1 Kang iku para Sadulur, marga saka sih-kamirahané Allah, aku pitutur marang kowé, padha nyaosna badanmu minangka kurban kang urip, kang suci lan kang dadi keparengé Allah: Iya kang mangkono iku pangibadahmu kang sejati.
2 Kowé aja madha rupa kaya donya iki, nanging padha salina marga saka budimu kaanyaraké, satemah kowé bisa mbédakaké endi kang dadi karsané Allah: Apa kang becik, kang dadi keparengé lan kang sampurna.
3 Adhedhasar sih-rahmat kang kaparingaké marang aku, aku pitutur marang saben wong ing antaramu: Aja padha mikiraké prakara-prakara kang luwih dhuwur katimbang kang patut kok pikiraké, nanging anggonmu mikir kudu kanthi duga-prayoga, satemah kowé padha bisa ngwasani badanmu miturut ukuraning pangandel, kang kaparingaké déning Allah marang kowé dhéwé-dhéwé.
4 Sabab padha kaya badan siji, kita nduwèni gegelitan kang akèh, nanging ora kabèh gegelitan iku duwè ayahan kang padha,
5 mangkono uga kita iki, sanadyan akèh, padha dadi badan siji ana ing Kristus; ananging siji-sijiné kita padha dadi gegelitan tumrap liyané.
6 Iya mangkono iku, kita iki padha duwé ganjaran kang béda-béda, miturut peparing kang kaparingaké marang kita: Menawa ganjaran iku kanggo meca, tindakna miturut pangandel kita.
7 Menawa ganjaran kanggo leladi, iya padha leladia; menawa ganjaran kanggo memulang, iya padha memulanga;
8 menawa ganjaran kanggo awèh pitutur, iya padha awèha pitutur. Sing sapa ngedum-edum, tindakna kanthi éklasing ati; sapa kang mimpin, tindakna kanthi taberi; sapa kang nélakaké kawelasan, tindakna kanthi bungah.
9 Tresna iku aja lamis! Padha sengita marang piala sarta nglakonana panggawé becik.
10 Kowé padha tresna-tinresnanana dikaya sadulur, lan padha dhisik-dhisikan anggonmu urmat-ingurmatan.
11 Kasregepanmu aja nganti kendho, rohmu ngalad-alada, lan padha leladia marang Pangéran.
12 Padha bungaha sajroning pangarep-arep, disabar sajroning kasusahan, dimantep anggonmu ndedonga!
13 Padha mèlua nanggung kekurangané para suci lan padha awèh panginepan!
14 Berkahana sapa kang nganiaya kowé, berkahana lan aja koksupatani.
15 Mèlua bungah karo wong kang bungah, lan nangisa karo wong kang nangis.
16 Padha ditunggal ati ing sajroning uripmu bebarengan; aja mikiraké prakara kang dhuwur-dhuwur, nanging enerna uripmu kanggo prakara-prakara kang prasaja. Aja kuminter!
17 Aja males ala marang wong kang gawé piala; padha nindakna apa kang becik tumrap wong kabèh.
18 Sabisa-bisa, yèn pancèn gumantung marang kowé, uripa kanthi rukun karo wong kabèh.
19 Para Sadulurku kang kinasih, kowé dhéwé aja nganti padha nandukaké piwales, nanging prakara iku pasrahna marang bebenduné Allah, sabab ana tulisan, mangkéné, "Pamales iku wewenangingsun. Ingsun kang bakal malesaké," mangkono pangandikaning Pangéran.
20 Nanging, "Menawa mungsuhmu kaluwèn, wènèhana mangan; yèn ngelak, wènèhana ngombé. Sabab kanthi patrap mangkono iku, kowé gawé wirangé, prasasat numpuk mawa ing sirahé."
21 Kowé aja nganti dikalahaké déning piala, nanging piala iku kalahna sarana kabecikan.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Roma 12
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Roma 12

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke