1 Yèn mangkono, miturut kita, apa kang wus katampa déning Abraham, leluhur kita cara kadagingan?
2 Sabab, menawa Abraham anggoné kabeneraké marga saka pandamelé, panjenengané bisa gumunggung, nanging ora ana ing ngarsané Allah.
3 Sabab apa kang kapratélakaké déning Kitab Suci?, surasané, "Abraham banjur kumandel marang Allah, lan iya bab iku kang ndadèkaké panjenengané kaétang bener déning Allah."
4 Tumrap wong kang nyambut-gawé iku, opahé ora kena kaanggep ganjaran, nanging pancèn haké.
5 Déné tumrap wong kang ora nyambut-gawé, nanging kumandel marang Panjenengané kang mbeneraké wong duraka, kumandelé iku kang kaétung bener.
6 Kayadéné Daud iya nyebut rahayu tumrap wong kang kabeneraké déning Allah ora adhedhasar panggawéné,
7 "Rahayu wong kang padha kaapura paneraké, lan kang dosa-dosané kaaling-alingan;
8 rahayu wong kang kaluputané ora kaétang déning Allah."
9 Pangandika bab rahayu iku apa kalakoné mung kanggo wong kang tetak baé, apa iya kanggo kang padha ora tetak uga? Aku rak wis kandha, menawa tumrap Abraham iku pracayané kaétang dadi apa kang bener.
10 Déné anggoné kaétang mangkono iku genahé kepriyé? Sadurungé apa sawisé tetak? Ora sawisé tetak, nanging sadurungé.
11 Pratandha tetak iku ditampani minangka cap tumrap apa kang bener adhedhasar pracayané ing sadurungé tetak. Iya kang mangkono iku anggoné panjenengané banjur bisa dadi bapa tumrap para wong pracaya kang ora tetak, supaya wong-wong iku mau kabeneraké,
12 lan uga dadi bapa tumrap para wong kang tetak, yaiku para wong kang ora mung padha tetak baé, nanging uga padha napak tilas pracayané Abraham, leluhur kita, nalikané durung tetak.
13 Sabab janji kang kaparingaké marang Abraham satedhak-turuné, menawa bakal marisi jagat, iku ora lantaran angger-anggering Torèt, nanging adhedhasar apa kang bener lantaran pracaya.
14 Awit menawa wong-wong kang pangarep-arepé adhedhasar angger-anggering Torèt padha mèlu tampa panduman kang kaprasetyakaké Allah, pracaya iku banjur dadi muspra lan prasetyané dadi batal.
15 Amarga angger-anggering Torèt iku nekakaké bebendu, nanging menawa ora ana angger-anggering Torèt, iya ora ana panerak.
16 Mulané, prasetya iku adhedhasar pracaya supaya ngetrepi sih-rahmat, satemah prasetya iku iya kanggo tedhak-turuné Abraham kabèh, ora mung kang urip miturut angger-anggering Torèt baé, nanging uga kang padha urip miturut pracayané Abraham. Sabab Abraham iku bapa-leluhur kita kabèh, --
17 iya kaya kang katulisan, surasané, "Sira iku wis suntetepaké dadi bapa tumrap sakèhé bangsa," ana ing ngarsané Allah kang dipracaya, yaiku Allah kang nguripaké wong mati sarta kang srana sabdané nitahaké apa kang ora ana dadi ana.
18 Sabab sanadyan ora ana dhasaring pangarep-arep, éwasamono Abraham tetep kagungan pangarep-arep lan pracaya yèn panjenengané bakal dadi bapa tumrap sakèhé bangsa, miturut apa kang wus kapangandikakaké, "Cacahing turunira bakal dadi samono akèhé."
19 Lan pracayané ora dadi kendho, sanadyan rumangsa yèn sarirané wus lungsé, awit yuswané wis watara satus taun, sarta Sara wus lungsé ing wanci.
20 Éwasamono panjenengané tetep ngugemi prasetyané Allah, tanpa mangu-mangu saka ora pracayané, nanging panjenengané kasantosakaké ing pracayané, sarta ngluhuraké Allah,
21 kanthi kebak pangandel menawa Allah mesthi kwaos mujudaké apa kang wus kaprasetyakaké.
22 Mulané bab iki kaétung dadi prakara kang mbeneraké.
23 Tetembungan iki, yaiku, "bab iki kaétung tumrap panjenengané", iku anggoné katulis ora mung mligi kanggo Abraham baé,
24 nanging iya katulis kanggo kita uga; sabab kita bakal kaétung kaya mangkono uga, awit kita padha pracaya ing Panjenengané kang wus ngwungokaké Yésus, Gusti kita, saka ing antarané wong mati.
25 Yaiku Yésus kang wis kaulungaké awit saka panerak kita, sarta kawungokaké supaya kita padha kabeneraké.