1 Nanging para Sadulur, mungguh mangsa lan waktuné ora prelu ditulis kanggo kowé,
2 amarga kowé dhéwé wis padha sumurup kalawan cetha, yèn dinané Gusti iku tekané kaya maling ing wayah bengi.
3 Menawa wong-wong padha kandha: Kabèh tentrem lan ora ana bebaya -- mangka dumadakan wong-wong padha katempuh ing bilai, kayadéné wong wadon ngandheg dhadhakan nglarani -- mesthi bakal padha ora bisa ngoncati.
4 Nanging kowé, para Sadulur, kowé padha ora urip ana ing pepeteng, nganti kowé padha keblejog ing dina iku kang tekané kaya maling,
5 amarga wong kabèh iku padha dadi anaking pepadhang lan anaking raina. Kita iku dudu wong-wonging wengi utawa wong-wonging pepeteng.
6 Awit saka iku prayogané kita aja padha turu kaya wong-wong liyané, nanging padha tangia lan siyaga.
7 Jalaran wong kang padha turu, iku turuné ing wayah bengi, lan kang padha mendem, iku anggoné mendem ing wayah bengi.
8 Nanging kita iki wong-wonging raina, mulané kita padha diwaspada, kudu ngrasuk keréning pracaya lan katresnan sarta tetopong pangarep-areping karahayon.
9 Awit Allah ora netepaké kita supaya nampa deduka, nanging supaya olèh karahayon marga déning Yésus Kristus, Gusti kita,
10 kang wis séda kanggo kita, supaya kita, dadia siyaga, dadia turu, padha urip bareng karo Panjenengané.
11 Mulané kowé padha éling-ingélingna lan bangun-binanguna, kayadéné kang pancèn padha koklakoni.
12 Panjalukku marang kowé kabèh, para Sadulur, padha urmatana wong-wong kang mempeng ing gawé ana ing antaramu, kang nuntun kowé ana ing Gusti lan kang awèh pepéling marang kowé,
13 lan supaya padha kokajèni kang banget kalawan katresnan marga saka pagawéané. Tansah padha uripa kanthi rukun ana ing antaramu.
14 Aku uga padha awèh pitutur marang kowé, para Sadulur, wong kang uripé padha ora tumata, perdinen; wong kang padha cilik atiné, bombongen; wong kang padha ringkih, bélanana; disabar marang wong kabèh.
15 Padha gatèkna, supaya aja ana wong kang males ala marang wong kang gawé piala, nanging tansah padha ngudia marang kang becik, marang pepadhamu lan marang wong kabèh.
16 Tansah padha bungaha.
17 Aja kendhat anggonmu ndedonga.
18 Padha ngunjukna panuwun ing sabarang prakara, awit iku kang dikarsakaké déning Allah ana ing Kristus Yésus tumrap kowé.
19 Aja nyirep Roh,
20 lan aja ngrèmèhaké pamedhar wangsit.
21 Titinen samubarang kabèh, lan ugemana kang becik.
22 Padha ngedohana sarupaning piala.
23 Muga Allah kang kagungan tentrem-rahayu iku nucèkaké kowé ing sasampurnané lan muga roh, jiwa lan badanmu kareksa kanthi tanpa cacad nalika rawuhé Yésus Kristus, Gusti kita.
24 Panjenengané kang nimbali kowé iku setya, Panjenengané uga bakal minangkani.
25 Para Sadulur, aku kabèh padha dongakna.
26 Salamku kabèh marang para Sadulur tunggal pracaya kalawan pangambung kang suci.
27 Demi asmané Gusti panjalukku kanthi banget marang kowé, supaya layang iki kawacakaké marang sadulur tunggal pracaya kabèh.
28 Sih-rahmaté Yésus Kristus, Gusti kita, nunggila ing kowé kabèh.