1 Kang iku saiki wis ora ana paukuman manèh tumrap wong kang padha ana ing Kristus Yésus.
2 Sabab angger-anggeré Roh kang paring urip, wis ngluwari kowé kabèh ana ing Kristus, saka angger-anggering dosa lan pati.
3 Awit apa kang ora bisa ditindakaké déning angger-anggering Torèt jalaran tanpa daya marga déning daging, wis katindakaké déning Allah sarana ngutus Kang Putra piyambak, padha karo manungsa kang nandhang dosa, Panjenengané wis matrapi paukuman tumrap dosa ana ing sajroning daging,
4 supaya apa kang dadi pangajabé angger-anggering Torèt katetepana ana ing kita, kang ora padha urip nuruti daging, nanging manut marang Roh.
5 Sabab wong kang urip miturut daging, iku padha ngangen-angen prakara-prakara kang saka ing daging; nanging wong kang uripé manut marang Roh, iku padha ngangen-angen prakara-prakara kang saka Roh.
6 Awitdéné pepénginané daging iku pati, balik pepénginané Roh iku urip lan tentrem-rahayu.
7 Sabab pepenginaning daging iku nyatru marang Allah, awit ora cundhuk marang angger-anggeré Allah, lan pancèn iya ora bisa.
8 Wong kang urip miturut daging iku ora bakal ndadèkaké keparengé Allah.
9 Balik kowé iku padha ora urip miturut daging, nanging miturut Roh, mangkono iku menawa Rohing Allah pancèn dedalem ana ing kowé. Nanging sing sapa ora kadunungan Rohé Kristus, wong iku dudu kagungané Kristus.
10 Nanging menawa Kristus dedalem ana ing kowé, sanadyan badan iku mati marga saka dosa, nanging roh iku urip awit saka kabeneraké.
11 Menawa Rohé kang wis mungokaké Yésus saka ing antarané wong mati iku dedalem ana ing kowé, dadiné kang wis mungokaké Kristus saka ing antarané wong mati iku iya bakal nguripaké badanmu kang kena ing pati iku, lantaran Roh kang dedalem ana ing kowé.
12 Mulané para Sadulur, kita iki padha dadi wong kang kapotangan, nanging ora marang daging supaya urip nuruti daging.
13 Sabab menawa urip nuruti daging, kowé bakal padha mati; nanging menawa déning Roh kowé matèni panggawéning badanmu, kowé bakal padha urip.
14 Sakèhé wong kang katuntun déning Rohé Allah, iku padha dadi putrané Allah.
15 Awit kowé padha ora nampani rohing pangawulan kang njalari kowé dadi wedi manèh, nanging kowé wis padha nampani Roh kang njalari kowé dadi putrané Allah. Marga saka Roh iku kita banjur padha nyebut, "Abba, Rama!"
16 Roh iku neksèni bebarengan karo roh kita, yèn kita iku para putrané Allah.
17 Déné menawa kita iki dadi putra, dadi iya ahli waris, tegesé wong kang padha nduwèni hak nampani prasetyané Allah, kang bakal katampa bebarengan karo Kristus, yaiku menawa kita padha ndhèrèk nandhang sangsara karo Panjenengané, supaya kita iya ndhèrèk kamulyakaké bareng karo Panjenengané.
18 Sabab aku yakin, yèn kasangsaraan ing jaman saiki iku ora kena katandingaké karo kamulyan kang bakal kaparingaké marang kita.
19 Sabab kanthi cecengklungen sakèhing titah anggoné padha nganti-anti marang wektu kababaré para putrané Allah.
20 Awit sakèhing titah wis katelukaké marang prakara-prakara kang tanpa guna, ora saka karepé dhéwé, nanging marga saka karsané Panjenengané kang nelukaké,
21 ananging sajroning pangarep-arep, marga titah iku dhéwé uga bakal kaluwaran saka ing pangawulaning karusakan, lan lumebu marang kamardikan lan kamulyané para putrané Allah.
22 Sabab kita padha mangerti, yèn nganti sapréné sakèhing titah iku iya padha sesambat lan iya padha ngrasakaké larané wong kang arep nglairaké.
23 Ora mung wong-wong iku baé, nanging kita kang wis kaparingan Roh minangka ganjaran wiwitan, uga padha sesambat sajroning ati kalawan nganti-anti wektuné kaangkat putra, yaiku pangluwaraning badan kita.
24 Sabab kita padha kaslametaké ana ing pangarep-arep. Nanging pangarep-arep kang katon iku dudu pangarep-arep manèh, marga kepriyé wong isih ngarep-arep barang kang wis dideleng?
25 Nanging menawa kita ngarep-arep marang apa kang ora kita deleng, anggon kita ngarep-arep iku kalawan sabar.
26 Mangkono uga Roh iya mbiyantu kita ing sajroning karingkihan kita; awit kita ora mangerti kepriyé kuduné anggon kita ndedonga; nanging Roh piyambak ngaturaké panyuwun marang Allah, kanthi pasambat kang ora kaucapaké.
27 Sarta Allah kang nitipriksa sajroning ati, pirsa karsané Roh, yaiku menawa Panjenengané nyenyuwun kanggo para suci, nyondhongi karsané Allah.
28 Saiki kita padha mangerti, yèn Allah uga makarya ana ing samubarang kabèh, minangka beciké wong kang padha tresna marang Panjenengané, yaiku para kang tinimbalan miturut ing karsané Allah.
29 Marga wong kabèh kang wis kapilih saka ing wiwitan déning Panjenengané, iku iya katamtokaké saka ing wiwitan dadi madha rupa karo citrané Kang Putra, supaya Kang Putra iku dadi pambarep ana ing antarané sadulur kabèh.
30 Wong-wong kang padha katamtokaké saka ing wiwitan iku iya padha katimbalan. Lan kang wus padha katimbalan, iku iya padha kabeneraké. Apadéné kang wus kabeneraké, iku iya padha kamulyakaké.
31 Kang iku apa kang bakal kita kandhakaké tumrap kabèh mau? Menawa Allah ana ing pihak kita, sapa kang bakal nglawan kita?
32 Kang ora ngéman Kang Putra piyambak, nanging malah nganti masrahaké Panjenengané kanggo kita kabèh, apa iya kalakon ora maringaké samubarang kabèh marang kita bareng lan Panjenengané?
33 Sapa kang bakal nggugat para pilihané Allah? Apa Allah kang mbeneraké wong-wong mau? Sapa kang bakal matrapi paukuman?
34 Apa Kristus Yésus kang wis séda? Malah luwih saka iku, apa kang wis wungu, kang lenggah ana ing satengené Allah, malah dadi kang mbélani kita?
35 Sapa kang bakal misahaké kita saka sihé Kristus? Apa panganiaya, apa kasangsaran, apa panguya-uya, apa kaluwèn, apa kawudan, apa bebaya, apa pedhang?
36 Kaya kang wis katulisan, "Margi saking Paduka, kawula sami wonten ing salebeting bebaya pejah sadinten muput, kawula sami kaanggep kados ménda sembelèhan."
37 Nanging tumrap iku mau kabèh, kita padha ngluwihi wong-wong kang menang, lantaran Panjenengané kang wus ngasihi kita.
38 Sabab aku yakin, menawa pati utawa urip, para malaékat apa para pangwasa, kang saiki ana utawa kang bakal ana,
39 apa sakèhing pangwasa kang ana ing dhuwur utawa ing ngisor, utawa sawenèhing titah liyané, ora bakal bisa misahaké kita saka ing sihé Allah, kang ana ing Kristus Yésus, Gusti kita.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Roma 8
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Roma 8

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke