1 Nanging kowé, wartakna apa kang cundhuk karo piwulang kang satuhu.
2 Para wong lanang kang wis tuwa supaya padha urip kajèn, prasaja, wicaksana sarta mantep ing pracaya, ing katresnan lan katemenan.
3 Mangkono uga para wong wadon kang wis tuwa, iku padha mujudna anggoné dadi wong ngibadah, aja mitenah, aja karem ngombé anggur, nanging bisa memulang prakara-prakara kang becik,
4 lan sarana mangkono bisa merdi wong-wong wadon kang isih enom, supaya padha tresna marang kang lanang tuwin marang anak-anaké,
5 urip kalawan wicaksana lan suci, sregep mranata balé-omahé, becik atiné sarta sumuyud marang kang lanang, supaya pangandikané Allah aja nganti dicecamah.
6 Mangkono uga para wong nom-noman, padha pituturana, supaya padha bisa ngendhalèni awaké dhéwé ing sadhéngah prakara,
7 lan kowé dhéwé dadia tuladha ing bab nindakaké panggawé becik. Anggonmu memulang dikalawan jujur sarta tumemen,
8 tetembunganmu disatuhu lan tanpa cacad, satemah wong kang nglawan padha dadi wirang, amarga ora ana prakara-prakara ora becik kang kena kanggo ngala-ala kita.
9 Para abdi padha pituturana supaya sumuyud marang bendarané tumrap sadhéngah prakara, lan padha gawéa senenging atiné lan aja mbantah,
10 aja clemer, nanging tansah nélakna anggonmu temen lan setya, supaya marga saka mangkono tumrap ing sadhéngah prakara, padha ngluhuraké piwulangé Allah, Pamarta kita.
11 Awitdéné sih-rahmaté Allah kang nylametaké manungsa kabèh iku wis kababar.
12 Iku merdi marang kita, supaya kita ninggal pamblasar lan pepénginan kadonyan sarta supaya kita urip kalawan wicaksana, adil tuwin ngabekti ana ing donya samengko iki,
13 kalawan nganti-anti kaleksananing pangarep-arep kita kang kalubèran berkah karahayon lan ngatingalaké kamulyaning Allah kang mahaagung sarta Pamarta kita Yésus Kristus,
14 kang wis masrahaké sarirané kanggo kita, supaya ngluwari kita saka sakèhing piala sarta nucèkaké kagem Panjenengané, umat kagungané piyambak, kang taberi ing panggawé becik.
15 Iku mau kabèh kandhakna, wong-wong padha pituturana lan welèhna kalawan prabawamu ing sakatogé. Aja nganti ana wong kang ngrèmèhaké kowé.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Titus 2
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Titus 2

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke