matur sekedhik?" Komandhan mau nuli takon: "Menapa panjenengan ngertos basa Yunani?
38 Menawi mekaten panjenengan menika sanès tiyang Mesir ingkang dèrèng dangu menika miwiti pembrontakan lan mbekta bala tiyang kawan èwu dhateng ara-ara samun?"
39 Wangsulané Rasul Paulus: "Kula menika tiyang Yahudi dipun lairaken wonten kitha Tarsus, ing tanah Kilikia, warga kitha ingkang kesuwur menika. Kula nyuwun dipun parengaken nyukani katerangan sekedhik dhateng tiyang-tiyang menika."
40 Komandhan mau ngidini lan Rasul Paulus nuli ngadeg ana ing undhak-undhakan, mènèhi sasmita nganggo tangané. Bareng wong kabèh wis meneng, Rasul Paulus nuli mènèhi ketrangan marang wong akèh mau nganggo basa Ibrani, mengkéné: