1 Saka Paulus, Silwanus lan Timotius marang pasamuwané wong-wong ing Tésalonika, kang ana ing Allah Sang Rama lan ana ing Gusti Yésus Kristus. Sih-rahmat lan tentrem-rahayu anaa ing kowé kabèh.
2 Aku tansah padha saos sokur marang Allah marga saka kowé kabèh sarta ngélingi kowé ana ing pandongaku.
3 Sabab aku tansah padha éling marang pagawéaning pracayamu, pambudi-dayaning katresnanmu sarta anteping pangarep-arepmu marang Gusti kita Yésus Kristus ana ing ngarsané Allah lan Rama kita.
4 Sarta aku padha sumurup, hé para Sadulur kang kinasihan déning Allah, yèn Panjenengané wis milih kowé kabèh.
5 Awit Injil kang kita wartakaké iku, mungguhing kowé kabèh iku ora mung lantaran tembung-tembung baé, nanging uga kalawan daya-kakuwataning Roh Suci sarta kalawan katamtuan kang mantep. Pancèn kowé padha sumurup, kepriyé anggonku padha makarya ana ing antaramu marga saka kowé kabèh.
6 Lan kowé wus padha nulad aku sarta nulad Gusti; sajroning kasangsaran kang banget, kowé wus padha nampani pangandika iku kalawan bungah marga saka pakaryané Roh Suci,
7 satemah kowé padha dadi tuladha tumrap wong kabèh kang pracaya ing tlatah Makédonia lan Akhaya.
8 Amarga saka ing antaramu pangandikané Gusti ngumandhang ora mung ana ing Makédonia lan ing Akhaya baé, nanging ana ing sakèhing panggonan wis kawentar kabar bab pracayamu marang Allah, mulané aku wis ora susah ngandhakaké apa-apa bab iku.
9 Sabab wong-wong iku dhéwé kang wis padha nyritakaké bab aku sakanca, kepriyé anggonmu padha ngrengkuh aku kabèh, sarta anggonmu padha ninggal brahala-brahala banjur mratobat marang Allah tuwin leladi marang Panjenengané kang gesang lan sejati,
10 sarta kanggo nganti-anti rawuhé Sang Putra saka ing swarga, kang wis kawungokaké saka antarané wong mati, yaiku Yésus, kang ngluwari kita saka ing bebendu kang bakal kelakon.