1 Saka Paulus, rasulé Kristus Yésus awit saka karsané Allah, marang para suci ing Éfesus, iya para wong kang padha pracaya ana ing Kristus Yésus.
2 Sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka Allah, Rama kita lan saka Gusti Yésus Kristus anaa ing kowé kabèh.
3 Pinujia Allah lan Ramané Gusti kita Yésus Kristus, kang wus mberkahi kita ana ing Kristus kalawan sarupané berkah kasukman kang ana ing swarga.
4 Awit iya ana ing Panjenengané iku Allah wis milih kita sadurungé jagat katitahaké, supaya kita padha suci tanpa cacad ana ing ngarsané.
5 Marga saka sih-palimirmané wiwit wiwitan mula Panjenengané wus kepareng netepaké kita kaangkat dadi para putrané, marga saka Yésus Kristus, manut sakeparenging karsané.
6 Supaya pinujia sih-rahmaté kang luhur, kang kaparingaké marang kita ana ing Panjenengané kang kinasih.
7 Sabab iya ana ing Panjenengané, kita kaparingan tebusan, yaiku pangapuraning dosa marga saka rahé, manut gunging sih-rahmaté,
8 kang wus kalubèraké marang kita kalawan sagunging kawicaksanan lan pangertèn.
9 Marga Panjenengané wis medharaké wewadining karsané marang kita, miturut rancanganing-keparengé, yaiku kang wiwit sakawit wus katetepaké ana ing Kristus.
10 Minangka pacawisan ganeping mangsa anggoné nunggilaké samubarang kabèh ana ing Kristus, kang dadi sesirahing samubarang kang ana ing swarga apadéné ing bumi.
11 Ana ing Kristus, awit iya ana ing Panjenengané iku aku kabèh padha olèh warisan kang kaprasetyakaké -- aku kang saka wiwitan wis padha kapilih déning Panjenengané cocog karo karsané Allah, kang nindakaké samubarang manut putusaning karsané --
12 supaya aku kang sadurungé wis padha duwé pangarep-arep ana ing Kristus, kepareng dadi srana pamujining kaluhurané.
13 Ana ing Panjenengané kowé kabèh uga padha kaecap kalawan Roh Suci kang kaprasetyakaké iku, -- awit kowé wis padha ngrungokaké pangandikaning kayektèn, yaiku Injiling karahayonmu, -- sawusé kowé kabèh padha pracaya.
14 Déné Roh Suci iku kang dadi tanggunganing warisan kita nganti kita padha tampa tebusan kang njalari kita dadi kagungané Allah, supaya memuji kaluhurané.
15 Mulané, aku iki sawisé krungu warta bab pracayamu ana ing Gusti Yésus lan bab tresnamu marang sakèhé para suci,
16 ora kendhat anggonku saos sokur marga saka kowé kabèh. Lan aku tansah ngélingi kowé sajroning pandongaku,
17 supaya Allahé Gusti kita Yésus Kristus, yaiku Sang Rama kang mulya iku, karsa paring Rohing kawicaksanan lan wahyu marang kowé, supaya wanuhmu marang Panjenengané kanthi bener temenan.
18 Sarta murih Panjenengané madhangaké mripating atimu, supaya kowé ngerti mungguh pangarep-arep apa kang kamot ing timbalané: Iba gedhéning warisan kamulyané kanggo para suci,
19 lan iba gunging pangwaosé tumrap kita, kang pracaya, cocog karo dayaning pangwaosé kang gedhé,
20 kang katindakaké ana ing Kristus kalawan anggoné mungokaké saka antarané wong mati lan nglenggahaké ing swarga ana ing sisih tengené,
21 banget anggoné ngungkuli luhuré sakèhing pamaréntah lan pangwasa sarta wisésa tuwin kraton lan sadhéngaha jeneng kang kena sinebut, ora ngamungaké ana ing donya iki baé, nanging uga ing jaman kang bakal kelakon.
22 Karodéné samubarang wis kapapanaké ing sangisoring sampéyané Kristus lan Panjenengané wis kaparingaké marang pasamuwan minangka sesirahing samubarang kang sarwa dumadi.
23 Déné pasamuwan iku kang dadi sarirané, yaiku kapenuhan kasampurnan ing Panjenengané, kang menuhi samubarang.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Efesus 1
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Efesus 1

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke