1 Para Sadulurku, kowé kabèh iku wong kang pracaya marang Yésus Kristus, Gusti kita kang mulya, anggonmu ngetrapaké pracayamu aja nganggo mawang wong.
2 Jalaran saupama ana wong kang lumebu ing kumpulanmu nganggo ali-ali emas, nganggo sandhangan sarwa mompyor sarta uga ana wong miskin kang lumebu nganggo sarwa ala,
3 nuli kowé padha ngajèni marang wong kang manganggo mompyor mau, banjur matur mangkéné, "Panjenengan kula aturi lenggah ing papan ingkang saé punika!", mangka tumrap wong kang miskin kokkandhani mangkéné, "Sampéyan ngadeg ngriku mawon!" utawa, "Sampéyan linggih ngandhap ngriki celak ancik-anciking suku kula!",
4 apa kowé ora wis padha mbédak-mbédakaké sajroning atimu sarta tumindak dadi hakim kang ala pikirané?
5 Rungokna ta, para Sadulur kang daktresnani, Allah apa ora wis milih wong-wong kang dianggep miskin déning donya iki padha dadi sugih mungguhing pracaya sarta padha dadi ahli-warisé Kraton kang wis diprasetyakaké marang kang padha nresnani Panjenengané?
6 Nanging kowé iku wis padha ngrèmèhaké wong-wong miskin. Malah apa dudu wong-wong sugih kang padha nindhes sarta nyèrèd kowé marang pangadilan?
7 Apa dudu wong-wong iku kang padha nyenyamah Asma kang mulya, kang njalari kowé padha dadi kagungané Allah?
8 Menawa kowé netepi angger-angger kang utama kang katulis ing Kitab Suci, "Sira tresnaa marang sapepadhanira dikaya marang awakira dhéwé," dadi kowé tumindak becik.
9 Nanging, menawa kowé padha mawang wong, kowé nglakoni dosa sarta marga saka angger-angger iku, banjur nyata yèn kowé nglakoni panerak.
10 Jalaran sing sapa ngangkah netepi sakèhing angger-angger iku, nanging nglirwakaké sapérangan baé, wong iku kaluputan marang sakabèhé.
11 Jalaran Panjenengané kang ngandika, "Sira aja laku bédhang," iku uga ngandika, "Sira aja mematèni." Dadi sanadyan kowé ora laku bédhang, nanging yèn kowé gawé pepati, iku kowé uga dadi wong kang nerak angger-angger.
12 Ngucapa sarta tumindaka kaya wong kang bakal diadili sarana angger-angger kang mardikakaké wong.
13 Sabab pangadilan kang tanpa welas bakal tumindak ing ngatasé wong kang ora nglakoni kawelasan. Mangka kawelasan iku bakal ngungguli pangadilan.
14 Para Sadulurku, apa gunané menawa ana wong ngaku nduwèni iman, mangka ora ana panggawéné? Apa imané bisa gawé slameté wong iku?
15 Saupama ana sadulur lanang utawa wadon kang ora duwé sandhangan lan kekurangan pangan sadina-dinané,
16 banjur ana panunggalanmu kang kandha mangkéné, "Mangkata, daksangoni slamet, nganggoa sandhangan kang anget sarta mangana sing wareg", nanging ora mènèhi wong iku apa kang dadi kabutuhaning ragané, iku apa gunané?
17 Mangkono uga tumraping iman: Menawa iman iku ora dikanthèni panggawé, iman iku sejatiné mati.
18 Nanging bisa uga ana kang ngucap mangkéné, "Kowé duwé iman, aku duwé panggawé." Aku bakal mangsuli, "Coba tuduhna imanmu kang tanpa panggawé iku marang aku lan aku bakal nuduhaké marang kowé imanku saka panggawé-panggawéku."
19 Kowé pracaya menawa mung ana Allah siji? Iku becik! Nanging sétan-sétan uga pracaya bab iku lan padha gumeter.
20 Hé, wong bodho, apa kowé saiki gelem ngakoni, menawa iman tanpa panggawé iku iman kang kothong?
21 Abraham, Rama leluhur kita, apa ora awit saka pandamel-pandamelé anggoné kaleresaké, nalika panjenengané ngurbanaké Ishak, kang putra, ana ing misbyah?
22 Kowé padha sumurup, menawa iman iku tumindaké bebarengan karo panggawé-panggawéné, sarta marga saka panggawé-panggawé iku iman dadi sampurna.
23 Sarana mangkono kayektènan pangandika kang surasané mangkéné, "Abraham pracaya marang Allah, mangka iya pracayané iku kang njalari Abraham kaanggep bener." Amarga saka iku Abraham kasebut, "Mitrané Allah."
24 Dadi kowé padha sumurup, menawa manungsa anggoné kabeneraké jalaran saka panggawé-panggawéné, ora mung saka imané baé.
25 Mangkono uga Rahab, sundel iku, apa ora awit saka panggawéné anggoné kabeneraké, nalika ndhelikaké para telik-sandi ana ing omahé, banjur mitulungi lolosé, metu dalan liya?
26 Sabab kayadéné badan tanpa roh iku mati, mangkono uga iman tanpa panggawé iku iya mati.