1 Wong kang ringkih pracayané iku tampanana, lan aja ngrembug panemuné.
2 Ana wong kang yakin, yèn kena mangan sawernaning pangan, nanging wong kang ringkih pracayané mung mangan jejanganan baé.
3 Sapa kang mangan, aja ngrèmèhaké kang ora mangan, sarta sapa kang ora mangan aja ngadili wong kang mangan, awit Allah wus kepareng nampa wong mau.
4 Kowé iku sapa ta, déné kok ngadili baturing liyan? Wong iku ngadeg apa tiba, iku rak urusané bendarané dhéwé. Nanging wong iku bakal tetep ngadeg, marga Pangéran kwaos njaga wong mau supaya terus ngadeg.
5 Ana wong kang nganggep yèn ana dina kang luwih wigati katimbang dina-dina liyané, nanging ana manèh kang ngarani menawa kabèh dina iku padha baé. Saben wong iku yakina kanthi temenan ana ing sajroné atiné dhéwé.
6 Sapa kang nggondèli salah siwijining dina, anggoné tumindak mangkono mau kagem ngurmati Gusti. Déné wong kang mangan, nindakaké kang mangkono iku kagem Gusti, awit wong iku ngaturaké panuwun marang Allah. Lan sapa kang ora mangan, wong mau nindakaké iku kagem Gusti, lan uga ngaturaké panuwun marang Allah.
7 Sabab ora ana siji baé ing antara kita kang uripé kanggo awaké dhéwé, lan ora ana siji baé ing antara kita kang patiné kanggo awaké dhéwé.
8 Marga menawa kita urip, urip kita iku kagem Gusti, lan menawa kita mati, mati kita iku iya kagem Gusti. Dadiné, urip utawa mati, kita iki padha dadi kagungané Gusti.
9 Sabab, iya minangka iku Kristus wus séda lan wungu manèh, supaya Panjenengané jumeneng Gusti tumrap wong-wong mati apadéné kang isih urip.
10 Nanging mungguhing kowé, yagéné kowé kok ngadili sadulurmu tunggal pracaya? Utawa yagéné kowé kok ngrèmèhaké sadulurmu iku? Awit kita kabèh kudu ngadhep dhamparing pangadilané Allah.
11 Awit ana tulisan, surasané, "Demi gesangingsun," mangkono pangandikaning Pangéran, "kabèh dhengkul bakal padha sujud ana ing ngarsaningsun, sarta sakèhé ilat bakal ngluhuraké Allah."
12 Dadiné saben wong ing antara kita bakal ngaturaké panjawab kita dhéwé-dhéwé marang Allah.
13 Mulané kita aja padha adil-ingadilan manèh! Nanging luwih becik kowé nganut panemu iki: Kita aja nganti dadi jalarané sadulur tunggal pracaya kita tiba utawa kesandhung!
14 Aku mangerti lan yakin ana ing Gusti Yesus, yèn ora ana barang kang najis saka kaanané dhéwé; mung kanggo wong kang nganggep sawijining barang iku najis, tumrapé wong mau barang iku dadi najis.
15 Sabab yèn kowé nglarakaké atiné sadulurmu tunggal pracaya marga saka apa kang kokpangan, dadiné kowé ora urip awewaton katresnan manèh. Kowé aja gawé rusaké sadulurmu marga saka panganmu, sabab Kristus wus séda kanggo wong iku.
16 Kanthi mangkono, kowé aja nganti gelem dipitenah bab apa kang becik tumrapmu.
17 Sabab Kratoné Allah iku dudu bab pangan lan ombén-ombèn, nanging bab kayektèn, tentrem-rahayu sarta suka-pirena marga déning Roh Suci.
18 Awit sapa baé kang ngladosi Kristus kanthi patrap mangkono, iku dadi keparengé Allah sarta kaajènan ing wong.
19 Mulané payo kita padha nggayuh marang apa kang ndadèkaké rukun sarta bangun-binangun.
20 Kowé aja mbubrah pakaryané Allah marga déning pangan! Samubarang kabèh iku suci, nanging wong dadi luput, yèn pangané njalari wong liya kesandhung.
21 Beciké kowé aja mangan daging sarta aja ngombé anggur, utawa nindakaké apa baé kang dadi sandhungan tumrap sadulurmu tunggal pracaya.
22 Antepana kang dadi keyakinanmu iku tumrap awakmu dhéwé ana ing ngarsané Allah. Rahayu wong kang ora ngukum awaké dhéwé tumrap apa kang dianggep becik katindakaké.
23 Nanging sing sapa mangan kanthi mangu-mangu, iku ateges wis kaukum, awit anggoné nindakaké iku ora kadhasaran pracaya. Mangka samubarang kang ora kadhasaran pracaya iku dosa.