1 Aku tumuli weruh pratandha liyané ana ing langit kang gedhé lan élok: ana malaékat pitu padha ngasta wewelak pitu kang pungkasan, awit iku kang mungkasi bebenduné Allah.
2 Aku banjur weruh rerupan kaya sagara kaca campur geni, sarta wong-wong kang wis unggul anggoné perang karo kéwan iku dalah recané, sarta cacah pétungané jenengé, padha ngadeg ana ing pinggiring sagara kaca mau. Sarta iku padha nyekel clempungé Allah.
3 Wong-wong iku padha ngidungaké kidungé Musa, abdiné Allah, lan kidungé Sang Cempé, uniné, "Agung saha élok pakaryan Paduka, dhuh Pangéran, Allah ingkang Mahakwaos! Adil saha leres sadaya margi Paduka, dhuh Rajanipun sadaya bangsa!
4 Dhuh Pangéran, sinten ingkang mboten ajrih, saha mboten ngluhuraken asma Paduka? Awit namung Paduka piyambak ingkang suci; amargi sakathahipun bangsa sami badhé sowan sarta nyembah sujud dhumateng Paduka, sabab sampun tetéla leresing sadaya pangadilan Paduka."
5 Sawusé mangkono aku tumuli weruh Padaleman Suci -- Tarubing Paseksi -- ing swarga, binuka.
6 Malaékat pitu kang ngasta wewelak pitu mau, padha medal saka Padaleman Suci, ngagem mori alus putih resik tuwin gumilap lan jajané apaningset emas.
7 Makluk siji ing antarané makluk papat mau tumuli ngulungaké bokor emas pitu marang malaékat pitu mau, kabèh kebak isi bebenduning Allah kang gesang langgeng ing salawas-lawasé.
8 Padaleman Suci mau nuli kebak pega awit saka kaluhurané lan pangwaosing Allah, sarta ora ana wong siji-sijia kang bisa lumebu ing Padaleman Suci iku, sadurungé wewelak pitu kang kaasta déning malaékat pitu mau rampung.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Wahyu 15
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Wahyu 15

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke