1 Salah sijiné malaékat pitu kang ngasta bokor pitu iku mau, rawuh sarta ngandika marang aku, "Mrénéa, aku bakal nuduhaké marang kowé paukumané sundel gedhé, kang lungguh ana ing papan kang akèh banyuné.
2 Para raja ing bumi padha tumindak cabul karo sundel mau, lan para wong kang manggon ing bumi wis padha mendem déning angguring bédhangé."
3 Ing sajroning roh aku digawa menyang ara-ara samun. Aku weruh ana wanita nunggang kéwan abang sulak wungu, kang awaké kebak tulisan jeneng-jeneng panyenyamah. Kéwan iku endhasé pitu lan sunguné sapuluh.
4 Déné wanita mau manganggo sarwa wungu lan jingga, sarta nganggo rerenggan emas, sesotya lan mutiyara, sarta ing tangané nyekel tuwung emas kang kebak sakèhing barang najis lan jejembering laku cabul.
5 Lan ing bathuké tinulisan jeneng, sawijining wewadi, "Babél gedhé baboning para sundel lan sakèhing panggawé nistha ing bumi."
6 Anadéné aku weruh wanita mau mendem marga ngombé getihé para suci lan para seksiné Yésus. Aku gumun banget nalika ndeleng iku mau.
7 Malaékat mau tumuli ngandika marang aku, "Yagéné kowé gumun? Kowé dakkandhani wewadiné wanita lan wewadiné kéwan tunggangané kang endhasé pitu lan sunguné sapuluh iku.
8 Kéwan kang kokdeleng iku mauné ana, nanging saiki ora ana, lan bakal njedhul saka ing teleng palimenganing pati, sarta bakal ngalami rusak. Anadéné para kang manggon ana ing bumi, kang jenengé ora tinulis ing buku kauripan wiwit jagat tinalesan, iku bakal padha kaéraman, samangsa padha weruh kéwan iku, déné mauné ana saiki ora ana, mangka bakal ana manèh.
9 Kang prelu ing kéné yaiku budi kang wicaksana: endhas pitu iku ngibarati gunung pitu kang dilungguhi déning wanita mau.
10 Karodéné uga ngibarati raja pitu; kang lima wus padha ambruk, kang siji saiki ana, sijiné durung teka, déné samangsa wis teka, iku mung sawatara mangsa.
11 Anadéné kéwan kang mauné ana, saiki ora ana, iku dhéwé dadi raja kang kawolu lan iya tunggalé kang pitu iku, sarta bakal ngalami rusak.
12 Déné sungu sapuluh kang kokdeleng iku raja sapuluh kang durung wiwit mréntah, nanging bakal padha nampani pangwasaning raja suwéné sajam, bebarengan karo kéwan mau.
13 Iku padha sarujuk, masrahaké kasektèn lan pangwasané marang kéwan iku.
14 Kabèh mau bakal padha nempuh perang nglawan Sang Cempé. Nanging bakal padha dikalahaké déning Sang Cempé, amarga Panjenengané iku Gustiné para gusti lan Rajané para raja. Wong-wong kang padha nunggal karo Panjenengané iya bakal unggul, yaiku kang padha katimbalan sarta kang padha pinilih apadéné kang setya."
15 Malaékat mau tumuli ngandika marang aku, "Sakèhing banyu kang kokdeleng, kang dilungguhi déning sundel iku ngibarati para bangsa lan rakyat akèh tuwin umat apadéné basa.
16 Déné sungu sapuluh kang kokdeleng lan kéwan iku bakal padha sengit marang sundel iku, kang bakal ditinggal ijèn lan kawudan sarta dipangan dagingé, banjur kaobong sarana geni.
17 Amarga atiné wis dipadhangi déning Allah supaya nglakoni kang dadi karsané kanthi tunggal sedya, apadéné supaya masrahaké papréntahané marang kéwan iku, nganti tumeka pangandikané Allah kabèh wis katetepan.
18 Déné wanita kang kokdeleng iku, yaiku kutha gedhé kang ngerèh para raja ing bumi."

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Wahyu 17
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Wahyu 17

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke