1 Saka Paulus, kang awit saka karsaning Allah dadi rasulé Kristus Yésus, lan saka Timotius sadulur kita tunggal pracaya, marang pasamuwaning Allah ing Korintus karo sakèhing wong suci ing sawrataning Akhaya.
2 Sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka Allah, Rama kita, lan saka Gusti Yésus Kristus anaa ing kowé kabèh.
3 Pinujia Allah, Ramané Gusti kita Yésus Kristus, Rama kang kebak sih palimirma lan Allah kang dadi sumbering panglipur,
4 kang nglipur aku kabèh ing sajroning kasusahanku, satemah aku padha bisa nglipur wong-wong kang nandhang sarupaning kasangsaran kanthi panglipur peparingé Allah marang aku dhéwé.
5 Sabab kaya anggonku padha nampani panduman ing sangsarané Kristus kalawan lubèr, samono uga marga saka Kristus aku padha kaparingan panglipur nganti lubèr.
6 Yèn aku padha nemu kasusahan, iku dadi panglipur lan karahyonmu; déné yèn aku padha kalipur, iku iya dadi panglipurmu, satemah kowé padha olèh kakuwatan kang njalari kowé padha sabar ing sajroning kasangsaran kang padha kaya kang daksandhang.
7 Lan pangarep-arepku kabèh tumrap kowé iku tetep, awit aku padha sumurup, menawa padha kaya anggonmu mèlu kapanduman kasangsaranku kabèh, kowé iya padha mèlu kapanduman panglipur.
8 Sabab karepku kabèh, para Sadulur, supaya kowé padha sumurup mungguhing sangsara kang dakalami ana ing Asia Cilik; aku padha nandhang sangsara kang samono gedhéné lan aboté, nganti aku padha ora duwé pangarep-arep yèn bisa urip.
9 Malah aku kabèh rumangsa kaya wus kapatrapan paukuman pati. Nanging bab iku anggoné kelakon supaya aku aja padha nganti ngendelaké marang awakku dhéwé, nanging ngemungna marang Allah kang nangèkaké para wong mati.
10 Panjenengané wus nguwalaké lan bakal nguwalaké aku kabèh saka ing pati kang nggegirisi banget iku: Iya marang Panjenengané iku anggonku nggantungaké pangarep-arep, yèn Panjenengané bakal ngluwari aku kabèh manèh,
11 marga kowé uga mbiyantu aku kabèh kanthi pandonga, supaya akèh wong kang padha saos sokur mungguhing sih-rahmat kang kaparingaké marang aku kabèh, marga saka akèhé pandongané tumrap aku.
12 Iki kang padha dakegung-egungaké, yaiku paseksiné swaraning atiku, yèn lakuku ana ing jagat iki, apa manèh ing bab gegayutanku karo kowé kabèh, iku temen lan murni kang asalé saka Allah, ora marga saka kawicaksanan cara kadonyan, nanging marga saka dayaning sih-rahmaté Allah.
13 Sabab kang padha daktulis iki mung apa kang bisa kokwaca sarta kokngertèni. Lan pangarep-arepku muga-muga kowé padha bisa ngerti kabèh,
14 kayadéné anggonmu wus padha ngerti sawatara saka aku kabèh, yaiku yèn kowé bakal ngegung-egungaké aku, kayadéné anggonku iya bakal padha ngegung-egungaké kowé bésuk, ing dinané Gusti Yésus.
15 Adhedhasar keyakinan iki, aku mauné wus tau ngrancang arep niliki kowé dhisik, supaya kowé olèh sih-rahmat kang kaping pindhoné.
16 Banjur arep nerusaké lakuku menyang Makédonia, saka Makédonia bali manèh menyang panggonanmu, lan kalawan pitulunganmu aku bisa nerusaké lakuku menyang Yudéa.
17 Dadi, apa anggonku ngrancang mangkono iku sapénaké baé? Utawa apa mung manut pepénginanku dhéwé, temahan aku banjur duwé ujar "iya, iya" lan "ora, ora"?
18 Demi Allah kang setya tuhu, janjiku marang kowé ora "iya" lan "ora".
19 Awit Yésus Kristus, Putraning Allah, kang wus padha dakwartakaké ana ing antaramu, yaiku déning aku lan Silwanus sarta Timotius, dudu "iya" lan "ora", nanging kosok-baliné ana ing Panjenengané iku kang ana mung "iya".
20 Sabab Kristus iku "iya" tumraping sakèhé prasetyané Allah. Iya iku sababé anggon kita marga saka Panjenengané, banjur ngucap "Amin" minangka kamulyaning Allah.
21 Sabab Panjenengané kang wus nyantosakaké aku kabèh bebarengan karo kowé ana ing Kristus, yaiku Allah kang wus njebadi,
22 lan wus maringi tandha cap marang kita yèn kita iku dadi kagungané lan kang maringi Roh Suci ana ing ati minangka panjer tumrap sakèhing prakara kang wus kacawisaké kanggo kita.
23 Nanging aku nyebut marang Allah minangka seksiku kang nguningani isining atiku menawa anggonku ora teka ing Korintus iku sabab aku ngéman kowé.
24 Ora marga saka anggonku padha kepéngin mréntah, apa kang kudu kokpracaya, awit pracayamu santosa. Nanging aku padha kepéngin mèlu mbiyantu tumrap kabungahanmu.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: 2 Korintus 1
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: 2 Korintus 1

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke