1 Yèn mangkono, apa kang bakal kita kandhakaké? Apa kita kepareng padha ndlarung ing sajroning dosa, supaya wuwuha gedhéné sih-rahmat?
2 Babar pisan ora! Kita rak wis mati tumraping dosa, kepriyé anggon kita isih padha bisa urip ing sajroning dosa mau?
3 Apa kowé padha ora mangerti, yèn kita kang wus padha kabaptis ana ing Kristus Yésus, iku wis padha kabaptis ana ing sédané?
4 Dadi, kita wus padha ndhèrèk kakubur kalawan Panjenengané, sarana baptising pati mau, supaya padha kayadéné Kristus wus kawungokaké saka ing antarané wong mati déning kamulyaning Sang Rama, mangkono uga kita bakal urip ana ing sajroning urip kang anyar.
5 Sabab yèn kita wis padha nunggal kalawan apa kang padha karo sédané, kita iya bakal padha nunggal kalawan apa kang padha karo wunguné.
6 Amarga kita padha mangerti yèn kamanungsan kita kang lawas iku wis ndhèrèk sinalib, supaya si dosa sirna pangwasané, lan kita padha ora ngawula marang dosa manèh.
7 Sabab, sapa kang wis mati, iku wis luwar saka ing dosa.
8 Dadi menawa kita wis padha ndhèrèk mati karo Kristus kita padha ngandel yèn iya bakal padha urip karo Panjenengané.
9 Amarga kita padha mangerti, yèn Kristus sawisé kawungokaké saka ing antarané wong mati, ora séda manèh: Pati wis ora ngwasani Panjenengané manèh.
10 Awit sédané iku, séda tumraping dosa, mung sapisan kanggo salawasé; lan gesangé iku gesang lumados marang Allah.
11 Samono uga anggonmu mawas iya mangkénéa: Kowé wis padha mati tumraping dosa, nanging kowé padha urip lumados marang Allah ana ing Kristus Yésus.
12 Mulané dosa aja nganti ngwasani badanmu kang kena ing pati manèh, supaya kowé aja nganti nuruti pepénginané.
13 Sarta kowé aja masrahaké gegelitaning badanmu marang si dosa kanggo gegamaning kadurakan, nanging badanmu saosna marang Allah, kaya wong kang mauné mati, nanging saiki urip. Sarta gegelitaning badanmu iku saosna marang Allah, minangka gegaman kanggo nindakaké apa kang bener.
14 Sabab dosa ora bakal ngwasani kowé manèh, marga kowé padha ora kawengku ing angger-anggering Torèt, nanging kawengku ing sih-rahmat.
15 Dadiné kepriyé? Apa kita banjur arep nglakoni dosa marga ora kawengku ing angger-anggering Torèt, ananging kawengku ing sih-rahmat? Babar pisan ora!
16 Apa kowé padha ora mangerti, menawa kowé masrahaké awakmu marang sawijining wong dadi abdi kang mituhu, iku ateges kowé dadi baturé wong kang kudu kokpituhu, embuh ing bab dosa kang nggèndèng kowé marang pati, embuh pamituhu kang nuntun kowé marang kang bener?
17 Nanging puji sokur marang Allah! Ing mauné kowé iku dadi baturé dosa, nanging saiki kanthi gumolonging atimu kowé wis padha mituhu marang piwulang kang katerusaké marang kowé.
18 Kowé wis padha kaluwaran saka ing dosa lan dadi abdining apa kang bener.
19 Bab iki dakpituturaké cara manungsa, awit kamanungsanmu kang ringkih. Sabab kayadéné kowé wis masrahaké gegelitaning badanmu dadi baturing jejember lan duraka tumuju marang kadurakan, mangkono uga kowé saiki kudu masrahaké gegelitaning badanmu dadi abdining kabeneran kang tumuju marang kasucèn.
20 Sabab nalika kowé padha dadi baturing dosa, kowé padha ora kawengku déning kabeneran.
21 Lan apa pikolèhmu saka iku mau kabèh kang njalari saiki kowé rumangsa isin? Wekasané iku kabèh, yaiku pati.
22 Nanging saiki bareng kowé wus padha kauwalaké saka ing dosa lan bareng kowé wis padha dadi abdining Allah, kowé padha ngundhuh woh kang nuntun kowé marang kasucèn sarta wekasané iku urip langgeng.
23 Awit pituwasé dosa iku pati, balik peparingé Allah iku urip langgeng ana ing Kristus Yésus, Gusti kita.