1 Kang iku, aku padha dianggepa kaya mangkono iku: dadi abdiné Kristus, kang pinitaya rumeksa ing kekerané Allah.
2 Wondéné para abdi kang kaya mangkono iku, saraté kudu katitik katemenané.
3 Tumraping aku dakanggep sepélé, apa kowé utawa sadhéngah pangadilaning manungsa kang ngadili marang aku. Malah awakku dhéwé iya ora dakadili.
4 Sabab aku pancèn ora rumangsa apa-apa mungguhing awakku dhéwé, nanging ora awit saka iku anggonku kabeneraké. Kang ngadili aku iku Gusti.
5 Mulané kowé aja ngadili sadurungé tekan waktuné, yaiku sadurungé Gusti rawuh. Panjenengané kang bakal nyunari samubarang kang sumimpen ana ing pepeteng, lan kang bakal nglairaké ciptaning ati. Ing kono saben wong bakal olèh pangalem saka Allah.
6 Para Sadulur, kandhaku iki mau daketrapaké marang awakku dhéwé lan marang Apolos, marga saka kowé, supaya marga saka tuladhaku iku, kowé padha sinau ngerti apa ta tegesé unèn-unèn, "Aja ngungkuli apa kang tinulis," supaya ing antaramu aja nganti ana kang kumlungkung kanthi ngegungaké kang siji ngrèmèhaké sijiné.
7 Awit sapa ta kang nganggep kowé iku kinacèk? Lan apa ta kang kokdarbèni kang ora saka anggonmu tampa? Déné yèn marga saka anggonmu tampa, yagéné kowé kok kumalungkung, kaya-kaya ora saka anggonmu tampa?
8 Kowé iku wus padha wareg, kowé wus padha dadi sugih, tanpa aku kowé wus padha dadi raja. Saiba beciké yèn ta pancèn nyata mangkono, menawa kowé wus padha dadi raja, satemah aku iya padha mèlu dadi raja karo kowé!
9 Sabab mungguhing panemuku Allah maringi papan kang asor dhéwé marang aku kabèh, para rasul, padha karo wong kang wus kapatrapan ing paukuman pati, marga aku wus padha dadi tontonaning jagat, para malaékat sarta manungsa.
10 Aku iki padha bodho awit saka Kristus, nanging kowé padha wasis ana ing Kristus. Aku padha apes, nanging kowé padha rosa. Kowé padha mulya, nanging aku padha ora kajèn.
11 Nganti tumeka ing waktu iki aku padha luwé, ngelak, kawudan, digebugi sarta urip nglembara,
12 nganggo tanganku dhéwé aku nindakaké pagawéan kang abot. Yèn aku dipoyoki, aku padha mujèkaké becik; yèn aku dikuya-kuya, aku padha sabar;
13 yèn aku dipitenah, aku padha mangsuli kanthi sumanak; aku wus padha dadi leletheking jagat, padha karo jejembering samubarang nganti tumeka saiki.
14 Bab iki daktulis ora nedya gawé isinmu, nanging kanggo ngélingaké kowé kabèh kang dadi anak-anakku kang daktresnani.
15 Marga sanadyan kowé padha duwé panuntun maèwu-èwu ana ing Kristus, nanging ora duwé bapa akèh. Marga iya aku kang dadi bapakmu ana ing Kristus Yésus sarana Injil.
16 Mulané kowé padha dakpituturi: Padha nulada marang aku!
17 Iya iku mulané aku banjur kongkonan Timotius anakku kang kinasih lan kang setya ana ing Gusti. Iku kang bakal ngélingaké kowé bab lakuku ana ing Kristus Yésus, kaya kang dakwulangaké ana ing endi-endi ing saben pasamuwan.
18 Nanging ana wong sawatara kang banjur padha kumenthus, marga wong mau padha duwé pangira, yèn aku ora bakal nekani kowé manèh.
19 Nanging menawa Gusti marengaké, aku bakal énggal nekani kowé. Ing kono aku bakal nyumurupi, dudu tembungé wong kang kumenthus mau, nanging kakuwatané.
20 Sabab kratoné Allah iku ora awujud tembung, nanging wujud kakiyatan.
21 Apa ta kang padha kokkarepaké? Apa tekaku marang kowé kudu nggawa penthung, apa kalawan katresnan lan budi sarèh?